Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yunus 4 >> 

Nabi Yunus sinau ngreti, manawa Gusti Allah iya nresnani bangsa liya

1Lelakon kang kaya mangkono iku ndadekake pegeling panggalihe Nabi Yunus, banjur tuwuh dukane.

2Tumuli ndedonga marang Pangeran Yehuwah, unjuke: “Dhuh Yehuwah, rak sampun makaten pangraos kawula, nalika kawula taksih wonten ing nagari kawula? Inggih punika sababipun, kawula nunten lumajeng dhateng Tarsis; awitdene kawula sumerep, bilih Paduka punika Gusti Allah ingkang asih-mirma tuwin welasan, ingkang ageng kasabaranipun, ingkang luber kadarmanipun saha ingkang apiduwung ing ngatasipun bilai ingkang badhe kadhawahaken.

3Ingkang punika, dhuh Yehuwah, mugi karsaa mundhut nyawa kawula, margi langkung sae kawula pejah tinimbang kaliyan gesang.”

4Nanging pangandikane Sang Yehuwah: “Anggonira nepsu iku apa wus sabenere?”

5Nabi Yunus wus medal saka ing kutha kono lan manggen ana ing sawetane. Ana ing kono damel gubug, sarta ngaub ing kono ngiras ngentosi kapriye bakal kadadeane iku.

6Pangeran Yehuwah banjur nukulake wit jarak, kang ngungkuli mustakane Nabi Yunus, satemah bisa ngeyubi lan dadi panglipuring dukane. Nabi Yunus remen banget marga saka anane wit jarak mau.

7Nanging esuke, nalika pletheking bangbang wetan Gusti Allah ndhatengake uler kang nggeges wite jarak, temah iku dadi alum.

8Bareng srengenge wus katon, Gusti Allah ndhatengake angin wetan kang panas banget, temah sorote srengenge mau gawe gerahe mustakane Nabi Yunus; Nabi Yunus banjur ambruk lan ngajap supaya seda, pangandikane: “Luwih becik aku mati bae tinimbang urip.”

9Ing kono pangandikane Gusti Allah marang Nabi Yunus: “Anggonira nepsoni wit jarak iku apa wis sabenere?” Unjuke Nabi Yunus: “Inggih sampun saleresipun kemawon anggen kawula nepsu ngantos dumugi pejah.”

10Pangandikane Pangeran Yehuwah: “Sira ngeman marang wit jarak, kang dudu rumatanira lan iya dudu sira kang nukulake iku, kang thukule sajrone sawengi lan alume iya sajrone sawengi.

11Apa iya Ingsun ora kudu ngeman marang Niniwe, kutha kang gedhe iku, kang pendhudhuke luwih saka satus rongpuluh ewu, kang durung weruh bedane tangan tengen karo tangan kiwa, sarta kang kewane luwih dening akeh iku?”



 <<  Yunus 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel