Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yosua 10 >> 

Peperangan ing sacedhake Gibeon; Senapati Yusak ngrebut tanah Kanaan sisih kidul

1Bareng Prabu Adhoni-Zedhek, ratu ing Yerusalem mindhanget pawarta manawa Senapati Yusak wus mbedhah lan nyirnakake kutha Ai, sarta apa kang katandhukake marang kutha Yerikho lan ratune, uga kaetrapake marang kutha Ai lan ratune lan manawa wong ing kutha Gibeon wus padha nganakake prajanjian memitran karo wong Israel lan manggon ana ing satengahe,

2temah wong padha wedi banget, amarga Gibeon iku kutha kang gedhe, kaya salah sawijining kutha karajan, malah luwih gedhe katimbang kutha Ai, sarta wong kabeh padha prawira.

3Mulane Prabu Adhoni-Zedhek, ratu ing Yerusalem mau utusan menyang ing ngarsane Prabu Hoham, ratu ing nagara Hebron, Prabu Piream, ratu ing Yarmut, Prabu Yafia, ratu ing Lakhis, lan Prabu Debir, ratu ing Eglon, pangandikane:

4“Panjenengan sami kula aturi rawuh lan mbiyantu kula, sumangga sami nggecak Gibeon, amargi sampun memitran kaliyan Yusak lan bangsa Israel.”

5Para ratune bangsa Amori lima mau tumuli padha ngempal lan majeng bareng: ratu Yerusalem, ratu ing Hebron, ratu ing Yarmut, ratu ing kutha Lakhis lan ratu ing kutha Eglon, dalah sabalane kabeh, padha ngadegake kemah ngepung kutha Gibeon lan nempuh perang.

6Wong ing Gibeon banjur padha kongkonan menyang ing ngarsane Sang Senapati Yusak ana ing pakemahan ing kutha Gilgal, ature: “Mugi sampun ngantos negakaken para abdi panjenengan, enggal rawuha dhateng panggenan kula, ngluwari lan mitulungi kula, amargi sadaya ratunipun bangsa Amori ingkang wonten pareden sami sakuthon nglawan dhateng kula.”

7Senapati Yusak banjur bidhal saka ing Gilgal, panjenengane lan wadya-bala kabeh, kabeh padha wong prawira lan gagah prakosa.

8Pangeran Yehuwah ngandika marang Sang Yusak: “Sira aja wedi marang wong iku, uger iku wus padha Sunulungake ing tanganira, temah ora ana wong siji-sijia kang lestari urip ana ing ngarepira.”

9Senapati Yusak banjur klawan ndadak nempuh marang mungsuhe, sawise sawengi muput bidhal saka ing Gilgal.

10Sang Yehuwah banjur damel kisruhing mungsuh ana ing ngarepe wong Israel, temah Senapati Yusak njalari mungsuhe padha kasoran banget ana ing sacedhake Gibeon, tumuli padha dioyak ana ing dalan kang ngener marang ing unggah-unggahan ing Bet-Horon, panggecake nganti tumeka ing Azeka lan ing Makeda.

11Nalika padha keplayu ana ing ngarepe wong Israel, lagi ana ing ngereng-erenge Bet-Horon, padha diudani watu gedhe-gedhe saka langit dening Sang Yehuwah, nganti tumeka ing Azeka, wekasan padha tiwas. Kang mati ketiban watu iku luwih akeh katimbang karo kang padha dipateni wong Israel kalawan pedhang.

12Nalika Sang Yehuwah ngulungake wong Amori marang bangsa Israel, Senapati Yusak munjuk marang Sang Yehuwah ing nalika Sang Yehuwah ngulungake wong Amori marang wong Israel; panjenengane banjur ngandika ana ing ngarepe bangsa Israel: “He srengenge, mandhega ana ing dhuwur Gibeon, lan kowe rembulan, ana ing dhuwur lebak Ayalon!”

13Srengenge tumuli mandheg, lan rembulan uga ora mingsed, nganti tumeka sarampunge wong Israel anggone males nempuh marang mungsuhe. Bab iku rak wus tinulisan ana ing Kitabe Wong Jujur? Srengenge mandheg ana ing tengahing langit lan alon-alon angslupe nganti watara sadina muput.

14Durung tau ana dina kang kaya mangkono mau, saprana-saprene; dene Sang Yehuwah nganti mindhangetake panyuwune manungsa kang kaya mangkono, amarga Sang Yehuwah piyambak kang nyarirani perange wong Israel.

15Senapati Yusak banjur kondur menyang ing pakemahan ing Gilgal kadherekake bala Israel kabeh.

16Anadene ratu lima iku mau padha keplajeng sarta ndhelik ana ing guwa Makeda.

17Senapati Yusak banjur diaturi pawarta mangkene: “Ratu gangsal punika sami pinanggih ndhelik wonten ing guwa Makeda.”

18Senapati Yusak banjur dhawuh: “Cangkeme guwa iku glundungana watu gedhe-gedhe lan ing ngarepe dokokana wong kang jaga.

19Nanging kowe aja kandheg anggonmu ngoyak-oyak marang mungsuhmu lan pethiting barisane gepuken; aja nganti padha bisa lumebu ing kutha-kuthane, ujer Pangeran Yehuwah Gusti Allahmu wus ngulungake wong-wong iku marang kowe!”

20Bareng Senapati Yusak lan wong Israel wus rampung anggone padha ngalahake mungsuhe nganti banget anggone kasoran yaiku nganti lebur babar pisan, -- mung sawatara kang bisa oncat lan padha bisa lumebu ing kutha-kutha kang disantosani --

21wong sabangsa kabeh tumuli padha bali kalawan slamet marang ing ngarsane Senapati Yusak menyang ing palereban ing Makeda, ora ana wong siji-sijia kang wani ngucapake pangancam marang wong Israel.

22Senapati Yusak banjur ngandika: “Cangkeme guwa iku wengakna, lan ratune lima padha gawanen metu saka ing guwa lan ladekna marang aku mrene!”

23Kang kadhawuhan tumuli padha nglakoni mangkono, ratu lima padha digawa metu saka ing guwa, kaladekake marang ngarsane Senapati Yusak, iya iku: ratu ing Yerusalem, ratu ing Hebron, ratu ing Yarmut, ratu ing Lakhis, lan ratu ing Eglon.

24Bareng ratu mau wus padha digawa metu kaladekake marang ing ngarsane Senapati Yusak, Sang Senapati banjur nimbali nglumpuk wong Israel kabeh sarta dhawuh marang para tetindhihe prajurit kang wus ndherek perang: “Padha majua, tlapakanmu ancikna ing githoke para ratu iki.” Para tetindhih nuli padha maju lan ngancikake tlapakane ana ing githoke para ratu iku.

25Senapati Yusak banjur ngandika maneh: “Aja padha wedi lan aja kekes atimu, padha disantosa lan diteguh atimu, amarga kaya mangkene iki bakal pandamele Sang Yehuwah marang sakehe mungsuhmu kang padha koklawan perang.”

26Sawuse iku para ratu mau banjur padha disedani dening Senapati Yusak, tumuli padha digantung ing kayu limang iji, panggantunge ing kayu mau nganti tumeka ing wayah sore.

27Bareng wayah ngarepake suruping srengenge Senapati Yusak dhawuh ngudhunake mayite saka ing kayu mau sarta padha dibuwang ing jero guwa, panggonane ndhelik. Cangkeming guwa mau banjur ditutupi watu gedhe-gedhe, kang isih ana nganti saprene.

28Ing dina iku Senapati Yusak mbedhah kutha Makeda lan digecak klawan landheping pedhang, uga ratune; kuthane dalah wong saisine kutha padha ditumpes, ora ana wong siji-sijia kang bisa oncat lan ratu ing Makeda iku dipatrapi padha kaya kang wus katandukake marang ratu ing kutha Yerikho.

29Sawuse mangkono Senapati Yusak nglajengake pangluruge kadherekake dening wong Israel kabeh, saka ing kutha Makeda menyang ing Libna, banjur nempuh perang nglawan Libna.

30Lan kutha iku uga diulungake Sang Yehuwah marang wong Israel dalah ratune; kuthane digecak dening Senapati Yusak klawan landheping pedhang dalah sakehe wong saisine kutha, ora ana wong siji-sijia kang bisa oncat, sarta ratune dipatrapi padha kaya kang wus ditandukake marang ratu ing Yerikho.

31Senapati Yusak tumuli nglajengake tindake saka ing Libna menyang ing Lakhis, kadherekake wong Israel kabeh, kuthane iku banjur dikepung lan ditempuh ing perang.

32Anadene Sang Yehuwah ngulungake Lakhis mau marang wong Israel. Ing dina kapindhone wus karebut dening Senapati Yusak. Kutha dalah saisine digecak klawan landheping pedhang, trep kaya kang wus katandukake marang Libna.

33Prabu Horan, ratu ing Gezer banjur rawuh karsa mbiyantu kutha Lakhis, nanging disedani dening Senapati Yusak dalah rakyate, nganti ora ana wong siji-sijia kang bisa oncat.

34Senapati Yusak banjur nglajengake pangluruge kadherekake wong Israel kabeh saka Lakhis menyang ing Eglon: kutha iku banjur dikepung lan ditempuh ing prang.

35Bareng sedina iku uga kuthane wus bedhah, lan digecak klawan landheping pedhang, sakehe wong kang ana ing kono padha dipateni bareng sedina iku uga, padha kaya kang katandukake marang kutha Lakhis.

36Sawuse mangkono Senapati Yusak banjur nglurug saka ing kutha Eglon menyang ing kutha Hebron, kadherekake dening wong Israel kabeh, kutha iku tumuli ditempuh ing prang.

37Nagara iku kabedhah lan kagecak klawan landheping pedhang dalah ratune lan sakehing kutha wewengkone tuwin sakehing wong kang manggon ing kono, ora ana siji-sijia kang bisa oncat trep kaya kang wus katandukake marang Eglon, kutha iku dalah sakehe wong saisine padha katumpes.

38Senapati Yusak banjur wangsul menyang ing kutha Debir, kadherekake wong Israel kabeh, kutha iku uga tinempuh ing perang,

39nagara iku dalah ratune lan sakehing nagara wewengkone, padha karayud sarta kagecak klawan landheping pedhang. Sakehing wong ing kono padha dipateni, ora ana siji-sijia kang bisa oncat; padha kaya kang wus katandukake marang Hebron lan Libna sarta ratune, Debir saratune uga kapatrapan mangkono.

40Kaya mangkono anggone Senapati Yusak ngawonake nagara iku kabeh, ing pagunungan, ing tanah Negeb, ing Dhaerah Pagunungan lan ing perenging gunung dalah ratune, ora ana wong siji-sijia kang bisa oncat, kabeh kang ambekan padha dipateni, kaya kang wus dadi dhawuhe Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel.

41Senapati Yusak anggone nggecak mungsuhe iku wiwit ing kutha Kadesy-Barnea nganti tutug ing Gaza, uga sawratane tanah Gosyen nganti tutug ing Gibeon.

42Sakehe ratu iku mau lan nagarane padha ditelukake dening Senapati Yusak ing sajrone salampahan bae, amarga Sang Yehuwah, Gusti Allahe wong Israel kang nyarirani perange Israel.

43Sawuse mangkono Senapati Yusak banjur kondur menyang ing pakemahan ing kutha Gilgal, kadherekake dening wong Israel kabeh.



 <<  Yosua 10 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel