Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Korintus 2 >> 

1Para sedulur, dhèk biyèn nalika aku nekani kowé, martakaké kayektèné Gusti Allah, yakuwi kayektèn sing winadi, aku ora migunakaké tembung sing dakik-dakik utawa kawruh sing jero-jero.

2Sebab selawasé aku ana ing antaramu, atiku wis kenceng ora arep mikiraké apa-apa kejaba Gusti Yésus Kristus, luwih-luwih bab sédané ana ing kayu salib.

3Mulané nalika aku nekani kowé, aku rumangsa tanpa daya lan gumeter merga wedi.

4Enggonku memulang lan ngabaraké Injil ora srana tembung sing muluk-muluk manut kapinterané manungsa, nanging srana bukti sing mratélakaké kwasaning Rohé Gusti Allah.

5Precayamu nalika semana iya ora adhedhasar kawicaksanané manungsa, nanging landhesan pangwasané Gusti Allah.

6Senajan mengkono, aku uga ngrembug bab kawicaksanan karo wong-wong Kristen, sing jiwané wis diwasa. Dudu kawicaksanan kadonyan, utawa kawicaksanané para pangwasa sing ngerèh jagad sing bakal sirna iki.

7Kawicaksanan sing dakkarepaké kuwi kawicaksanané Gusti Allah, yakuwi wewadi sing ora disumurupi déning manungsa, lan sing wis ana sadurungé jagad katitahaké; kuwi mau kabèh ditemtokaké déning Gusti Allah murih kamulyan kita.

8Para pangwasané jagad iki ora ana siji waé sing ngerti marang kawicaksanané Gusti Allah mau. Saupama ngertia, wong-wong rak ora padha nyalib Gusti sing Mahamulya kuwi.

9Nanging kaya sing dingandikakaké ana ing Kitab Suci: "Apa sing durung tau dideleng utawa dirungu, apa sing ora dipikiraké déning manungsa, ya prekara-prekara kuwi sing wis dicawisaké déning Gusti Allah kanggo wong sing padha tresna marang Panjenengané."

10Gusti Allah nglairaké wewadiné mau marang kita lantaran Sang Roh Suci. Rohé Gusti Allah kuwi nitipriksa samubarang, dalasan kersané Gusti Allah sing winadi, iya dititi priksa.

11Kaya déné rohé manungsa sing ngerti marang isining atiné dhéwé, mengkono uga Sang Roh Suci iya pirsa penggalihé Gusti Allah.

12Kita padha ora nampani rohé donya iki, nanging padha nampani Rohé Gusti Allah, supaya kita padha ngerti marang sadhéngah prekara sing wis diparingaké déning Gusti Allah marang kita.

13Mulané menawa aku padha nerangaké bab kayektèné Gusti Allah marang wong-wong sing padha nduwèni Rohé Gusti Allah, aku ora padha nganggo kawicaksanané manungsa, nanging manut piwulanging Rohé Gusti Allah.

14Sing sapa ora kadunungan Rohé Gusti Allah, ora bisa nampa lan ngerti marang ganjaran-ganjaran sing diparingaké déning Roh mau. Ing ngatasé ganjaran-ganjaran kuwi manungsa dianggep bodho; sebab bisané ngerti mung yèn kabiyantu déning Rohé Gusti Allah.

15Wong sing kadunungan Rohé Gusti Allah kuwi ngerti samubarang, nanging ora ana wong sing bisa nliti marang dhèwèké.

16Kaya surasané Kitab Suci sing mengkéné: "Sapa ta sing ngerti penggalihé Pangéran, nganti bisa mulang Panjenengané?" Nanging kita padha ngerti marang penggalihé Sang Kristus!



 <<  1 Korintus 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel