Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Raja-raja 15 >> 

1Abiam enggoné jumeneng raja nalika Yérobéam, raja ing Israèl wis nyandhak wolulas tauné.

2Abiam mau enggoné dadi raja lawasé telung taun. Kedhatoné ana ing Yérusalèm. Asmané ibuné Maaka, putriné Absalom.

3Abiam niru lelakoné ramané. Enggoné ngabekti marang Allah ora temenan, béda karo Dawud, leluhuré.

4Nanging merga saka Dawud, Gusti Allah paring anak lanang marang Abiam, kanggo ngganti dadi raja ing Yérusalèm lan kanggo nglestarèkaké kutha mau.

5Sing mengkono mau merga Dawud lelampahané gawé renaning penggalihé Allah lan ora tau nglirwakaké dhawuh-dhawuhé Pangéran, kejaba mung ing bab prekarané karo Uria wong Hèt biyèn.

6Selawasé jumeneng Raja Abiam tansah perang karo Yérobéam.

7Riwayaté Raja Abiam liyané wis katulis ing Kitab Sejarahé Raja-raja Yéhuda.

8Abiam séda lan disarèkaké ing kuthané Dawud. Asa, putrané, nggentèni dadi raja.

9Nalika Asa jumeneng raja ing Yéhuda, Yérobéam enggoné dadi raja ing Israèl nyandhak rong puluh taun.

10Asa enggoné jumeneng raja ing Yérusalèm lawasé patang puluh siji taun. Asmané éyangé Maaka, putriné Abisalom.

11Asa sugengé gawé renaning penggalihé Allah, kaya Dawud leluhuré.

12Para wanita tuna susila sing padha ngladèni ing papan-papan panyembahan déwa-déwa padha dilungakaké kabèh, lan brahala-brahala satanah Yéhuda yasané raja-raja sadurungé panjenengané, kabèh dirusak.

13Maaka, éyangé, dipecat saka kalenggahané ibu suri, merga wis damel reca cabul, sing kanggo nyembah marang Asyéra, dèwi kesuburan. Brahala mau dirubuhaké lan diobong ing Lembah Kidron.

14Senajan ora kabèh papan panyembahan brahala mau dirubuhaké, nanging selawasé sugengé, Asa setya marang Allah.

15Barang-barang kabèh sing wis disaosaké déning ramané marang Allah dilebokaké ing Pedalemané Allah, mengkono uga barang-barang sing disaosaké dhéwé déning Asa rupa emas lan slaka.

16Selawasé jumeneng raja ing Yéhuda, Asa tansah perang karo Baésa, raja ing Israèl.

17Baésa gawéné nyerang Yéhuda, mulané kutha Rama disentosani supaya dalan sing kanggo mlebu metu menyang Yéhuda ora kena dienggo liwat.

18Raja Asa banjur mundhuti slaka lan emas sing isih kari ana ing Pedalemané Allah lan ing kedhaton, dikirim menyang Damsyik kagem Bènhadad, raja Siria, putrané Tabrimon, wayahé Hézion. Barang-barang mau digawakaké punggawa kedhaton, sing diutus mrana karo diweling matur mengkéné,

19"Sumangga kita damel prejanjian memitran kados bapak kula lan bapak panjenengan rumiyin. Sareng kaliyan serat menika kula nyaosaken tandha tresna, ngiras ngaturi panjenengan medhot sesambetan kaliyan Baésa, raja ing Israèl, supados piyambakipun narik wangsul tentaranipun saking wilayah kula."

20Bènhadad setuju karo usulé Raja Asa mau, banjur utusan perwira-perwira lan tentarané, nyerang kutha-kutha ing Israèl. Kutha-kutha sing ditelukaké yakuwi: Iyon, Dhan, Abèl-Bèt-Maaka lan Kinérot, sarta wilayah Naftali kabèh.

21Bareng krungu pawarta mau Baésa banjur mandheg enggoné nyentosani kutha Rama sarta bali menyang Tirza.

22Sawisé mengkono Raja Asa banjur dhawuh marang wong sawilayah Yéhuda kabèh, supaya ngusungi watu lan kayu sing dienggo déning Baésa kanggo nyantosani kutha Rama, lan digawa menyang Mizpa lan Géba, ing wilayah Bènyamin, kanggo nyentosani kutha-kutha mau.

23Riwayaté Raja Asa liyané, yakuwi bab kaprewirané lan kutha-kutha sing disentosani, wis ditulis ing Kitab Sejarahé Raja-raja Yéhuda. Bareng ngunduri sepuh Asa gerah sampéyané karo pisan.

24Asa séda lan disarèkaké ing pesaréané raja-raja ing kuthané Dawud. Yosafat, putrané, nggentèni dadi raja.

25Nalika Asa enggoné jumeneng raja ing Yéhuda nyandhak rong taun, Nadab putrané Raja Yérobéam dadi raja ing Israèl, lawasé rong taun.

26Ora béda karo ramané, Nadab nglampahi dosa ing ngarsané Allah, temah njalari wong Israèl padha mèlu gawé dosa.

27Baésa bin Ahia saka taler Isakar gawé komplotan nglawan marang Nadab, nganti Nadab disédani. Nalika semono Nadab karo tentarané lagi ngepung kutha Gibeton, ing tanah Filistia.

28Kedadéané kuwi nalika Asa enggoné jumeneng raja ing Yéhuda nyandhak telung taun. Baésa banjur nggentèni Nadab jumeneng raja ing Israèl.

29Bareng Baésa dadi raja, kulawargané Yérobéam banjur dipatèni kabèh. Cèples karo pangandikané Allah lantaran Nabi Ahia, saka Silo, yèn kulawargané Yérobéam bakal dipatèni kabèh, siji waé ora ana sing kari,

30merga Yérobéam wis nglakoni dosa lan njalari wong Israèl mèlu gawé dosa. Srana mengkono Yérobéam gawé dukané Pangéran Allah sesembahané Israèl.

31Riwayaté Raja Nadab wis katulis ing Kitab Sejarahé Raja-raja Israèl.

32Selawasé Baésa dadi raja ing Israèl, tansah ana perang antarané Baésa lan Asa, raja ing Yéhuda.

33Nalika Asa enggoné jumeneng raja ing Yéhuda nyandhak telung taun, Baésa bin Ahia dadi raja ngerèh tanah Israèl sisih Lor. Dalemé ana ing Tirza lan enggoné jumeneng raja lawasé patlikur taun.

34Ora béda karo Yérobéam, sing jumeneng raja sadurungé, Baésa uga gawé dosa marang Pangéran lan njalari wong Israèl padha mèlu gawé dosa.



 <<  1 Raja-raja 15 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel