Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 11 >> 

Para panggedhening Israel padha kaukum

1Aku nuli kajunjung dening Sang Roh kabekta menyang ing lawanging gapurane Wetan padalemaning Yehuwah, yaiku lawang kang marep mangetan. Lah ing gapura kono ana wong salawe lan ana ing satengahe wong-wong iku aku ndeleng Yaazanya bin Azur lan Pelaca bin Benaya, iku kabeh padha dadi panggedhening bangsa.

2Aku banjur dipangandikani mangkene: “He, anaking manungsa, yaiku wong-wong kang ngrancang-ngrancang kadurjanan lan nyenyebar pitutur ala ana ing kutha kene,

3kang padha celathu: Wektune mbangun omah isih tangeh, kutha iki kendhile, dene kita padha dadi daginge.

4Mulane sira medhara wangsit, nglawan wong-wong iku, medhara wangsit, he anaking manungsa!”

5Aku tumuli kalimputan ing Rohe Pangeran Yehuwah lan Pangeran Yehuwah ngandika marang aku mangkene: “Pratelakna: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sira padha celathu mangkene, he turune Israel, lan Ingsun mirsa apa kang tuwuh ana ing sajroning atinira.

6Wong kang padha sira pateni iku cacahe saya akeh lan dalan-dalan padha sira kebaki mayite.

7Awit saka iku mangkene pangandikane Pangeran Allah: Wong kang padha sira pateni iku daginge, dene kutha iki kendhile, nanging sira bakal Sungiring metu saka ing kono.

8Sira padha wedi marang pedhang, nanging Ingsun bakal ndhatengake pedhang nempuh sira. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

9Ingsun bakal nggiring sira metu saka ing kono, Sunpasrahake marang wong manca sarta sira bakal padha Sundhawahi paukuman.

10Sira bakal padha ambruk dening pedhang, lan ana ing tanah Israel anggoningSun ngukum sira, sarta sira bakal sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.

11Kutha iki ora bakal dadi kendhil tumrap sira utawa kaya-kaya sira dadi daging ana ing kono. Ana ing tanah Israel anggoningSun bakal ngukum sira.

12Lan sira bakal padha sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah; amarga kalakuanira iku ora cocog kalawan pranatan-pranataningSun sarta sira ora nglakoni dhawuhingSun, malah sira nindakake padataningSun bangsa-bangsa ing sakubengira.”

13Nalika aku lagi medhar wangsit iku, Pelaca bin Benaya mati. Aku banjur sujud lan munjuk kalawan swara sora mangkene: “Dhuh Pangeran Yehuwah, punapa Paduka badhe numpes kekantunipun Israel?”

Janji bab pambanguning Israel

14Sawuse mangkono ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene:

15“He, anaking manungsa, para kang manggon ing Yerusalem padha kandha bab sakehing sadulurira, sanak kadangira, lan sakehing turune Israel kabeh, mangkene: Wong-wong iku wus padha adoh karo Pangeran Yehuwah, tanah iki wus kaparingake marang aku dadi duwekku.

16Mulane sira pratelakna: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sanadyan wong-wong iku wus Sunbekta adoh menyang ing satengahe bangsa-bangsa lan Sunsebar-sebar ana ing kutha-kuthane, sarta Ingsun mung dadi pasucen kang sepele tumrap wong-wong iku ana ing nagara-nagara kono,

17ewasamono sira celathua: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sira bakal padha Suntimbali nglumpuk saka ing panggonane para bangsa, sarta Sunkumpulake saka ing nagara-nagara, papan panggonanira kasebar, tuwin sira bakal Sunparingi tanah Israel.

18Dene sawuse padha ana ing kana, bakal padha nyingkirake sakehing dewane kang nistha lan sakehing panggawene kang asor kang ana ing kana.

19Bakal padha Sunparingi ati kang seje lan roh kang anyar ana ing batine; atine kang kaya watu bakal Sunbengkas lan bakal Sunparingi ati daging,

20supaya lakune manut ing sakehing pranatan-pranataningSun lan tatananingSun kalawan setya; ing kono banjur padha dadi umatingSun lan Ingsun dadi Allahe.

21Anadene wong-wong kang atine kelet marang para dewane kang nistha lan panggawene kang ora pantes, iku kalakuane bakal Suntampekake marang sirahe dhewe. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”

22Kerub-kerub mau nuli padha ngegarake swiwine lan rodhane iya padha melu obah, kalawan kaparingan kamulyane Gusti Allahe Israel,

23dene kamulyane Pangeran Yehuwah mumbul saka ing satengahe kutha lan ngalih menyang ing sadhuwure gunung kang ana ing sawetaning kutha.

24Aku nuli kajunjung dening Sang Roh lan ing sajrone wahyu kang saka ing Rohing Allah aku kabekta menyang ing nagara Kasdim, ing panggonane para boyongan. Sawuse mangkono wahyu kang dakdeleng iku banjur ilang,

25sarta aku tumuli martakake marang para wong buwangan samubarang kabeh kang wus katedahake dening Pangeran Yehuwah marang aku.



 <<  Yehezkiel 11 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel