Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 44 >> 

Pamecane Nabi Yeremia kang wekasan ana ing Mesir

1Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia kanggo sakehing wong Yehuda kang manggon ana ing tanah Mesir, ing Migdol, ing Takhpanhes, ing Memfis lan ing tanah Patros:

2“Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Sira wus padha ngalami sakehing bilai kang wus Sundhawahake marang Yerusalem, lan sakehing kuthane Yehuda. Lah iku kabeh saiki wus dadi jugrugan lan wus ora ana wong siji-sijia kang manggon ana ing kono.

3Iku jalarane marga saka piala kang wus dilakoni, kang nuwuhake gerahing panggalihingSun, yaiku anggone sesaji kurban lan ngabekti marang allah liyane, kang ora disumurupi dhewe, sira dhewe utawa leluhurira.

4Ingsun ora kendhat-kendhat wus ngutus para abdiningSun, para nabi, kanthi piweling: Poma aja nindakake kanisthan kang Sunsengiti iku!

5Nanging ora padha ngrungokake lan ora ngestokake sarta ora banjur ninggal pialane lan ora sesaji kurban maneh marang allah liyane.

6Mulane mulad-mulading bebendu lan dedukaningSun wus kaesokake lan mbesmi kutha-kuthane Yehuda lan lurung-lurunge Yerusalem, temah dadi jugrugan lan samun kaya kaanane ing wektu iki.

7Saikine, mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: “Yagene sira nekakake bilai gedhe marang awakira dhewe? Sira arep numpes para wong lanang, wong wadon, bocah-bocah lan bayining wong Yehuda, nganti ora ana kekarene apa-apa.

8Yagene sira nuwuhake gerahing panggalihingSun kalawan penggawening tanganira, yaiku sesaji kurban marang allah liyane ing tanah Mesir, kang sira parani amarga sumedya manggon ana ing kono dadi wong neneka? Kena apa sira arep dadi ipat-ipat lan cecampahan ana ing satengahing sakehe bangsa ing bumi?

9Sira apa wis ora kelingan marang pialane para leluhurira, para ratu ing Yehuda, para panggedhe apadene pialanira dhewe lan para bojonira kang ditindakake ana ing tanah Yehuda lan ing lurung-lurunge Yerusalem?

10Wong iku padha ora rempu atine nganti tumeka saprene, padha ora wedi lan ora netepi Toret lan pranataningSun kang wus Sunparingake marang sira lan para leluhurira.

11Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Lah, Ingsun bakal ngadhepake wadananingSun marang sira murih bilainira, yaiku Ingsun bakal numpes sakehe wong Yehuda.

12Ingsun bakal mulung kekarening wong Yehuda, kang sumedya lunga menyang ing tanah Mesir, prelu manggon ana ing kana dadi wong neneka; wong iku bakal padha mati kabeh ana ing tanah Mesir; bakal padha ambruk mati dening pedhang lan bakal tiwas dening kaliren, wiwit kang cilik tumeka kang gedhe; wong iku bakal padha mati dening pedhang lan kaliren apadene bakal dadi ipat-ipat, pagiris, supata lan cecampahan.

13Ingsun bakal paring paukuman marang wong kang manggon ana ing tanah Mesir iku, kayadene anggoningSun ngukum Yerusalem, yaiku kalawan pedhang, kaliren lan pageblug,

14temah saka kekarene Yehuda, kang wus menyang ing tanah Mesir nedya manggon ana ing kono dadi wong neneka, ora ana siji-sijia kang bisa oncat lan luwar bisa bali mulih menyang ing tanah Yehuda, kang banget dikangeni lan nedya manggon ana ing kono maneh; sanyata wong iku ora bakal padha bisa bali mulih, kejaba wong sawatara kang padha ngungsi.”

15Tumuli sakehe wong lanang kang padha ngreti manawa bojone padha sesaji kurban marang allah liyane, lan sakehe wong wadon kang padha ana ing kana, wong akeh banget, yaiku rakyat kang manggon ana ing tanah Mesir lan ing Patros, padha mangsuli, tembunge:

16“Menggah punapa ingkang panjenengan ngandikakaken atas asmanipun Gusti Allah punika, kula boten badhe mirengaken dhateng panjenengan,

17nanging kula sami badhe nglajengaken nindakaken punapa ingkang sampun kula ucapaken, inggih punika sesaji kurban dhateng raja putri ing langit lan ngaturaken kurban unjuk-unjukan dhateng panjenenganipun, kados ingkang sampun sami kula lampahi, kula piyambak lan leluhur kula, punapadene para ratu saha pengageng kula ing kitha-kithanipun Yehuda lan ing lurung-lurungipun Yerusalem. Nalika samanten kula sami gadhah tetedhan cekap, kula sami rumaos begja lan boten ngalami karibedan.

18Nanging wiwit kula sami nyampuni anggen kula sesaji kurban lan ngaturaken kurban unjuk-unjukan dhateng raja putri ing langit, kula sami kekirangan samukawis lan sami kasirnakaken dening pedhang tuwin kaliren.”

19Para wong wadon mau padha numpangi: “Manawi kula sesaji kurban lan ngaturaken kurban unjuk-unjukan dhateng raja putri ing langit punika, punapa boten kanthi kasumerepan dening semah kula, ugi anggen kula sami damel tetedhan atur-atur ngemba recanipun lan ngaturaken kurban unjuk-unjukan dhumateng panjenenganipun punika?”

20Sawise iku Nabi Yeremia ngandika marang rakyat iku kabeh, marang para wong lanang, para wong wadon, lan sakehe wong kang ngaturi wangsulan iku:

21“Malah iya kurban kang kokobong dhewe ana ing kutha-kuthaning Yehuda lan ing lurung-lurunge Yerusalem lan diobong dening para leluhurmu, para ratumu, para panggedhemu lan rakyat ing nagara, apa dudu iku kang diengeti lan digalih dening Sang Yehuwah?

22Sang Yehuwah wus ora tahan maneh mirsani polah-tingkahmu kang ala lan kanisthan kang padha koklakoni, mulane nagaramu wis dadi jugrugan, pagiris lan ipat-ipat sarta ora ana kang ngenggoni kayadene kang wus kelakon saiki iki.

23Kowe wis padha sesaji kurban lan wis padha nglakoni dosa ana ing ngarsane Sang Yehuwah, padha ora ngrungokake pangandikane Sang Yehuwah lan ora manut marang Torete, pranatane lan tatanane, yaiku jalarane kowe banjur padha ketaman ing bilai kayadene kang wus kelakon saiki iki.”

24Nabi Yeremia nuli ngandika marang rakyat kabeh dalah sakehe wong wadon iku: “Padha rungokna pangandikane Sang Yehuwah, he para wong Yehuda, kang ana ing tanah Mesir.

25Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Sira, para wong lanang lan bojonira! Sira wus padha ngleksanani apa kang dadi ujarira, yaiku: aku bakal padha netepi temenan, nadar kang wus daklairake, sumedya sesaji kurban lan ngaturake kurban unjuk-unjukan marang raja putri ing langit. Iya becik! Wujudna lan luwarana nadarira temenan!

26He wong Yehuda kang manggon ana ing tanah Mesir, padha ngrungokna pangandikane Sang Yehuwah. Lah, Ingsun wus supaos, demi asmaningSun kang agung, -- pangandikane Sang Yehuwah -- manawa asmaningSun ora bakal disebut dening sawiji-wijining wong Yehuda ana ing saindenging tanah Mesir, kalawan ngucapake: Demi Gusti Allah kang gesang!

27Lan Ingsun njaga murih cilakane lan ora murih begjane; sadhengah wong Yehuda kang ana ing tanah Mesir, bakal tiwas dening pedhang lan kaliren, nganti satapise.

28Mung ana sawatara kang bisa oncat saka ing pedhang -- cacahe mung sethithik -- kang bakal bali mulih saka Mesir menyang tanah Yehuda. Dene sakehing kekarene wong Yehuda kang wus menyang ing tanah Mesir sumedya manggon ana ing kono dadi wong neneka bakal nyumurupi tembunge sapa kang kelakon: pangandikaningSun apa kandhane wong-wong iku.

29Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Iki kang minangka tenger, yen Ingsun bakal ndhawahake paukuman marang sira ana ing panggonan kene, supaya sira sumurupa manawa Ingsun bakal ngleksanani apa kang Sunpangandikakake amrih kasangsaranira.

30Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah, Ingsun bakal ngulungake Pringon Hofra, ratu ing Mesir marang ing tanganing mungsuhe, lan ing pangwasaning para wong kang ngarah nyawane, kayadene anggoningSun ngulungake Zedhekia, ratu ing Yehuda, marang ing tangane Nebukadnezar, ratu ing Babil, mungsuhe kang ngarah nyawane.”



 <<  Yeremia 44 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel