Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Korintus 6 >> 

1Menawa ana panunggalanmu sing prekaran karo padha sedulur, koktegel-tegelé wong mau ngajokaké gugatan marang hakim-hakim sing ora wanuh marang Gusti Allah. Rak kuduné wong mau masrahaké prekarané supaya dirampungaké déning umaté Gusti Allah dhéwé.

2Apa kowé ora ngerti yèn umaté Gusti Allah kuwi bakal ngadili jagad iki? Menawa kowé bakal ngadili jagad iki, apa kowé ora bisa ngadili prekara-prekara sing sepélé mau?

3Apa kowé padha ora ngerti, yèn kita iki bakal ngadili para malaékat? Apa menèh prekara-prekara sing magepokan karo urip ing sedina-dina iki.

4Menawa ana kedadéan-kedadéan sing mengkono, apa sebabé prekara mau kokpasrahaké marang wong-wong sing padha ora duwé kalungguhan apa-apa ana ing pasamuwan Kristen?

5Apa kuwi ora ngisin-isini banget? Saora-orané mesthi ana wong siji ing antaramu sing wicaksana, sing bisa ngrampungi prekarané sedulur loro sing padha padu mau.

6La koksedulur sing padha padu mau malah koktégakaké padha golèk adil menyang sing ora precaya.

7Satemené anané wong padha prekaran ing antaramu kuwi waé wis nélakaké, yèn uripmu tata Kristen kuwi asor banget. Apa ora luwih becik kowé digawé sewenang-wenang? Apa ora luwih becik kowé nandhang kapitunan?

8Généa kokmalah kowé dhéwé padha tumindak sewenang-wenang ing kalanganmu dhéwé, sing siji gawé pitunané sijiné, malah karo padha sedulurmu dhéwé?

9Kowé mesthi iya wis padha ngerti, yèn wong ala mau ora bakal olèh kabegjan ana ing Kratoné Gusti Allah. Aja padha ngapusi awakmu dhéwé. Wong sing kelakuané ala utawa sing nyembah brahala, utawa laku jina, utawa dadi rampog, laku jindik,

10wong-wong sing ngrodha-peksa, utawa sing karem bandha, utawa sing dhemen mendem, kuwi kabèh bakal padha ora mèlu nampa kabegjan ana ing Kratoné Gusti Allah.

11Kaya mengkono biyèn kaanané wong sawetara kang ana ing tengahmu. Nanging saiki dosamu wis diresiki. Kowé wis padha disaosaké marang Gusti Allah. Kowé wis padha karukunaké karo Gusti Allah, srana pangwasané Gusti Yésus Kristus lan Rohé Allah kita.

12Bisa uga ana wong sing muni: "Aku wenang nindakaké samubarang." Bener! Nanging ora samubarang kuwi maédahi marang kowé. Aku uga bisa muni: "Aku wenang nindakaké samubarang," nanging aku emoh dadi baturé samubarang.

13Ana uga wong sing muni: "Pangan kuwi mung kanggo weteng, lan weteng kuwi mung kanggo pangan." Kuwi iya bener. Nanging karo-karoné bakal dirusak déning Gusti Allah. Badan ora samesthiné kanggo laku jina, nanging kanggo ngladèni kersané Gusti; lan Gusti pancèn kersa ngagem badan mau.

14Gusti Allah wis mungokaké Gusti Yésus saka ing séda, mengkono uga Gusti Allah bakal nangèkaké kita srana pangwasané.

15Kowé wis ngerti yèn badanmu kuwi péranganing sarirané Sang Kristus. Apa pantes yèn aku njupuk péranganing sarirané Sang Kristus mau salah siji dakdadèkaké péranganing badané sundel? Mesthi ora!

16Apa kowé padha ora ngerti yèn wong sing kawin karo sundel kuwi dadi badan siji karo sundel mau? Kaya sing kasebutaké déning Kitab klawan cetha mengkéné: "Loro-loroné bakal dadi daging siji."

17Nanging sing sapa nunggalaké badané karo Gusti Yésus, wong mau manut tata rohani dadi badan siji karo Gusti Yésus.

18Padha ngedohana laku jina! Sarupaning dosa sing dudu laku jina, ditindakaké déning wong sanjabané badan, nanging wong sing laku jina kuwi ngrusak awaké dhéwé.

19Apa kowé padha ora ngerti, yèn badanmu kuwi dadi pedalemané Sang Roh Suci? Roh Suci sing kaparingaké déning Gusti Allah marang kowé. Kowé kuwi dudu duwèkmu dhéwé, nanging kagungané Gusti Allah.

20Kowé wis ditumbas déning Gusti Allah klawan rega sing larang. Mulané badanmu mau enggonen ngluhuraké Gusti Allah.



 <<  1 Korintus 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel