Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yakobus 4 >> 

Hawa-nepsu sarta watak kadonyan

1Saka ing ngendi tekane kekerengan sarta cecongkrahan ing antaramu iku? Apa ora saka hawa-nepsu kang tansah paprangan ana ing sajroning badanmu?

2Kowe padha melik marang sawijining barang, nanging ora kalakon, kowe banjur memateni; kowe meri, mangka ora bisa katurutan, kowe banjur padha padu sarta kerengan. Kowe ora oleh apa-apa, amarga padha ora ndedonga.

3Utawa kowe uga ndedonga, nanging kowe ora oleh apa-apa, amarga anggonmu ndedonga iku kleru, jalaran apa kang koksuwun iku bakal kokentekake kanggo ngumbar hawa-nepsumu.

4He wong kang padha ora setya, apa kowe padha ora sumurup, manawa memitran karo donya iku dadi sesatron karo Gusti Allah? Kang iku sing sapa dadi mitrane donya, iku ndadekake awake dhewe dadi satrune Gusti Allah.

5Aja duwe pangira, manawa Kitab Suci iku tanpa sabab anggone ngandika: “Roh kang wis kadunungake Gusti Allah ana ing kita, dikarsakake kanthi butajengan.”

6Nanging sih-rahmat kang diparingake marang kita iku ngluwihi iku. Marga saka iku Panjenengane ngandika: “Gusti Allah nglawan wong kang kumalungkung, nanging maringi sih-rahmat marang wong kang andhap-asor.”

7Marga saka iku padha nungkula marang Allah. Iblis tanggulangen, temahan bakal lumayu nglungani kowe!

8Padha nyedhakana marang Gusti Allah; Gusti Allah bakal nyelaki kowe. Tanganmu padha resikana, he wong dosa, sarta atimu padha eningna, he wong kang duwe ati rangkep.

9Padha rumangsaa kesrakat, padha prihatina sarta nangisa; guyumu salinana tangis, sarta kabungahanmu salinana prihatin.

10Esorna badanmu ana ing ngarsane Pangeran, sarta Panjenengane bakal ngluhurake kowe.

Aja mitenah wong

11He para sadulurku, aja padha catur-cinatur ala! Sing sapa nyatur ala utawa ngadili sadulure, iku nacad sarta ngadili angger-angger, sarta manawa kowe ngadili angger-angger, dadine kowe dudu kang nglakoni angger-angger, nanging dadi hakime.

12Mung siji kang nganakake angger-angger sarta kang jumeneng Hakim, yaiku Panjenengane kang kuwaos nylametake sarta numpes. Nanging kowe iku sapa, dene kok ngadili pepadhamu?

Sajrone ngrancang aja lali marang Gusti Allah

13Dadi saikine, heh kowe kang padha duwe ujar mangkene: “Ing dina iki utawa sesuk aku arep mangkat menyang kutha anu, sarta arep lereb ana ing kono setaun lawase, arep laku dagang sarta golek bathi”,

14mangka kowe padha ora sumurup apa kang bakal kalakon ing dina sesuk. Apa ta tegese uripmu iku? Uripmu iku padha karo uwab, katon mung sadhela banjur sirna.

15Sabenere kowe kudu ngucap mangkene: “Manawa Pangeran marengake, aku bakal kasambungan umur sarta bakal nglakoni mangkene utawa mangkono.”

16Nanging saikine sing kokegungake iku umukmu. Sarupane gumunggung kang kaya mangkono iku luput.

17Dadi sing sapa mangreti ing bab panggawe becik, mangka ora nglakoni, iku dadi lan dosane.



Download Audio MP3 (Yakobus 4):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Yakobus 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel