Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 3 >> 

Paukumane Pangeran Yehuwah marang wong kang padha nasarake bangsa iku

1Pangeran, Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah sanyata bakal ngedohake saka Yerusalem lan Yehuda saben wong kang padha dadi andel-andele, sakehe tandhon pangan lan omben-omben:

2Wong prawira lan prajurit, hakim lan nabi, juru tenung lan pinituwa,

3paneket lan panggedhe, penasehat lan ahli sikir, sarta juru japa-mantra.

4Ingsun bakal ngangkat para nom-noman Sundadekake pemimpine, lan bocah-bocah kang bakal padha ngereh.

5Bangsa iku banjur bakal dhesek-dhesekan wong padha lawan-linawan, kang siji nglawan marang sijine; wong enom bakal mampang-mampang marang wong tuwa, wong asor marang wong kang kajen keringan.

6Nganti manawa ana wong kang nggujengi sadulure ana ing omahe bapakne kalawan celathu: “Panjenengan taksih kagungan jubah, mila karsaa dados pemimpin kula sadaya saha jugrugan punika lajeng kakuwaosana,”

7ing nalika iku sadulure nuli bakal mangsuli: “Aku emoh dadi dhokter; ing omahku ora ana roti lan ora ana jubah; aja ngangkat aku dadi pemimpin bangsa.”

8Yerusalem sanyata wus ambruk lan Yehuda wus rubuh, amarga tembung-tembunge lan panggawene nglawan marang Sang Yehuwah sarta padha nantng marang tingale kang mulya.

9Pasemoning raine mratelakake pialane lan kayadene wong Sodom, padha ngeblakake dosane, ora didhelikake maneh. Bilai wong-wong iku! Amarga padha gawe cilakane awake dhewe.

10Pratelakna manawa wong bener iku rahayu! Amarga bakal mangan wohing panggawene.

11Bilai wong duraka iku! Bakal katempuh ing bilai, amarga bakal dietrapi manut panggawene dhewe.

12Anadene umatingSun, kang nyekel pangwasane bocah-bocah, lan bakal kaereh ing para wong wadon. He umatingSun, para pemimpinira iku padha nasarake sira, lan dalan padha sira ambah iku dikisruhake!

13Pangeran Yehuwah bakal lenggah ngasta pangadilan lan jumeneng prelu ngadili para bangsa.

14Pangeran Yehuwah tumindak dadi hakim tumrap para pinituwa lan para pemimpining umate: “Sira kang padha ngrusak kebon anggur iku, barang rayahan saka wong kang katindhes ana ing omahira tumpuk-tumpuk.

15Yagene sira padha niksa umatingSun lan nganiaya para wong kang katindhes?” mangkono pangandikane Gusti Allah, Gustine sarwa tumitah.

Paukumane Sang Yehuwah tumrap para wanita ing Sion kang kumalungkung

16Pangeran Yehuwah ngandika: Sarehne wanita ing Sion wus padha gumunggung lan padha lumaku kalawan langak-langak gulune tuwin kalawan main mata, sarta lakune digawe-gawe kalawan gelange sikil kang kumrincing,

17mulane Pangeran bakal ndadosake sirahe wanita Sion padha kebak borok tuwin Pangeran Yehuwah bakal nyukur rambute ing sisihing bathuke.

18Ing nalika iku Pangeran bakal nyingkirake sakehing rerenggane: gelang sikil, jamang lan rembulanan,

19rerenggan kuping, gelang tangan tuwin kudhung,

20rerenggan sirah, gelang rante sikil, pending, wadhah wewangen lan jimat-jimat;

21ali-ali cap lan anting-anting irung;

22sandhangan pesta, jubah, slendhang lan tas;

23pengilon, kotang lena, sreban lan klambi njaba.

24Ing kono geganda arum bakal disalini kang bacin, pending bakal disalini tali, rambut klabangan disalini gundhul, sandhangan pesta disalini bagor rupa ayu disalini cacad.

25Wong-wongira bakal padha tiwas dening pedhang, lan para pahlawanira marga perang.

26Gapura-gapurane Sion bakal sambat-sambat lan prihatin, sarta kutha iku bakal kaya wong wadon plonthos kang nglosot ing bumi.



 <<  Yesaya 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel