Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 13 >> 

PAUKUMAN TUMRAP PARA BANGSA; Wangsit kang tumuju marang Babil

1Wangsit kang tumuju marang Babil kang kaparingake marang Nabi Yesaya, putrane Sang Amos.

2Masanga gendera ana ing gunung kang gundhul, nguwuh-uwuha marang para wong iku kalawan swara sora; ngawe-awea supaya iku padha lumebu ing gapura-gapurane para wong luhur!

3Ingsun iki wus paring dhawuh marang para wong kang Sunsucekake, wus nimbali para wongingSun kang prakosa supaya matrapi paukumaning bebenduningSun, marang para wongingSun, kang padha suka-suka lan gumunggung.

4Ana swara rame ing gunung-gunung, kaya swaraning kumpulaning wong kang akeh cacahe! Swara gumuruhing karajan-karajan, lan bangsa-bangsa kang padha nglumpuk! Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa tumitah lagi niti-priksa wadya-bala perang.

5Iku padha teka saka ing nagara kang adoh, malah saka ing poncoting langit, yaiku Sang Yehuwah lan kang nibakake dedukane arep padha ngrusak saindenging bumi.

6Padha ngadhuh-adhuha, sabab dinane Sang Yehuwah wus cedhak, tekane iku kayadene pangrusak saka Kang Mahakwasa.

7Awit saka iku sakehing tangan bakal dadi lemes, lan atine saben manungsa bakal luluh,

8sarta wong-wong bakal padha kaget. Lara mules lan lara nguwat bakal tumempuh marang wong-wong mau, padha ngolang-ngaling kaya wong wadon nglarani. Bakal padha pandeng-pandengan kalawan kaebatan, raine padha kaya wong kang lara kadhemen.

9Dinane Sang Yehuwah pranyata rawuh tanpa welas, kalawan bebendu lan deduka kang mulad-mulad, arep damel sepi mamringing bumi arep nyirnakake wong-wong ing kono kang padha agawe dosa.

10Sabab lintang-lintang lan golongane ing langit bakal ora padha nyunarake cahyane; srengenge bakal dadi peteng nalika mlethek, lan rembulan ora bakal nyorotake sunare.

11Ingsun bakal males pialane donya, lan kaluputane wong duraka; gumunggunging wong-wong kang kumawani bakal Sunuwisi, sarta kumlungkunge para wong ambek siya bakal Sunendhakake.

12Ingsun bakal damel aranging wong ngungkuli emas tuwa, lan aranging manungsa ngungkuli emas Ofir.

13Mulane Ingsun bakal damel gumetering langit, lan bumi bakal gonjing ngalih saka ing panggonane, yaiku ing wektu bebendune Sang Yehuwah, Gustine sarwa tumitah, lan ing dina dedukane kang mulad-mulad.

14Kayadene kidang kang kaoyak-oyak lan kayadene wedhus kang ora diengon, kaya mangkono wong-wong bakal padha noleh marang bangsane dhewe-dhewe, lan padha lumayu marang nagarane dhewe-dhewe.

15Saben wong kecandhak bakal disuduk, lan saben wong kang kecekel bakal ambruk mati dening pedhang.

16Bayi-bayine bakal padha karemuk ana ing ngarepe, omah-omahe bakal padha karampog lan bojo-bojone bakal padha diwori turu.

17Lah Ingsun nglurugake wong Madai nglawan marang wong-wong mau, wong-wong kang ora padha mreduli marang salaka lan ora seneng marang emas.

18Panah-panahe bakal nembus para wong enom; wong-wong mau padha ora bakal welas marang wohing wetengan, lan ora padha welas marang bocah-bocah.

19Lan Babil, kang dadi kaendahaning para karajan, rerengganing wong Kasdim kang linuwih, bakal padha kaya Sodom lan Gomora yaiku samangsa padha kaobrak-abrik dening Gusti Allah:

20ing sateruse bakal ora ana wonge, lan ora ana kang ngenggoni nganti turun-tumurun; wong Arab ora bakal ngedegake tarub ana ing kono, lan para pangon ora bakal ngolehake kewane padha mlegung ana ing kono,

21dene kang bakal mlegung ing kono yaiku kewan ing ara-ara samun, lan omah-omahe bakal kebak manuk beluk, manuk-manuk unta kang bakal padha manggon ing kono, lan jim-jim kang padha lincak-lincak;

22asu alas bakal padha mbaung ana ing kadhaton-kadhatone, tuwin asu ajag ana ing kraton-kratoning kasenengan. Wektune bakal enggal teka, sarta dina-dinane ora bakal diulur.



 <<  Yesaya 13 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel