Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 38 >> 

Sang Prabu Hizkia gerah nanging banjur kasarasake

1Ing nalika samana Sang Prabu Hizkia kecandhak gerah nganti meh seda. Nabi Yesaya putrane Sang Amos nuli sowan marang ing ngarsane sarta munjuk: “Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Sira menehana piweling-piweling kang wekasan marang brayatira, awit sira bakal mati, ora bakal waras maneh.”

2Sang Prabu Hizkia tumuli ngengokake wadanane marang tembok sarta ndedonga marang Sang Yehuwah,

3unjuke: “Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa ngengeti anggen kawula sampun gesang wonten ing ngarsa Paduka kalayan setya tuwin tulusing manah sarta anggen kawula sampun nindakaken punapa ingkang sae tumrap ing paningal Paduka.” Sawuse mangkono Sang Prabu Hizkia banjur muwun kepati-pati.

4Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Yesaya:

5“Sira mangkata lan matura marang Hizkia: Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Sang Prabu Dawud, leluhur dalem: Pandonganira wus Sunpiyarsakake lan eluhira wus Sunpirsani. Lah Ingsun bakal mewahi umurira limalas taun,

6sarta Ingsun bakal ngluwari sira lan kutha iki saka ing tangane ratu ing Asyur tuwin bakal mageri kutha iki.

7Iki kang bakal dadi pratandha saka ing Pangeran Yehuwah tumrap sira, yaiku manawa Sang Yehuwah bakal nindakake apa kang wus kajanjekake.

8Lah ayang-ayanganing piranti pituduh srengenge gaweane Akhas bakal Sunundurake sapuluh tapak saka kang wus diliwati.” Ing kono piranti mau iya nuli nuduhake mundure srengenge sapuluh tapak saka kang wus dilakoni.

9Anggitane Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda, sawuse gerah lan wus senggang anggone gerah:

10Aku iki wus kandha: Umurku lagi separo aku kok kepeksa kudu lunga; ing saluwihe umurku iku aku katimbalan menyang ing gapuraning jagade wong mati.

11Aku pratela: aku ora bakal ndeleng Sang Yehuwah maneh ana ing nagarane wong urip; aku ora bakal ndeleng wong siji-sijia maneh ana ing satengahe para kang manggon ing donya.

12Pondhok kang dakenggoni kabubrah lan kabukak kayadene tarubing pangon; kaya tukang tenun kang nggulung tenunane anggonku mungkasi uripku; Pangeran Yehuwah ngethok nyawaku saka ing benanging urip. Wiwit siyang ngantos dalu Paduka ngendelaken kawula makaten kemawon.

13Aku sesambat nyuwun tulung nganti esuk; kayadene singa, iya mangkono iku anggone Sang Yehuwah ngremuk sakehing balungku; wiwit siyang ngantos dalu Paduka ngendelaken kawula makaten kemawon.

14Kayadene manuk sriti, iya mangkono iku anggonku cat-cit, swaraku kethekur-kethekur kaya swaraning manuk dara. Mripatku kaya-kaya nganti entek marga saka anggonku tumenga ing ngaluhur, dhuh Pangeran, kawula sinangsara; Paduka mugi karsaa dados tanggelan tumrap kawula!

15Apa ta kang bakal dakaturake lan dakucapake ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah; rak Panjenengane ta kang tumindak mangkono? Aku babar pisan ora bisa turu marga saka paiting kasusahanku iku.

16Dhuh Pangeran, inggih margi saking makaten punika manah kawula ngantos-antos dhumateng Paduka; Paduka mugi karsaa nemtremaken roh kawula, karsaa nyarasaken kawula, karsaa maluyakaken kawula!

17Kasisahan ingkang pait punika sanyata dados kawilujengan kawula; Paduka ingkang njagi nyawa kawula supados boten kacemplung ing luwenging karisakan. Amargi Paduka sampun mbucal sakathahing dosa kawula ngantos tebih saking ing ngarsa Paduka.

18Awit jagading tiyang pejah boten saged ngunjukaken panuwun dhumateng Paduka, sarta pejah boten saged ngalembana Paduka; tiyang ingkang sami tumurun ing luwangan kuburan boten ngantos-antos dhateng ing kasetyan Paduka.

19Nanging namung tiyang ingkang gesang, punika ingkang ngunjukaken panuwun dhumateng Paduka, kados kawula ing dinten punika; bapa badhe suka sumerep bab kasetyan Paduka dhateng anak-anakipun.

20Pangeran Yehuwah wus rawuh paring kaslametan marang aku! Aku arep padha ngunekake clempung, ing salawase urip ana ing padalemane Sang Yehuwah.

21Nabi Yesaya tumuli ngandika: “Cikben dipundhutake kuwih woh anjir banjur kapopokna ing memalane, supaya senggang!”

22Sadurunge iku Sang Prabu Hizkia wus ngandika: “Punapa tandhanipun, manawi kula badhe lumebet ing padalemanipun Pangeran Yehuwah?”



 <<  Yesaya 38 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel