Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 16 >> 

1Wong-wong padha ngirimake cempe marang pamarentahing nagara, saka ing Sela ngliwati pasamunan menyang ing gununge putri Sion.

2Kaya manuk kang mabur lunga, lan isining susuh kang kagusah, kaya mangkono anake wadon Moab ing pasabrangan-pasabranganing kali Arnon.

3“Menehana pitutur, nggegegana wewenang, dadia pangeyuban kang edhum ing wayah tengange; wong-wong kang kabuwang padha umpetna, aja medharake bab wong kang padha keplayu!

4Para wong kang kabuwang saka ing Moab cikben padha mondhok ing panggonanmu, dadia papan pandhelikane wong-wong iku tumrap kang arep nyirnakake! Samangsa pangroda-peksa wus ora ana, pangrusak wus kapungkur lan wong ambek siya wus sirna saka ing nagara,

5banjur ana dhampar kang bakal kaadegake marga saka sih-kadarman lan iku bakal tansah dilenggahi ana ing tarube Sang Prabu Dawud dening sawijining hakim kang njejegake kaadilan, lan kang enggal-enggal nindakake kabeneran.”

6Aku wus padha krungu bab angkuhe Moab, pancen angkuh banget iku, bab kumlungkunge, angkuhe lan sumengite, sarta anggone ngoceh kang ora bener.

7Mulane cikbene wong Moab ngadhuh-adhuh, kang siji marga saka sijine, cikben kabeh padha ngadhuh-adhuh. Marga kelingan marang kuwih kismis saka ing Kir-Hareset cikben padha sesambat lan remuk babar pisan!

8Amarga kebon-kebon ing Hesybon lan wit anggur ing Sibma wus padha nglayung; para kang nyekel pangwasa tumrap bangsa-bangsa wus padha mbabadi wit-wite anggur kang becik dhewe, kang biyen ngembyah tekan ing Yaezer lan mrambat tekan ing pasamunan; pang-pange pating tlolor tekan ing sabranging sagara.

9Mulane aku melu nangis kaya Yaezer marga saka wit anggur ing Sibma mau; kowe arep daktelesi kalawan eluhku, he Hesybon lan Eleale, amarga ing mangsa ketiga trep ing mangsa panen mungsuhmu nempuh kalawan alok perang.

10Wus sirna kabungahan lan surak-surak saka ing kebon wowohan; wus ilang saka ing kebon-kebon anggur swara giyak-giyak lan surak-surak; wus ora ana kang ngidak-idak ing papan pameresan, anggone sumyak-sumyak wus leren.

11Awit saka iku kaya dene cumengkling ing clempung, iya kaya mangkono panjeriting atiku ndeleng kaanane Moab, lan batinku rontog nyumurupi kaanane Kir-Heres.

12Mulane sanadyan Moab ngibadah lan dilabuhi ngrekasa banget ana ing tengger pangurbanan lan lumebu ing pasucene prelu ndedonga, ora bakal oleh apa-apa.

13Yaiku pangandika kang kalairake dening Sang Yehuwah bab Moab ing wektu kepungkur.

14Mulane saiki Pangeran Yehuwah ngandika mangkene: “Ing sajroning telung taun, manut wektu panyambut-gawene prajurit opahan, kamulyane Moab kalawan karameane kang gedhe, bakal dadi cecamahan, lan wong kang kari bakal sethithik banget lan ora kwasa.”



 <<  Yesaya 16 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel