Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Korintus 3 >> 

1Satemené para sedulur, aku ora bisa rembugan karo kowé, kaya karo wong-wong sing kadunungan Rohé Gusti Allah. Aku kepeksa rembugan karo kowé kaya karo wong-wong kadonyan, sing tumraping iman Kristen isih kaya bocah cilik.

2Wiwit biyèn kowé kepeksa isih dakwènèhi susu, dudu panganan sing akas, sebab kowé durung bisa nampa. Lan tekan saiki kowé iya durung bisa.

3Sebab uripmu isih kaya wong-wong kadonyan. Menawa ing antaramu isih ana kemèrèn lan pasulayan, apa kuwi ora nélakaké yèn uripmu isih cara kadonyan, yakuwi manut ukuran lan patrap sing dianut déning donya iki.

4Menawa ana wong sing muni: "Aku mèlu Rasul Paulus," lan liyané muni "Aku mèlu Apolos," apa sing mengkono kuwi dudu patrapé wong-wong kadonyan?

5Sapa ta Apolos kuwi? Lan sapa ta Paulus? Wong-wong kuwi rak mung para abdiné Gusti Allah, sing nuntun kowé dadi wong precaya. Aku iki mung padha sadrema nyambut-gawé nglakoni dhawuhé Gusti Allah.

6Aku sing nandur, Apolos sing nyiram, nanging Gusti Allah piyambak sing nuwuhaké.

7Wong sing nandur lan wong sing nyirami kuwi ora penting. Sing penting kuwi Gusti Allah, sebab Panjenengané sing nuwuhaké.

8Wong sing nandur lan wong sing nyirami kuwi ora ana bédané; Gusti Allah bakal paring ganjaran marang siji-sijiné manut pegawéané dhéwé-dhéwé.

9Aku iki padha réwangé nyambut-gawé lan kowé, palemahan sing digarap déning Gusti Allah. Kowé kuwi uga gedhong sing diyasa déning Gusti Allah.

10Srana migunakaké kapinteran peparingé Gusti Allah, aku dadi tukang gawé omah sing yasa pondhasiné, lan wong liya sing mbangun ana ing sandhuwuré pondhasi mau.

11Sebab Gusti Allah piyambak wis nemtokaké yèn mung Gusti Yésus Kristus sing dadi pondhasiné gedhong mau.

12Ana wong sing migunakaké emas, utawa slaka, utawa watu sing adi kanggo ngedegaké bangunan ing sandhuwuré pondhasi; ana menèh sing migunakaké kayu, utawa suket garing, utawa damèn.

13Bab apik lan orané garapané wong siji-sijiné mau bakal ketitik mbésuk ing Dinané Sang Kristus; sebab ing Dina mau, garapané saben wong bakal dilèlèr nganggo geni. Geni mau sing bakal nélakaké becik lan orané garapan.

14Yèn sing dibangun ing sandhuwuré pondhasi mau diobong ora mempan, wongé sing mbangun bakal tampa ganjaran.

15Nanging yèn garapané kobong, bakal kapitunan; nanging wong mau dhéwé bakal slamet, senajan patrapé kaya wong sing luwar saka omah sing kobong.

16Apa kowé padha ora ngerti yèn kowé kuwi gedhong pedalemané Gusti Allah, sebab Rohé Allah dumunung ana ing kowé!

17Sapa sing ngrusak gedhong pedalemané Gusti Allah, Gusti Allah iya bakal ngrusak wong mau. Gedhong pedalemané Gusti Allah kuwi suci, lan gedhong mau iya kowé kuwi.

18Aja ana wong sing ngapusi awaké dhéwé. Yèn ing antaramu ana wong sing duwé pengira dadi wong wicaksana manut ukuran kadonyan, bèn wong kuwi dadi bodho, supaya bisa wicaksana temenan.

19Sebab apa sing dianggep wicaksana déning jagad kuwi déning Gusti Allah dianggep bodho. Kaya surasané Kitab Suci: "Wong-wong pinter kuwi dikala déning Gusti Allah srana kapinterané wong mau dhéwé!"

20Ayat ing Kitab Suci liyané mengkéné: "Gusti Allah pirsa yèn pangothak-athiké wong pinter kuwi kabèh tanpa guna."

21Mulané aja nganti ana wong sing ngegung-egungaké kapinterané manungsa. Samubarang kabèh kuwi wis dadi duwèkmu.

22Paulus, Apolos, Pétrus, jaman saiki lan jaman sing bakal kelakon kuwi kabèh duwèkmu,

23semono uga kowé kabèh iku kagungané Sang Kristus, lan Sang Kristus kagungané Gusti Allah.



 <<  1 Korintus 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel