Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Petrus 3 >> 

1Mengkono uga kowé para wong wadon, padha sumuyuda marang bojomu, supaya menawa ana wong sing ora precaya marang pangandikané Allah, padha kagèndènga dadi wong precaya, merga saka tingkah lakumu, tanpa nganggo ngucapaké apa-apa,

2mung merga saka nyawang kelakuanmu sing lugu lan mursid iku.

3Aja ngemenaké enggonmu dandan tata lair, kayata: srana enggonmu nata rambut, utawa menganggo sandhangan sing éndah.

4Nanging kaéndahanmu katona saka kasusilanmu, yakuwi saka kaluhuraning batin sing sarèh lan anteng. Ya sing mengkono kuwi sing langgeng lan pengaji ana ing ngarsané Allah.

5Kaya mengkono kuwi patrapé para wong wadon sing precaya dhèk jaman biyèn olèhé padha ngrengga awaké. Wong-wong mau padha sumuyud marang para bojoné.

6Mengkono uga Ibu Sarah, panjenengané sumuyud marang Rama Abraham kang disebut "bendara". Kowé kuwi rak para putrané putri, semono mau yèn kowé padha nglakoni sing becik lan ora wedi karo sapa waé.

7Semono uga kowé, para wong lanang, enggonmu jejodhoan nganggoa duga-duga, nganggo ngèlingi yèn bojomu luwih ringkih badané. Padha ajènana merga bojomu kuwi uga wong sing uripé saka sih-rahmaté Allah kaya kowé, supaya pandongamu ana ing ngarsané Allah ora kaalangan.

8Wasana kowé kabèh padha nunggala rasa lan budi. Padha tresna-tinresnanana kaya sedulur, ambek welasan andhap-asor.

9Aja males piala nganggo piala, ipat-ipat nganggo ipat-ipat. Malah padha mujèkna becik, merga iya mengkono kuwi maksudé enggonmu padha tinimbalan, supaya kowé padha kaberkahana. Sebab:

10"Sing sapa seneng urip lan kepéngin ngrasakaké dina-dina sing becik, kudu mekak ilaté, aja nganti kewetu kang ala sarta nyegah lambéné ngucapaké sing goroh.

11Nyingkirana piala, sarta nglakonana kang becik, sabisa-bisa ngudi bisané nggayuh katentreman.

12Awit tingalé Allah iku tumuju marang para wong sing ngèstokaké dhawuhé, lan talingané nilingaké pandongané; nanging wong sing nglakoni piala dilawan déning Pangéran."

13Sapa sing arep gawé ala karo kowé, yèn kowé sregep nglakoni kabecikan?

14Nanging senajan kowé kudu nandhang sangsara pisan merga saka enggonmu nglakoni prekara sing becik, kowé bakal begja. Mulané aja padha wedi karo apa utawa sapa waé lan aja padha kuwatir.

15Nanging padha ngluhurna Sang Kristus ana ing atimu krana enggoné jumeneng Allah. Ditansah cumadhang awèh ketrangan marang saben wong bab keyakinanmu, diklawan alus lan andhap-asor.

16Mengkono uga klawan rumangsané ati kang resik, supaya wong sing mitenah marang kowé merga enggonmu padha dadi muridé Sang Kristus, padha kawelèh déning kelakuanmu mau.

17Awit menawa pancèn dikersakaké déning Gusti Allah, luwih becik kowé nandhang sangsara merga saka penggawé bener, ketimbang karo nandhang sangsara merga nglakoni piala.

18Awit Sang Kristus piyambak nglampahi sangsara merga saka kowé. Panjenengané séda sepisan kanggo selawasé krana sakèhing dosa kita. Panjenengané kang tanpa dosa, nglampahi séda kanggo wong-wong dosa, supaya Panjenengané saged nyowanaké kita ana ing ngarsané Allah. Tumraping sarirané, Panjenengané disédani, nanging tumraping rohé Panjenengané kawungokaké.

19Srana kawontenané sing wujud roh mau Panjenengané martosaké Injil marang roh-roh sing padha dikunjara:

20yakuwi roh-rohé para wong sing dhèk jamané Nabi Nuh yasa prau padha ora mbangun-turut marang Gusti Allah, senajan Gusti Allah wis ngantos-antos klawan sabar. Mung wong sawetara, yakuwi wong wolu ing sajroning prau sing dislametaké, oncat saka banjir mau.

21Semono uga kowé saiki kapitulungan slamet kanggo ibarating lelakon mau, yakuwi baptis, sing maksudé ora kanggo ngresiki reregeding badan, nanging minangka janji sing kokucapaké ing ngarsané Allah saka ati sing resik. Baptisan kuwi sing mitulungi slamet marang kowé merga déning wunguné Sang Kristus Yésus,

22kang wis sumengka ing swarga lan saiki ngasta Pepréntahan bebarengan karo Gusti Allah, ngerèh sakèhing malaékat, para pangwasa lan para pamisésa kang ana ing langit.



 <<  1 Petrus 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel