Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Zakharia 14 >> 

Kaunggulan kang wekasan: Pangeran Yehuwah jumeneng Ratu ana ing Yerusalem

1Lah bakal teka dina kang katetepake dening Pangeran Yehuwah, nuli barang darbekira kang dirayah bakal kaedum-edum ana ing tengahira.

2Ingsun bakal nglumpukake sakehe bangsa, kang bakal padha nglurugi perang marang Yerusalem, kutha iku nuli bakal direbut, omah-omahe padha dijarah-rayah, wonge wadon padha dirusuhi. Wong isine nagara separo kagawa metu menyang pambuwangan, nanging kekarene umat ora bakal katumpes saka ing kutha kono.

3Pangeran Yehuwah banjur bakal majeng perang nglawan bangsa-bangsa iku, kaya ing nalika dinaning campuh perang.

4Ing wektu iku sampeyane tumapak ana ing gunung Jaitun kang kaprenah iung sangarepe Yerusalem sisih wetan. Gunung Jaitun mau bakal binelah dadi loro, saka ing wetan mangulon, satemah banjur nganakake lebak kang jembar banget; sigarane gunung mau kang siji mingser mangalor, sijine mengidul.

5Lebaking gunung-gunungingSun bakal ketutupan, sabab lebaking gunung iku bakal notog ing sisihe; nuli sira bakal padha lumayu ngungsi kaya nalika sira ngungsi marga saka lindhu ing jamane Uzia, ratu ing Yehuda. Pangeran Yehuwah Gusti Allahku banjur bakal rawuh kadherekake dening sakehe para suci.

6Ing wektu iku bakal ora ana hawa adhem maneh utawa mangsa bedhidhing,

7nanging bakal ana dina -- dina iku kauningan dening Sang Yehuwah -- kang tanpa bengi lan tanpa awan, sarta bengi uga dadi awan.

8Karodene ing dina iku bakal ana banyu urip kang mili saka ing Yerusalem, kang separo mili menyang ing sagara sisih wetan, separone mili menyang ing sagara sisih kulon; bab iku bakal terus mangkono ing mangsa panas lan ing mangsa bedhidhing.

9Sang Yehuwah nuli bakal jumeneng Ratu, misesani salumahing bumi; ing wektu iku mung Pangeran Yehuwah kang jumeneng mribadeni lan mung asmane kang ana.

10Tlatahe tanah kono kabeh bakal malih dadi Araba-Yordan, saka ing Geba tekan ing Rimon ing sakidule Yerusalem. Nanging kutha iku bakal munggul dhuwur lan tetep dumunung ana ing panggonane, wiwit saka ing gapura Benyamin nganti tekan ing gapura kang lawas, yaiku gapura Pojok, lan saka menara Hananeel tekan ing pamipitaning anggur kraton.

11Para wong bakal tetep pamanggone ana ing kono, sabab panumpesan wus bakal ora ana maneh, lan Yerusalem bakal tetep ayem tentrem.

12Iki wewelak kang bakal kadhawahake dening Sang Yehuwah marang sakehe bangsa kang merangi Yerusalem: daginge wong-wong bakal dadi bosok ing nalikane isih ngadeg lan mripate bakal mlosoh ana ing growongane, mangkono uga ilate bakal dadi bosok ana ing cangkeme.

13Ing wektu iku bakal timbul geger gedhe kang asale saka Pangeran Yehuwah, nganti wong-wong padha candhak-cinandhak lan tempuh-tinempuh ing antarane kanca padha kanca.

14Yehuda uga bakal melu perang nglawan Yerusalem, kasugihane sakehe bangsa kang ana ing sakubenge bakal kaklumpukake, yaiku mas lan salaka sarta sandhangan kang cacahe luwih dening akeh.

15Wewelak kaya mangkono mau iya bakal tumempuh marang jaran, bihal lan unta sarta kuldi, mangkono maneh sarupane kewan kang ana ing pakemahan-pakemahan.

16Kekarene sakehe bangsa kang wus nglurugi perang Yerusalem, iku saben taun bakal padha seba ngabekti marang Sang Prabu, Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, lan mahargya riyaya Tancebing Tarub.

17Nanging manawa panunggalane para bangsa ing sajagad ora menyang Yerusalem, seba ngabekti marang Sang Prabu, Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, iku bakal ora kaparingan udan.

18Mangkono maneh manawa golonganing bangsa ing tanah Mesir ora seba ngadhep, bakal kataman wewelak kang kadhawahake dening Pangeran Yehuwah marang sakehe bangsa, kang ora seba mahargya riyaya Tancebing Tarub.

19Kaya mangkono kang bakal dadi paukumane wong Mesir, sarta paukumane sakehe bangsa kang ora seba mahargya riyaya Tancebing Tarub.

20Ing wektu iku dalah klinthingan jaran bakal ana tulisane kang muni: “Suci kagem Pangeran Yehuwah!” Sarta sakehe kuwali ing padalemane Sang Yehuwah dadi padha karo bokor-bokor panyiraman ing sangarepe misbyah.

21Apadene sakehe kuwali ing Yerusalem lan ing tanah Yehuda bakal padha dadi sengkeran kagem Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi; sakehe wong kang saos kurban bakal njupuk kuwali mau, kanggo nggegodhog. Ing wektu iku ing padalemane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi bakal wus ora ana maneh wong kang dedagangan.



 <<  Zakharia 14 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel