Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Raja-raja 17 >> 

1Ing sawijining dina ana nabi, asmané Élia saka Tisbè ing Giléad, sowan ing ngarsané Raja Akhab, aturé, "Demi Pangéran, Allah ingkang gesang, ingkang kasembah déning tiyang Israèl, kula ngaturi pirsa dhateng Sang Prabu, bilih salebetipun kalih utawi tigang taun ingkang badhé kelampahan menika mboten badhé wonten bun utawi jawah satètès kémawon, kejawi menawi kula nyariyosaken."

2Sawisé mengkono Gusti Allah ngandika marang Élia,

3"Lungaa saka kéné mengétan menyang sabrangé Kali Yardèn lan ndhelika ana ing sacedhaké Kali Kerit.

4Kowé bisa ngombé saka kali kuwi lan mangan pangan sing diteraké manuk-manuk gagak sing Dakutus mrono."

5Élia netepi dhawuhé Allah lan lunga menyang Kali Kerit sarta manggon ana ing kono.

6Élia ngombé saka kali kono lan mangan roti sarta daging sing diteraké déning manuk gagak, saben ésuk lan soré.

7Ora wetara suwé Kali Kerit iya sat, merga ora ana udan.

8Gusti Allah banjur ngandika marang Élia,

9"Saiki lungaa menyang Sarfat, sacedhaké Sidon lan manggona ing kana. Aku wis dhawuh marang sawijining randha supaya awèh mangan marang kowé."

10Élia banjur tindak menyang Sarfat. Bareng tekan gapuraning kutha kono, pirsa ana randha lagi amèk kayu. Dhawuhé Élia marang wong wadon mau, "Aku arep ngombé, jupukna."

11Nalika wong wadon mau lagi mlaku njupukaké banyu, Élia ngandika, "Aku jupukna roti saemplokan."

12Wong wadon mau mangsuli, "Demi Allah ingkang gesang, ingkang panjenengan bektèni, kula matur blaka, bilih kula mboten gadhah roti saèstu. Gadhahan kula namung glepung gandum sagegem wonten ing wadhah sarta lisah zaitun sakedhik wonten ing botol. Kula saweg pados kajeng kanggé masak tetedhan sekedhik menika kanggé kula lan anak kula. Menika tedha kula ingkang wekasan; sesampunipun menika, kula kantun sami ngentosi ngantos dumugi pejah."

13Pangandikané Élia, "Aja kuwatir, aku gawèkna roti saemplokan dhisik nganggo glepung lan lenga kuwi, banjur gawanen mréné. Sawisé kuwi gawéa kanggo kowé lan anakmu.

14Merga Pangéran, Allah sing dibektèni déning wong Israèl, ngandika yèn glepung ing wadhah kuwi bakal ora entèk-entèk lan lenga ing botol kuwi bakal ora kalong nganti Allah paring udan ing bumi."

15Randha mau banjur nindakaké apa sing didhawuhaké déning Élia. Wong telu mau duwé tandhon pangan cukup kanggo sawetara mangsa.

16Lan temenan, kaya sing dingandikakaké déning Allah lantaran Élia, glepung ing wadhah mau ora entèk-entèk lan lenga ing botol mau ora kalong-kalong.

17Kecrita, ora wetara lawas anaké randha mau lara. Larané saya banget, malah banjur mati.

18Aturé randha mau marang Élia, "Dhuh abdinipun Allah, kénging menapa panjenengan mriki lan ngémutaken Allah dhateng dosa-dosa kula, mila anak kula dados pejah?"

19Wangsulané Élia, "Anakmu gawanen mréné." Élia banjur nampani anak lanang mau saka géndhongané ibuné lan digawa munggah ing kamaré. Bocah mau nuli disèlèhaké ana ing pesaréané.

20Élia nuli ndedonga klawan sora, "Dhuh Pangéran, Allah kawula, kénging menapa Paduka ndhatengaken bilai dhateng randha menika? Tiyang menika sampun damel saé dhateng kawula, mangka samenika anakipun Paduka pundhut!"

21Sawisé mengkono bocah mau dirungkebi rambah kaping telu karo nyenyuwun, "Dhuh Pangéran, Allah kawula, laré menika mugi Paduka gesangaken malih!"

22Allah miyarsakaké panyuwuné Élia. Bocah mau wiwit ambekan lan pulih waras menèh.

23Bocahé banjur dipasrahaké marang ibuné, karo ngandika, "Bu, iki anakmu, wis urip!"

24Wangsulané randha mau, "Samenika kula ngertos, bilih panjenengan menika abdinipun Allah lan Allah ngandika lantaran panjenengan."



 <<  1 Raja-raja 17 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel