Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 23 >> 

Ohola lan Oholiba, sadulur kakang adhi

1Tumuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

2“He, anaking manungsa, ana wong wadon loro, kang tunggal biyung.

3Karone padha dadi wanita tuna-susila ana ing tanah Mesir; anggone tumindak mangkono nalika isih enom; ana ing kana payudarane kaemek-emek lan dhadhane kang isih prawan kaucel-ucel.

4Kang tuwa jenenge Ohola dene kang enom Oholiba. Loro-lorone iku kagunganingSun lan padha nglairake anak lanang lan wadon. Mungguh jeneng-jeneng mau, Ohola iku yaiku Samaria, dene Oholiba iku Yerusalem.

5Kacarita Ohola iku laku sedheng, mangka dadi kagunganingSun. Banget anggone kedanan marang para dhemenane, para wong Asyur, para pahlawan perang,

6kang manganggo jarit wungu tuwa, para bupati lan para kang nyekel pangwasa, kabeh wong enom kang nggantheng, para prajurit jejaranan.

7Ohola laku jina karo wong-wong mau, kabeh iku padha wong Asyur pepilihan; dheweke najisake awake karo kabeh wong kang padha dikedani, lan karo para brahalane.

8Anggone laku jina wiwit saka ing tanah Mesir iku ora diuwis-uwisi, amarga wiwit enome wus tumindak mangkono, kaelus-elus dhadhane kang isih prawan, lan banjur padha ngesokake derenging napsune marang dheweke.

9Mulane banjur Sunulungake ing tangane para kang didhemeni, ing tangane wong Asyur, kang dikedani.

10Iku padha ngungkabi kawirangane; anake lanang lan wadon padha dicekel, dene dheweke dhewe banjur dipateni kalawan pedhang. Marga saka iku jenenge tansah dadi pocapan ana ing antarane golongan wanita, awit wus kapatrapan paukuman.

11Sanadyan Oholiba, adhine, nyumurupi bab iku, ewasamono derenging asmarane lan anggone laku nistha ngluwihi mbakyune.

12Kasmaran marang wong Asyur, marang para bupati lan para kang padha nyekel pangwasa, marang para pahlawan perang kang panganggone endah ngleluwihi, marang prajurit jejaranan, kang isih enom kabeh lan nggantheng-nggantheng.

13Ingsun nguningani anggone najisake awake; loro-lorone kalakuane padha.

14Malah anggone nglakoni kanisthan diwuwuh-wuwuhi: dheweke weruh gambar-gambar wong lanang ukiran ana ing tembok, gambare para wong Kasdim, kang kaukir mawa warna abang,

15bangkekane sinabukan, nganggo serban mawa kloncer, kabeh katon prawira-prawira kayadene wong Babil saka ing Kasdim, tanah kalairane!

16Sawuse ndeleng iku mau, banjur kasmaran marang wong-wong mau, nuli kongkonan marani menyang ing tanah Kasdim.

17Banjur ana wong Babil kang padha teka lan sapaturon sarta najisake Oholiba kalawan kanisthane; bareng wus dadi najis nuli sumingkir saka ing wong-wong mau.

18Sarehne anggone nglakoni kanisthan iku blak-blakan lan ngungkabi kawirangane, mulane Sundohi marga saka anggoningSun eneg, kayadene anggoningSun ngedohi sadulure wadon.

19Anggone nglakoni kanisthan wuwuh-wuwuh maneh kalawan kelingan marang dhek enome, nalika tumindak nistha ana ing tanah Mesir.

20Mitra-mitrane kang diajak laku nistha iku dikedani, kang kawirangane kaya kawirangane kuldi lan dakare kaya dakar jaran.

21Sira kepengin marang pokalira kang rusuh nalika enomira, nalika wong Mesir padha nguyel-uyel dhadhanira lan ngemek-emek payudaranira kang isih prawan.

22Mulane, heh Oholiba, mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah, sira iku pancen wus ngedohi para bedhanganira, nanging lah iku bakal padha Sundhawuhi tumandang nglawan marang sira, iku bakal padha Sunirid lumawan saka ing sakiwa-tengenira:

23Wong Babil lan kabeh wong Kasdim, wong Pekod, wong Soa lan wong Koa, lan sakehing wong Asyur padha bebarengan, para nom-noman kang bagus, para bupati lan para pahlawan perang, sakehing bala jaranan.

24Iku bakal padha teka nglawan sira kanthi kreta lan rodha akeh sarta kalawan bangsa-bangsa sagrombolan; padha nata tameng gedhe lan cilik lan tuwin topong ana ing saubengira, apa maneh bakal padha Sunpasrahi prakara iki sarta sira bakal diadili manut angger-anggere.

25Bentering panggalihingSun bakal Suntempuhake marang sira, temah wong-wong iku padha nanduki sira kalawan kanepsone, irung lan kupingira bakal diperungi, sarta kekarenira bakal mati dening pedhang. Anak-anakira lanang wadon bakal padha dicekeli, dene kekarene bakal kamangsa ing geni.

26Sira bakal diblejedi lan pepasrenira karampas.

27Ingsun bakal marekake pokalira kang jember lan tindakira kang nistha wiwit saka ing tanah Mesir, satemah sira ora bakal klirak-klirik marang wong-wong iku maneh sarta ora bakal ngeling-eling maneh marang wong Mesir.

28Amarga mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun bakal ngulungake sira marang ing tangane wong kang sira sengiti, sanadyan sira wus ngedohi wong-wong mau.

29Iku bakal gething marang sira, kabeh oleh-olehaning rekasanira bakal karampas lan sira katinggal wuda mblejed, temah kawiranganira katon. Tindakira kang jember lan pokalira kang nistha

30kang nekakake iku kabeh marang sira, awit sira tumindak nistha kalawan ngendelake para bangsa sarta najisake awakira kalawan para brahalane.

31Uripira iku niru kalakuane sadulurira tuwa, mulane sira bakal Sunombeni saka ing tuwunge.

32Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sira kudu ngombe saka ing tuwunge, tuwung kang jero lan kang amba cangkeme, yaiku tuwung kang akeh isine, sira bakal dadi guyon lan kaiwi-iwi.

33Sira bakal kebak endem lan kasusahan. Tuwunging pagiris kinanthen swasana sepi iku tuwunge Samaria sadulurira.

34Iku sira ombe saampase, nganti tekan remukane sira krikiti sarta sira ngruwes-ngruwes payudaranira. Sabab Ingsun kang mangandikakake iku; mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

35Awit saka iku mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sarehne sira lali marang Ingsun lan nyingkur marang Ingsun, saiki sira dhewe kang nanggung pokalira kang jember lan tindakira kang nistha.”

36Sang Yehuwah banjur ngandika marang aku: “He, anaking manungsa, apa sira gelem ngadili Ohola lan Oholiba, tuwin martani bab tumindake kang nistha?

37Awit wong iku padha laku bedhang, tangane kuthah getih, padha laku bedhang kanthi patrap nyembah marang para brahalane minangka pangane.

38Kajaba saka iku padha duwe pokal mangkene marang Ingsun; padha najisake pasuceningSun ing dina iku, sarta padha nerak kasucening dina-dina SabatingSun.

39Sabanjure nalika padha nyembeleh anak-anake kanggo para brahalane iku, ing dina iku iya nekani pasuceningSun lan nerak kasucene. Sanyata iki kang ditindakake ana ing padalemaningSun.

40Wuwuh maneh padha nyeluk wong-wong saka ing panggonan kang adoh kalawan nglakokake kongkonan ngundang wong-wong mau, sarta iku, iya banjur padha teka. Marga saka tekane mau sira nuli adus nganti resik, alisira sira pulas lan sira banjur nganggo pepasren.

41Sira lungguh ing paturon kang sarwa endah, kang ing ngarepe ana mejane kang wus tinatanan dhedhaharan; paturon iki sira dokoki dupa lan lenga kagunganingSun.

42Tumuli keprungu swarane wong kang padha rame-rame, padha seneng-seneng karo dheweke lan karo para wong panunggalane wong akeh, kawuwuhan para wong mendem saka ing ara-ara samun. Iku padha ngetrapi gelang ing tangane lan makuthaning kamulyan ing sirahe.

43Ingsun banjur ngunandika: Apa kembang kang wus alum iki isih laku jina? Wong padha bebedhangan karo dheweke, iya karo dheweke.

44Wong-wong mau anggone mara kaya patrape wong nekani wanita tunasusila. Kaya mangkono anggone padha nekani Ohola lan Oholiba prelu nindakake kanisthan.

45Nanging para wong bener lan saleh bakal ngakimi wong-wong mau kayadene wong kang ngakimi para wong kang laku jina lan kang ngwutahake getih, amarga wong-wong iku padha laku jina lan tangane kuthah getih.”

46Awit pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: “Cikben ana wong sagolongan kang nglawan marang wong-wong mau, cikben padha disiya-siya lan dijarah-rayah.

47Bakal padha dibenturi watu dening wong sagolongan mau tuwin dipateni kalawan pedhange, lan omahe padha diobong nganti entek.

48Ingsun bakal nguwisi tindak nistha ing tanah kono sarta para wong wadon bakal migatekake pepenget iku lan ora bakal nindakake kanisthan maneh kaya kang padha sira lakoni.

49Lakunira kang nistha iku bakal katampekake marang sira tuwin sira kudu padha nanggung dosa-dosanira, amarga sira padha nyembah para brahala. Ing kono sira bakal sumurup, yen Ingsun iki Pangeran Yehuwah.”



 <<  Yehezkiel 23 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel