Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 36 >> 

Israel kabangun

1“He, sira, anaking manungsa, sira medhara wangsit bab gunung-gununge Israel lan tutura: He gunung-gununge Israel, rungokna pangandikane Sang Yehuwah!

2Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sarehne mungsuh iku celathu ing bab sira kabeh: Lah tengger-tengger wiwit biyen wus dadi darbekku kabeh.

3Mulane sira medhara wangsit lan tutura: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing sarehne, lan iya pancen nyata mangkono, ing sarehne mungsuh ing sakubengira ndadekake sira kabeh sepi mamring lan ngarah supaya sira kabeh padha dadi darbeke kekarene para bangsa, tuwin ing sarehne sira tansah padha dicatur dening wong lan akeh panacade wong marang sira,

4marga saka iku, he, gunung-gununge Israel, rungokna pangandikane Pangeran Yehuwah marang gunung-gunung lan tengger-tengger, marang dhasar-dhasaring kali lan lembah-lembah, marang reruntuhan kang sepi mamring lan marang kutha kang wus disuwungake, kang wus dadi rayahan lan cacadan tumrap kekarening para bangsa ing sakubenge,

5marga saka iku mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun mesthi bakal ngandika ing sajroning bentering panggalihingSun kang banget nglawan kekarening para bangsa lan nglawan saindenging Edom, kang nemtokake tanahingSun dadi duweke kalawan rasa bungah kang banget lan rasa ngremehake kang pandhes, satemah tanahingSun iku banjur dadi ebeke lan kena karayah nganti entek.

6Mulane sira nglairna pameca bab tanah Israel lan celathua marang gunung-gunung lan tengger-tengger, marang dhasar-dhasaring kali lan lembah-lembah: Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: Lah Ingsun ngandika ing sajroning duka lan bentering panggalihingSun, amarga sira wus nandhang kawirangan kang tuwuh saka ing bangsa-bangsa.

7Awit saka iku mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun supaos, manawa para bangsa ing sakubengira dhewe iku mesthi bakal nandhang kawirangane.

8Anadene sira, gunung-gununge Israel, bakal metu trubusira maneh lan bakal metokake woh kanggo umatingSun Israel, marga bakal enggal padha bali.

9PanggalihingSun bakal pulih becik maneh lan Ingsun bakal nggalih marang sira kabeh lan sira bakal padha kagarap lan kesebaran.

10Sira bakal Suniseni manungsa akeh, yaiku sagolongane turune Israel kabeh; kutha-kutha bakal dienggoni maneh sarta reruntuhan bakal kabangun maneh.

11Sira bakal Suniseni manungsa lan kewan akeh, iku bakal padha wuwuh akeh lan padha bebranahan sarta Ingsun bakal ndadekake sira padha dienggoni maneh kaya ing sakawit tuwin bakal nandukake kebecikan marang sira ngluwihi kang uwis-uwis, temah sira bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.

12Ingsun bakal damel manungsa padha teka lunga ana ing sira, yaiku umatingSun Israel; iku bakal padha ngenggoni sira lan sira bakal dadi tanah-pusakane tuwin sira ora bakal nyirnakake wong-wong iku maneh.

13Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing sarehne wong anggone ngrasani sira: Sira iku memangsa manungsa lan nyirnakake bangsanira --

14mulane sira ora bakal mangsa manungsa maneh lan ora bakal nyirnakake bangsanira maneh. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

15Ingsun bakal damel, supaya wong ora ngrembug bab kawirangan kang tuwuh saka ing bangsa-bangsa tumrap sira sarta sira ora bakal ngrasakake panacading bangsa-bangsa maneh apadene sira ora bakal nyirnakake bangsanira maneh. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”

16Sawuse mangkono nuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

17“He, anaking manungsa, nalika turune Israel padha manggon ana ing tanahe, padha najisake tanah iku kalawan solah tingkahe; kalakuane ana ing ngarsaningSun kayadene najise wong wadon kang lagi nggarap sari.

18Mulane Ingsun banjur ngesokake dedukaningSun marga saka getih kang diwutahake ana ing tanah kono lan marga saka anggone najisake tanah iku kalawan brahala-brahalane.

19Banjur padha Sunbuyarake ana ing antarane para bangsa, satemah padha sumebar ana ing sakehing nagara. Padha Sunadili kang laras karo panggawene.

20Ana ing ngendi bae ana ing satengahe bangsa-bangsa iku, padha najisake asmaningSun kang suci, marga padha dikandhakake: Jarene padha dadi umate Sang Yehuwah, lah kok padha diwetokake saka ing tanah kagungane!

21Ingsun rumaos gerah ing panggalih, dene asmaningSun kang suci dinajisake dening turuning Israel ana ing satengahe para bangsa, kang padha ditekani.

22Mulane turune Israel iku padha sira kandhanana: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ora marga saka sira anggoningSun tumindak iku, he, turuning Israel, nanging marga saka asmaningSun kang suci kang sira najisake ana ing satengahe para bangsa kang padha sira tekani.

23Ingsun bakal nucekake asmaningSun kang luhur kang wus sira najisake ana ing satengahe para bangsa, kang sira najisake ana ing satengahe wong-wong iku. Satemah para bangsa bakal sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- yaiku samangsa Ingsun ngatingalake kasuceningSun marang sira ana ing sangarepe para bangsa.

24Ingsun bakal methuk sira kabeh saka ing antarane para bangsa lan nglempakake sira saka ing sakehing nagara; sira bakal padha Sunirid bali menyang ing tanahira.

25Sira bakal padha Sunesoki banyu bening, kang bakal ngresikake sira; Ingsun bakal ngresiki sakabehing kanajisanira lan sakehing brahalanira.

26Ingsun bakal maringi ati kang anyar marang sira lan roh kang anyar ana ing sajroning batinira sarta Ingsun bakal ngedohake saka ing sira atinira kang wangkot tuwin sira Sunparingi ati kang mbangun miturut.

27RohingSun bakal Sunparingake supaya dumunung ana ing batinira sarta Ingsun bakal ndadekake sira padha urip manut sakehing katetepaningSun lan tansah nggondeli tuwin nindakake pranatan-pranataningSun.

28Sabanjure sira bakal padha manggon ana ing nagara kang wus Sunparingake marang leluhurira sarta sira bakal dadi umatingSun lan Ingsun bakal dadi Allahira.

29Ingsun bakal ngluwari sira saka ing sakehing dosaning kanajisanira sarta Ingsun bakal nukulake gandum tuwin kang banjur Sundadosake akeh apadene Ingsun ora bakal ndhatengake pailan maneh marang sira.

30Ingsun uga ngakehake wohing wit-witanira lan pametuning pategalanira, supaya aja nganti nandhang kawirangan maneh ana ing satengahe bangsa-bangsa marga saka keluwen.

31Sabanjure sira bakal tansah padha kelingan marang kalakuanira kang ala tuwin tumindakira kang ora becik sarta sira bakal padha rumangsa enek ndeleng awakira dhewe marga saka sakehing kaluputanira lan panggawenira kang nistha.

32Ora marga sira anggoningSun nindakake iku -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- iku supaya sira mangreteni. Sira padha rumangsaa isin lan cikben sira kaisin-isin marga saka kalakuanira, he, turune Israel.

33Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing dina anggoningSun ngresiki sakehing kasalahanira, Ingsun bakal ndadekake kutha-kutha padha dienggoni maneh lan reruntuhan bakal kabangun maneh.

34Tanah kang wus suwe bera, bakal kagarap maneh, supaya aja tetep bera ana ing ngarepe sakehing wong kang liwat ing kono.

35Nanging kosokbaline wong-wong bakal kandha: Tanah kang wus lawas bera iki saiki dadi kaya patamanan Eden lan kutha-kutha kang wus rusak sepi mamring lan wus dadi reruntuhan, saiki kaenggonan lan dadi beteng,

36tuwin kekarene bangsa-bangsa kang ana ing sakubengira bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, kang mbangun maneh kang wus rusak lan nanemi maneh kang wus bera. Ingsun, Yehuwah, kang ngandika mangkono lan bakal tumindak mangkono.

37Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing bab iki Ingsun mundhut, supaya turune Israel padha nyuwun marang Ingsun, apa kang dikarepake kang supaya Suntindakake, yaiku ndadekake turune Israel dadi akeh nganti kaya samodra.

38Nganti kaya wedhus-wedhus kurban suci lan kayadene wedhus-wedhus ing Yerusalem ing dina-dina gedhe, iya kaya mangkono iku dadine kutha-kutha kang maune wus rusak, banjur kebak wong nganti kaya samodra. Marga saka mangkono wong-wong banjur padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.”



 <<  Yehezkiel 36 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel