Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 17 >> 

Wangsit tumrap Damsyik lan Efraim

1Wangsit tumrap Damsyik. Sanyata Damsyik ora bakal lestari dadi kutha, mengko bakal dadi tumpukan jugrugan;

2kampung-kampunge bakal disuwungake ing salawase lan bakal dadi papan kanggo pepanthaning raja kaya, kang mlegung kalawan ora karidhu ing sapa-sapa.

3Efraim bakal kelangan beteng-betenge, lan pangwasaning karajan bakal sirna saka ing Damsyik, uga kekarene Aram bakal sirna kabeh padha kaya kamulyane wong Israel, mangkono pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa tumitah.

4Ing wektu iku kamulyane Yakub bakal suda, lan kemakmurane bakal susut;

5kaanane kaya gandum kang digegem arep dieneni lan tangane methiki wewulen, utawa kaya wewulen kang dipethik ing wong ana ing lembahe wong Refaim.

6Iku bakal ana turahane kanggo asagan kaya nalika wong ngerog woh jaitun, ana siji loro kang kari ing pucuke, lan ana sawatara ing pang-pange, mangkono pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel.

7Ing wektu iku manungsa bakal mandeng marang Panjenengane kang nitahake, lan mripate bakal nyawang marang Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel;

8ora bakal mandeng marang misblyah-misbyah gaweane tangane dhewe, lan ora bakal nyawang marang garapaning tangane, yaiku tugu-tugu brahala lan padupan-padupan.

9Ing wektu iku kutha-kuthanira bakal kasuwungake kaya kutha-kuthane wong Hewi lan wong Amori kang padha ditinggal marga saka wong Israel, satemah banjur dadi sepi mamring.

10Awit sira wus lali marang Gusti Allah kang wus paring kaslametan marang sira, lan ora eling marang gunung paranging kakuwatanira. Mulane sanadyan sira yasa taman kang endah kang sira tanduri cangkokan saka ing nagara manca,

11sanadyan nalika sira tandur sira ndadekake suburing thukule, lan ing wektu esuk anggonira nandur cangkokan ndadekake kembange, nanging panenane bakal enggal sirna ing dinaning pilara lan sangsara kang ngedab-edabi.

Wangsit tumrap Asyur

12Bilai! Gumerahe bangsa-bangsa akeh, kang padha gumeder kaya ombaking sagara kang gumleger! Ramening suku-suku bangsa, kang padha rame kaya gumuruhing banyu kang ngedab-edabi.

13Para suku bangsa padha gumerah kaya gumuruhing banyu gedhe; nanging Pangeran Yehuwah paring deduka, satemah banjur padha lumayu adoh, kalawan kesusu kaya mrambut ing panuton kang kabur ing angin, lan kaya dhedhak katiyup ing lesus.

14Bareng ngarepake sore, lah ana pagiris! Sadurunge esuk, wus ora ana kabeh! Yaiku pandumane wong-wong kang padha ngrayah kita, sarta iya iku kang katemtokake tumrap para wong kang ngrampasi kita.



 <<  Yesaya 17 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel