Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Zefanya 1 >> 

Bebuka

1Iki pangandikane Pangeran Yehuwah kang kadhawuhake marang Nabi Zefanya bin Kusyi bin Gedalya bin Amarya bin Hizkia, nalika jamane Sang Prabu Yosia putrane Sang Prabu Amon, nata ing Yehuda.

Paukuman ing dinane Pangeran Yehuwah

2“Ingsun bakal nyirnakake nganti resik samubarang kabeh saka ing salumahe bumi, mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

3Manungsa lan kewan bakal Suntumpes, manuk ing awang-awang lan iwak ing sagara samono uga. Ingsun bakal ngrubuhake wong duraka, sarta numpes manungsa saka ing salumahe bumi, mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

4Ingsun bakal ngagagake astaningSun marang Yehuda sarta sakehe wong isine Yerusalem. Kekarene Baal bakal Suntumpes saka ing panggonan iki dalah jenenge para imaming brahala.

5Mangkono uga para wong kang memuja marang wadya-bala ing langit lan kang nyembah kalawan sumpah setya demi Sang Yehuwah lan iya demi Dewa Milkom,

6karomaneh wong kang padha nyingkur marang Sang Yehuwah sarta ora ngupaya Pangeran Yehuwah lan ora neges marang Panjenengane.”

7Padha menenga ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, awit wus cedhak dinane Sang Yehuwah. Lah Pangeran Yehuwah wus nyawisake pista kurban, para kang ditimbali wus padha disucekake.

8“Ing dina pista kurbane Pangeran Yehuwah iku Ingsun bakal ngukum para pangarep, lan para anaking ratu sarta sakehe wong kang manganggo sandhangan ngamanca.

9Ing dina iku Ingsun bakal ndhawahake paukuman marang saben wong kang nglumpati tlundhaking lawang, kang ngebaki omahe bendarane kalawan panganiaya lan para cidra.

10Ing dina iku -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, bakal keprungu gumedering pasambat wiwit saka gapura Iwak lan pangadhuh wiwit ing pakampungan anyar, apadene jugruging tengger-tengger kang nggegirisi.

11He wong ing pakampungan Lumpang, padha sesambata, awitdene sakehing sudagar wus padha tumpes, wus sirna sakehe wong kang nimbangi salaka.

12Ing wektu iku Ingsun bakal nggledhah Yerusalem kalawan ngagem obor lan bakal ngukum marang wong kang wus padha ngenthel kaya anggur tumumpang ana ing endheg-endhege, lan kang duwe osik ing sajroning atine mangkene: Pangeran Yehuwah ora damel becik lan ora damel ala.

13Mulane sabarang darbeke dadi rayahan lan omahe bakal padha dadi sepi mamring. Manawa padha gawe omah, ora bakal ngenggoni, sarta manawa gawe pakebonan anggur, ora bakal ngombe anggure.”

14Wus cedhak dinane Sang Yehuwah kang ngedab-edabi iku, wus cedhak lan enggal banget tekane. Rungokna, dinane Sang Yehuwah iku pait, dalah para prawira uga bakal padha nangis.

15Dene iku dinaning bebendu, dina kasusahan lan karubedan, dinane gempuran lan panumpesan, dinaning pepeteng lan surem, dinane mendhung lan pegowong,

16dina ngunekake kalasangka lan surak-suraking perang nglawan kutha-kutha kang santosa sarta menara pojok kang dhuwur-dhuwur.

17Para wong Sundhawahi karubedan, nganti anggone lumaku kaya wong wuta, sabab wus padha gawe dosa marang Pangeran Yehuwah. Getihe bakal kaesokake kaya awu lan jerohane kabuwang kaya tlethong.

18Wong-wong iku ora kena kaluwaran kalawan salaka utawa mase, ing dina bebendune Sang Yehuwah; malah salumahing bumi bakal kamangsa dening genining bentere panggalihe Pangeran, marga Panjenengane ndhawahake karusakan, malah karusakan kang nggegirisi iku kacawisake kanggo sakehe wong kang padha manggon ing bumi.



 <<  Zefanya 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel