Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Korintus 1 >> 

1(1:1-2) Layang saka Rasul Paulus, sing katimbalan dadi rasulé Gusti Yésus Kristus saka kersané Gusti Allah, lan uga saka sedulur kita Sostenès, tumekaa marang pasamuwané Gusti Allah ing kutha Korintus, yaiku marang wong kabèh sing wis padha katimbalan dadi umaté Gusti Allah sing kasucèkaké srana enggoné tetunggalan karo Gusti Yésus Kristus; semono uga marang sakèhing wong ing ngendi waé, sing padha nyebut asmané Gusti Yésus dadi Gustiné, lan iya dadi Gusti kita.

2(1:1)

3Gusti Allah, Rama kita, lan Gusti Yésus Kristus, maringana sih-rahmat lan katentreman marang kowé.

4Aku tansah saos sukur marang Gusti Allah ing ngatasé kowé, merga saka sih-rahmat sing wis diparingaké marang kowé lantaran Gusti Kristus Yésus.

5Sebab ing sajroné patunggalanmu karo Gusti Kristus, kowé wis padha dadi sugih samubarang, iya bab enggonmu caturan, iya bab kawruhmu.

6Piwulang bab Gusti Kristus kuwi wis rumesep ana ing atimu,

7nganti sajroné kowé isih padha ngarep-arep rawuhé Gusti Yésus Kristus, kowé wis padha nampa sarupaning ganjaran saka Rohé Gusti Allah.

8Mengkono uga Sang Kristus piyambak bakal ngreksa marang kowé nganti tekan ing wekasan, supaya mbésuk ing Dinané Gusti rawuh, ngadili jagad iki, kowé padha tinemu tanpa cacad.

9Gusti Allah Mahasetya wis nimbali kowé marang patunggilané Kang Putra, Gusti Yésus Kristus, iya Gusti kita.

10Atas asmané Gusti kita Yésus Kristus, wanti-wanti welingku marang kowé kabèh, para sedulur, supaya padha tunggala ing panemu tumrap prekara-prekara sing padha kokrembug, supaya panemumu aja nganti béda-béda. Padha tunggala pikiran lan kekarepan.

11Sebab aku krungu saka wong-wong ing brayaté Kloè, yèn ing antaramu ana dredah,

12siji lan sijiné padha élon-élonan. Sing siji muni: "Aku mèlu Rasul Paulus," liyané muni: "Aku mèlu Apolos," liyané menèh muni: "Aku mèlu Rasul Pétrus," lan wong liya menèh muni: "Aku pendhèrèké Sang Kristus."

13Apa Sang Kristus kuwi pisah-pisah dadi pirang-pirang golongan? Apa Rasul Paulus mati disalib kanggo kowé? Apa kowé biyèn padha dibaptis, supaya dadi muridé Rasul Paulus?

14Aku saos sukur marang Gusti Allah, déné aku ora mbaptis sapa-sapa ana ing antaramu, kejaba mung Krispus lan Gayus.

15Temah ora ana wong sing bisa ngarani, yèn kowé biyèn padha dibaptis supaya dadi murid-muridku.

16(O, iya aku lali, pancèn aku biyèn mbaptis Stéfanussabrayaté; nanging saélingku ora ana wong liyané menèh sing tau dakbaptis.)

17Sang Kristus ora ngutus aku supaya mbaptis wong. Panjenengané ngutus aku ngabaraké Injil, lan mulangaké Injil mau nganggo basa sing prasaja, ora manut kawicaksanané manungsa. Awit yèn nganggo basa sing manut kawicaksanané manungsa, sédané Sang Kristus ing kayu salib dadi nglaha lan sakèhé daya kasektèné dadi ora ana paédahé.

18Awit tumraping wong sing bakal nampa paukumané Gusti Allah, pawarta bab sédané Gusti Yésus Kristus ana ing kayu salib kuwi dianggep prekara sing tanpa teges. Nanging tumrapé kita sing kapitulungan slamet, Sang Kristus kuwi wujudé kasektèné Gusti Allah.

19Ana ing Kitab Suci Gusti Allah ngandika: "Aku bakal mbuyaraké kawicaksanané para wong wasis, lan kawruhé wong pinter bakal Daklebur."

20Yèn mengkono, panemuné wong-wong wicaksana banjur kepriyé? Semono uga kepriyé panemuné wong-wong pinter? Apa déné panemuné para ahli pikir jaman saiki banjur kepriyé? Gusti Allah wis mratélakaké, yèn kapinterané manungsa kuwi tanpa teges.

21Awit saka kawicaksanané, Gusti Allah wis netepaké yèn manungsa ora bakal bisa wanuh marang Gusti Allah saka kapinterané dhéwé. Kosokbaliné, Gusti Allah wis nemtokaké bakal paring slamet marang wong sing precaya marang pawarta, sing padha dakwartakaké, sing déning wong kadonyan dianggep ngayawara.

22Wong Yahudi padha njaluk mujijat minangka bukti, lan wong Yunani padha mburu kawicaksanan.

23Nanging tumrap kita, kita padha martakaké bab Sang Kristus sing disalib, yakuwi pawarta sing kanggoné wong Yahudi dadi sandhungan (marakaké tumiba ing dosa), lan tumraping wong dudu Yahudi (wong kapir) pawarta mau sawijining prekara sing ora tinemu ing nalar.

24Nanging tumraping wong sing padha katimbalan déning Gusti Allah, wonga Yahudi, wonga kapir, bab Sang Kristus kuwi pangwasa lan kawicaksanané Gusti Allah.

25Sebab pakaryané Gusti Allah, sing katoné bodho, nyatané luwih wicaksana ketimbang karo kawicaksanané manungsa, lan pakaryané Gusti Allah sing katoné tanpa daya, jebul luwih rosa ketimbang karo kekuwatané manungsa.

26Para sedulur! Élinga marang kaanan nalika kowé padha katimbalan déning Gusti Allah. Rak mung sethithik cacahé wong sing wasis utawa sing dadi penggedhé, utawa sing duwé pangkat dhuwur manut pétungané manungsa.

27Nanging, Gusti Allah milih wong sing dianggep bodho déning jagad iki, supaya gawé wirangé para wong wicaksana. Mengkono uga Gusti Allah milih wong-wong sing ringkih, manut pétungané jagad, kanggo mirangaké wong-wong sing rosa.

28Sing dianggep asor lan nistha, sing dianggep ora ana ajiné déning jagad, yakuwi sing dipilih déning Gusti Allah, supaya ngorakna apa sing dianggep aji déning jagad.

29Srana mengkono ora ana wong sing bisa gumunggung ana ing ngarsané Gusti Allah.

30Nanging Gusti Allah wis nunggilaké kowé karo Sang Kristus Yésus, lan Gusti Allah wis nemtokaké Sang Kristus dadi kawicaksanan kita; lantaran Sang Kristus kita padha karukunaké karo Gusti Allah. Merga Sang Kristus kita padha dadi umaté Gusti Allah kang suci. Kita wis dimerdikakaké!

31Mulané, kaya sing dingandikakaké Gusti Allah ana ing Kitab Suci: "Sing sapa arep gumunggung, ngegungna apa sing wis katindakaké déning Gusti Allah."



 <<  1 Korintus 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel