Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Korintus 4 >> 

1Mulané aku iki padha anggepen para abdiné Sang Kristus, sing dipitaya rumeksa marang wewadiné Gusti Allah sing gegayutan karo kayektèn.

2Tumraping abdi sing dipitaya kaya mengkono mau saraté mung siji, yakuwi setya marang bendarané.

3Aku ora mreduli penganggepmu utawa penganggepé wong liya tumrap awakku dhéwé.

4Aku ora rumangsa salah, nanging ora ateges yèn aku iki ora duwé keluputan. Sing ngadili aku iki Gusti piyambak.

5Mulané kowé aja ngadili wong yèn durung tekan wektuné. Pengadilan sing pungkasan kuwi ngentèni mbésuk sarawuhé Gusti Yésus. Panjenengané sing bakal medharaké sakèhé wewadi sing sumimpen ana ing atiné manungsa. Ing kono saben wong bakal olèh pengalem saka Gusti Allah, manut penggawéné dhéwé-dhéwé.

6Merga kowé, para sedulur, aku wis ngetrapaké kuwi mau kabèh marang Apolos lan marang aku dhéwé. Aku lan Apolos padha dakenggo tuladha, supaya kowé ngerti apa tegesé unèn-unèn: "Prenatan sing bener kuwi gugunen," supaya ing antaramu aja ana sing ngegung-egungaké salah sijiné wong lan nyepèlèkaké wong liyané.

7Sapa sing wis ndadèkaké kowé kinacèk karo wong liyané? Apa dudu Gusti Allah sing maringaké samubarang sing ana ing kowé? Kepriyé bisamu kumlungkung, kaya-kaya sing kokduwèni kuwi ora mung kari nampa?

8Pancèn kowé wis ora butuh apa-apa menèh! Kowé wis dadi sugih! Kowé wis padha dadi ratu! Aku malah padha durung dadi ratu. Aku kepéngin yèn kowé dadia ratu temenan, supaya aku padha bisa mèlu mréntah bebarengan karo kowé.

9Sebab manut panemuku, Gusti Allah wis maringi aku, para rasul, pangkat sing asor dhéwé, kaya déné wong-wong sing ditibani paukuman pati ana ing ngarepé umum, supaya dadia tontonané para malaékat lan manungsa.

10Krana Sang Kristus aku dadi wong sing bodho; nanging kowé dadi wong-wong Kristen sing wicaksana! Aku padha dadi wong sing tanpa daya, nanging kowé dadi wong-wong sing rosa! Aku padha dicecamah, nanging kowé padha kinurmatan!

11Nganti wektu iki aku padha kaliren lan kasatan; aku padha nggombal, aku padha digebugi; aku padha mlayu ngungsi saka panggonan siji menyang panggonan sijiné;

12aku kudu padha nyambut-gawé abot supaya olèh pangan. Yèn dipoyoki, aku padha males mberkahi; yèn dianiaya aku padha sabar;

13yèn dipitenah aku padha males nganggo tembung sumèh. Tekan wektu iki, aku mung padha dadi larahaning jagad; aku iki dianggep déning umum dadi leletheking bumi.

14Enggonku nulis marang kowé iki, ora merga aku arep gawé wirangmu, nanging arep mulang lan momong kowé kaya anak-anakku dhéwé sing daktresnani.

15Sebab senajan kowé wong Kristen duwé guru saleksa, nanging bapakmu mung siji. Sajroning uripmu dadi wong Kristen, aku iki bapakmu, awit ya aku iki sing nggawa pawarta Injil marang kowé.

16Pituturku marang kowé: Kowé padha nulada marang aku.

17Mulané aku ngirim Timotius nekani kowé. Ing ngatasé wong Kristen, Timotius kuwi wis kaya anakku dhéwé sing daktresnani lan sing setya ana ing Gusti. Timotius uga bakal ngélingaké kowé, bab pathokan-pathokan sing dakanut sajroning urip anyar iki, sing kaparingaké déning Gusti Yésus Kristus, sing uga dakwulangaké marang para pasamuwan kabèh, ana ing endi waé.

18Ing antaramu ana wong sing padha kumenthus, merga padha duwé pengira yèn aku ora bakal nekani kowé menèh.

19Nanging yèn Gusti marengaké, aku bakal énggal nekani kowé. Ing kono aku kepéngin weruh apa penggawéné wong-wong sing padha kumenthus mau, dudu tembungé.

20Sebab Kratoné Gusti Allah kuwi ora wujud tembung, nanging awujud kasektèn.

21Banjur endi sing kokpilih? Apa tekaku kudu nggawa pecut apa katresnan lan kesabaran?



 <<  1 Korintus 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel