Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yosua 18 >> 

Pangedume kekarening tanah Kanaan ana ing Silo

1Wong Israel saumat kabeh banjur padha nglumpuk ana ing Silo sarta ngadegake Tarub Pasewakan ana ing kono, amarga nagara iku wus katelukake.

2Ing nalika samana ing antarane Banisrael isih ana pitung taler kang durung oleh panduman tanah-pusaka.

3Senapati Yusak banjur ngandika marang Banisrael: “Pira lawase anggonmu padha ngenak-enak lan ora tumandang ngejegi nagara peparinge Sang Yehuwah, Gusti Allahe leluhurmu?

4Padha ngajokna wong telu saka saben taler, iku bakal padha dakdhawuhi siyaga arep dakutus ndlajahi nagara iku, sarta nyatheti kaanane miturut pandumane, banjur bali mrene.

5Sawise iku tanahe kaperanga dadi pitung panduman. Taler Yehuda tetepa ana ing tlatahe kang kidul lan bani Yusup iya tetepa ana ing tlatahe kang lor.

6Kowe padha nyathetana kaanane nagara iku dadi pitung panduman, cathetane iku banjur gawanen mrene, nuli aku bakal nguncalake undhi kanggo kowe ana ing kene ana ing ngarsane Sang Yehuwah, Gusti Allah kita.

7Sabab wong Lewi padha ora oleh panduman ana ing tengahmu, amarga kalungguhane dadi imame Sang Yehuwah kang dadi pusakane sarta mungguh Gad lan Ruben apadene separone taler Manasye iku wus padha nampani tanah-pusaka ana ing sabrange bengawan Yarden ing sisih wetan, kang diparingake dening Nabi Musa, abdine Sang Yehuwah.”

8Wong mau tumuli padha tata-tata lan banjur mangkat. Lungane mau kambi nyatheti kaanane nagara iku kaya sapiwelinge Senapati Yusak, kang mangkene: “Padha mangkata, nagara iku dlajahana lan cathetana kaanane, banjur padha balia mrene nuli aku bakal nguncalake undhi kanggo kowe ana ing ngarsane Sang Yehuwah ana ing Silo kene.”

9Wong-wong mau nuli padha mangkat ndlajahi nagara iku, lan nyatheti kaanane dadi pitung panduman, kutha siji lan sijine kamot ing daftar, banjur padha bali menyang ing ngarsane Senapati Yusak ana ing pakemahan ing Silo.

10Senapati Yusak banjur nguncalake undhi kanggo wong-wong mau ana ing Silo ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, sarta tanahe didum-dum Sang Yusak kanggo Israel ana ing kono miturut pandumane dhewe-dhewe.

Tanah-pusakane taler Benyamin

11Talere Benyamin iku katiban undhi miturut gotrahe, dene tlatahing panduman kang diundhekake iku prenahe ana ing antarane bani Yehuda lan bani Yusup.

12Watese ing sisih lor wiwit ing bengawan Yarden, nuli munggah ing ereng-ereng gunung salore Yerikho, munggah mangulon menyang ing pagunungan lan ngener menyang ing ara-ara samun Bet-Awen.

13Saka ing kono watese terus menyang ing Lus, mangidul, ngener ing ereng-erenging gunung ing sacedhake Lus, yaiku ing Betel; nuli watese medhun menyang ing Atarot-Adar ing pagunungan kang ana ing sakidule Bet-Horon ing lebak,

14watese mau banjur mlengkung, nuli menggok saka ing pagunungan ing sisih kanane Bet-Horon ing sisih kidul banjur menggok ngidul ngulon anjog ing Kiryat-Baal, yaiku ing Kiryat-Yearim, kutha darbeke bani Yehuda. Iku kang sisih kulon.

15Dene sisihe kang kidul iku wiwit ing pungkasane Kiryat-Yearim,

16banjur mangulon, lan ngener ing sendhang Me-Neftoah. Watese iku tumuli medhun tutug ing pungkasane pagunungan kang ana ing ngarepe Lebak Ben-Hinom, ing salore lebake wong Refaim, banjur mudhun menyang Lebak Hinom, ing saurute ereng-erenging gunung Yebus, mangidul, banjur mudhun maneh menyang ing sendhang En-Rogel.

17Tumuli nekuk mangalor ngener ing En-Semes, banjur menyang ing Gelilot, ing sisih kanane unggah-unggahan ing Adumim, nuli medhun menyang ing watu Bohan bin Ruben,

18banjur menyang ing ereng-erenging gunung ing sisih kanane Bet-Araba mangalor, banjur medhun menyang ing Araba-Yordan.

19Watese nuli terus metu ing ereng-erenging gunung ing sacedhake Bet-Hogla mengalor, sarta anjog ing teluke Sagara-Asin kang sisih lor, ing sungapane bengawan Yarden ing sisih kidul, iku watese kang kidul.

20Dene bengawan Yarden iku kang dadi watese ing sisih wetan, yaiku kang dadi tanah-pusakane bani Benyamin miturut gotrahe kalawan wates-watese mubeng.

21Mungguh kutha-kuthane taler bani Benyamin miturut gotrahe yaiku: Yerikho, Bet-Hogla, Emek-Kezis,

22Bet-Araba, Zemaraim, Betel,

23Haawim, Para, Ofra,

24Kefar-Haamonai, Ofni lan Geba; kutha rolas karo desa-desane.

25Gibeon, Rama, Beerot,

26Mizpa, Kefira, Moza,

27Rekem, Yirpeel, Tarala,

28Zela, Elef lan Yebus, yaiku Yerusalem, Gibeat lan Kiryat; kutha patbelas karo desa-desane. Iku mau tanah-pusakane bani Benyamin miturut gotrah-gotrahe.



 <<  Yosua 18 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel