Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 15 >> 

Yerusalem, wit anggur kang tanpa guna

1Banjur ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene:

2“He, anaking manungsa, apa kaluwihane kayu anggur yen katimbang karo sakehing kayu kang tuwuh ana ing satengahing wit-witan alas?

3Apa wong njupuk kayune kanggo gawe barang dandanan utawa kanggo gawe canthelan kanggo nyanthelake sawernane piranti?

4Ora, sanyatane kayu iku nuli diuncalake ing geni, bongkot pucuke entek kobong lan kang tengah lagi mengangah, apa iku isih migunani kanggo gegawean?

5Lah isih wutuh bae ora kanggo apa-apa, saya maneh bareng wis kamangsa ing geni lan kobong; apa isih kena kanggo apa-apa?

6Mulane mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Kayadene kayu anggur ana ing antarane wit-witan ing alas, kang Sununcalake ing geni supaya kobong, samono uga Yerusalem iya bakal Sunpatrapi mangkono.

7Ingsun piyambak kang bakal nglawan. Sanadyan padha bisa oncat saka ing geni, ewasamono bakal kamangsa ing geni. Sira banjur bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, yaiku nalika Ingsun lagi nglawan,

8sarta nagara iku bakal Sundadekake sepi mamring, marga padha ora setya. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”



 <<  Yehezkiel 15 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel