Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 29 >> 

Layang kiriman marang para wong buwangan ing tanah Babil

1Iki ijoane layang kang dikirimake dening Nabi Yeremia saka ing Yerusalem marang para sepuh-sepuh kang padha kabuwang, marang para imam, para nabi lan sakehing wong kang kabuwang dening Sang Prabu Nebukadnezar saka ing Yerusalem menyang ing Babil.

2Iku kelakone sawise Sang Prabu Yekhonya dalah kang ibu Prameswari tedhak menyang ing sajabaning Yerusalem, kadherekake para abdi dalem kraton, para panggedhe Yehuda lan Yerusalem, apadene para tukang lan pandhe.

3Layang iki dikirimake lumantar Elasa bin Safan lan Gemarya bin Hilkia, kang diutus dening Sang Prabu Zedhekia, ratu ing Yehuda, menyang Babil, menyang ing ngarsane Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil. Surasane:

4“Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Allahe Israel, marang wong buwangan kabeh, kang diangkatake menyang ing pambuwangan saka Yerusalem menyang Babil.

5Sira padha ngadegna omah lan sira enggonana, sira gawea pakebonan, kang kena sira pangan pametune.

6Padha omah-omaha supaya duwea anak lanang lan wadon; anakira lanang padha rabekna, anakira wadon, omah-omahna, supaya padha duwe anak lanang lan wadon, supaya sira ana ing kana tangkar-tumangkara, lan aja nganti suda!

7Padha ngudia marang karaharjaning kutha, ing ngendi parane anggoningSun mbucal sira, sarta ndongakna kutha-kutha iku marang Sang Yehuwah, amarga tata-tentreming kutha iku uga dadi karaharjanira dhewe.

8Sanyata, mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Sira aja gelem diapusi dening para nabinira, kang ana ing tengahira, apadene dening para juru petungira, lan aja nggugu marang impen, kang diimpekake!

9Amarga para wong iku padha meca dora marang sira atas asmaningSun. Ingsun ora ngutus para wong iku. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

10Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Samangsa wus ganep pitung puluh taun tumrap Babil, Ingsun lagi nggalih marang sira. Ingsun bakal nuhoni prasetyaningSun marang sira, ngulihake sira marang panggonan kene.

11Awit Ingsun iki nguningani rancanganingSun tumrap sira, yaiku: rancangan tentrem rahayu lan dudu rancangan bilai, yaiku supaya sira kebak pangarep-arep kang becik tumrap ing besuke, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.

12Lan samangsa sira sesambat lan sowan kanthi panyuwun marang Ingsun, Ingsun iya bakal nyembadani panyuwunira iku.

13Samangsa sira ngupaya marang Ingsun, bakal ketemu lawan Ingsun; manawa sira nakokake marang Ingsun kalawan gumolonging atinira,

14Ingsun bakal marengake sira ketemu kalawan Ingsun, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, lan Ingsun bakal mulihake kaananira lan ngempalake sira saka ing antarane para bangsa lan saka sadhengaha panggonan anggoningSun mbuyarake sira, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah -- lan Ingsun bakal ngulihake sira menyang ing panggonan, saka nggoningSun mbucal sira.

15Pancen pangucapira: Sang Yehuwah wus ngangkat para nabi kanggo aku kabeh ana ing Babil.

16Lah mangkene pangandikane Sang Yehuwah bab ratu kang lenggah ing dhampare Sang Prabu Dawud lan sakehing rakyat kang manggon ana ing kutha iki, yaiku para sadulurmu kang ora katut digawa metu menyang pambuwangan.

17Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi: Lah Ingsun bakal ngintunake pedhang, pailan lan pageblug ana ing tengahe lan Ingsun bakal ndadekake wong iku kaya woh anjir kang bosok, kang marga saka eleke nganti ora kena dipangan.

18Ingsun bakal mbujeng wong-wong iku kalawan pedhang, pailan lan pageblug lan Sundadekake pagiris tumrap sakehing karajan ing bumi, dadi dununging ipat-ipat lan marganing miris, poyokan lan cecampahan ana ing antarane para bangsa kang dadi paraning anggoningSun mbuyarake wong-wong iku,

19minangka paukuman tumrap anggone padha ora ngrungokake marang dhawuhingSun, -- mangkono pangandikane sang Yehuwah --, kang wus Sunparingake marang para wong iku tanpa kendhat lumantar para abdiningSun, yaiku para nabi, nanging sira ora padha ngrungokake, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.

20Nanging padha rungokna pangandikane Sang Yehuwah, heh sira kabeh wong buwangan, kang wus Sunkintunake saka Yerusalem menyang ing tanah Babil!

21Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel, mungguh Akhab bin Kolaya, lan Zedhekia bin Maaseya, wong kang padha meca dora marang sira atas asmaningSun: Lah Ingsun bakal ngulungake wong-wong iku marang tangane Nebukadnezar, ratu ing Babil, bakal padha dipateni ana ing ngarepira dhewe,

22temah iku bakal didadekake ipat-ipat dening sakehe wong buwangan saka Yehuda kang padha ana ing Babil, mangkene ujare: Kareben Sang Yehuwah nandukake marang kowe kaya Zedhekia lan Akhab kang padha dipanggang ing geni dening ratu ing Babil!,

23amarga saka anggone nglakoni duraka ana ing Israel, laku bandrek karo bojoning pepadhane, lan ngucapake doracara kalawan nyebut asmaningSun, mangka iku ora Sundhawuhake marang wong-wong iku. Ingsun piyambak nguningani lan nekseni piyambak prakara iku. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”

Tanggapane sawijining wong buwangan tumrap layange Nabi Yeremia

24Marang Semaya, wong Nekhelam iku, sira kandhaa mangkene:

25“Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Sarehne sira wus kirim layang atas jenengira dhewe, marang sakehing wong kang ana ing Yerusalem, yaiku marang Imam Zefanya bin Maaseya lan para imam kabeh, surasane:

26Sang Yehuwah wus ngangkat sira dadi imam nggenteni Imam Yoyadha, supaya sira dadi juru ngawat-awati ana ing padalemane Sang Yehuwah, supaya mbelok sadhengah wong owah kang ngaku nabi lan ngalungi rante wesi wong iku ing gulune,

27mulane, yagene sira saiki kok ora nyaruwe Yeremia wong Anatot iku, kang ngaku nabi ana ing antaramu?

28Wong iku rak kirim piweling marang aku kabeh kang ana ing Babil, unine: Anggonmu ana ing pambuwangan iku isih suwe. Ngadegna omah, kang kokenggoni, gawea pakebonan, kang kena kokpangan pametune!”

29Layang iki diwacakake Imam Zefanya, marang Nabi Yeremia.

30Nuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia mangkene:

31“Ngirimna piweling marang sakehing wong buwangan iku: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah mungguh Semaya wong ing Nekhelam iku: Sarehne Semaya wis meca marang sira, sanadyan ora Sunutus, lan marakake sira padha pracaya marang doracara,

32mulane pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Lah Ingsun bakal ndhawahake paukuman marang Semaya, wong ing Nekhelam iku, lan saturun-turune; kulawargane siji bae ora ana kang bakal manggon ing tengahe bangsa iki lan nyumurupi kabecikan, kang bakal Suntandukake marang umatingSun, amarga wong iku ngajak murtad saka ing ngarsane Sang Yehuwah. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”



 <<  Yeremia 29 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel