Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Raja-raja 19 >> 

1Kabèh sing ditindakaké déning Nabi Élia, uga bab enggoné matèni nabi-nabiné Baal, dicritakaké déning Raja Akhab marang Izébèl, garwané.

2Izébèl banjur utusan abdiné sowan Nabi Élia karo diweling kandha mengkéné, "Muga-muga kowé diukum déning para déwa, malah karebèn aku iya dipatènana, yèn sésuk ing wayah méné, aku durung matèni kowé kaya enggonmu wis matèni para nabiné Baal kuwi."

3Élia wedi, banjur sumingkir supaya aja dipatèni. Tindaké karo abdiné menyang Bèrsyéba ing Yéhuda. Ana ing kana abdiné ditinggal,

4banjur tindak dharat sedina menyang ara-ara lan ngaso ing ngisor wit gedhé. Ana ing kono Nabi Élia lenggah karo nyenyuwun supaya nyawané kapundhuta waé. Aturé, "Dhuh Pangéran, kawula sampun mboten kiyat. Kawula aluwung pejah kémawon, margi kawula menika mboten langkung saé ketimbang kaliyan para leluhur kawula."

5Nabi Élia banjur nggléthak ing ngisor wit mau lan saré. Dumadakan ana malaékat kang njawil Élia, karo ngandika, "Tangia, mangana."

6Élia wungu lan mirsani ngiwa-nengen, nuli pirsa ing sacedhaké sirahé ana roti lan kendhi isi banyu. Sawisé dhahar lan ngunjuk, banjur saré menèh.

7Malaékaté Pangéran mau rawuh ping pindhoné sarta njawil Élia karo ngandika, "Tangia Élia, mangana supaya kuwat mlaku adoh."

8Élia banjur wungu sarta dhahar lan ngunjuk. Sarirané dadi kuwat lan bisa tindak lawasé patang puluh dina menyang Gunung Sinai, yakuwi gunungé Allah.

9Ana ing kana Nabi Élia saré ana ing guwa. Gusti Allah banjur ngandika, "Élia, apa pegawéanmu ana ing kéné?"

10Atur wangsulané Nabi Élia, "Dhuh Pangéran, Allah ingkang mahakwasa, kawula menika nyambut-damel namung kagem Paduka piyambak. Nanging umat Israèl sampun nglanggar prejanjianipun kaliyan Paduka. Mesbèh-mesbèh Paduka sampun sami dipun jugrugaken lan nabi-nabi Paduka sami dipun pejahi. Kantun kawula piyambak, lan samenika kawula inggih badhé dipun pejahi!"

11Pangandikané Gusti Allah, "Metua saka guwa kuwi lan ngadega ing pucaking gunung ngadhep ing ngarsa-Ku." Allah banjur tindak langkung. Ing kono ana prahara gedhé banget, nganti gunung-gunung padha bengkah lan watu-watu karang padha gempal, nanging Pangéran ora ngetingal ing angin gedhé mau. Sawisé praharané sirep, banjur ana lindhu, nanging Allah iya ora ngetingal ana ing lindhu mau.

12Sawisé mengkono banjur ana geni teka, nanging Pangéran iya ora ngetingal ana ing geni kono. Wasana ana swarané angin kumlisik.

13Bareng mireng swara mau Nabi Élia banjur nutupi pasuryané nganggo jubahé, banjur jumeneng ana ing lawangé guwa. Ana swara ngandika, "Élia, apa pegawéanmu ana ing kéné?"

14Unjuké Élia, "Dhuh Pangéran, Allah ingkang mahakwasa, selaminipun kawula nyambut-damel namung kagem Paduka piyambak. Nanging umat Israèl sampun nerak prejanjianipun kaliyan Paduka. Mesbèh-mesbèh Paduka sampun dipun jugrugaken sedaya lan nabi-nabi Paduka dipun pejahi. Kantun kawula piyambak, lan samenika kawula inggih badhé dipun pejahi ugi!"

15Dhawuhé Allah, "Balia menyang ara-ara samun ing Damsyik. Hazaèl jebadana kanggo tandha enggoné bakal kaangkat dadi raja ing Siria.

16Mengkono uga Yéhu bin Nimsi jebadana, merga dhèwèké bakal dadi raja ing Israèl, sarta Élisa bin Safat saka Abèl-Mehola jebadana dadi nabi nggentèni kowé.

17Sapa sing ora dipatèni déning Hazaèl bakal dipatèni déning Yéhu, lan sapa sing oncat saka Yéhu bakal dipatèni déning Élisa.

18Nanging Aku isih ngarèkaké wong pitung èwu ana ing Israèl sing bakal Dakslametaké, yakuwi sakèhé wong sing tetep setya marang Aku lan ora tau nyembah utawa ngambung marang recané Baal."

19Nabi Élia banjur budhal lan ketemu karo Élisa ing pategalan, lagi mluku nganggo sapi rolas rakit. Élisa dhéwé nganggo rakitan sing kèri dhéwé. Nalika tindaké ngliwati Élisa, Nabi Élia nuli nyopot jubahé, dienggo nutupi pundhaké Élisa.

20Élisa banjur ninggal sapi-sapiné mlayoni Élia. Élisa matur, "Keparenga kula pamitan kaliyan tiyang sepuh kula rumiyin, sesampunipun menika lajeng badhé ndhèrèkaken Bapak." Wangsulané Élia, "Sekarepmu. Kowé ora dakpeksa mèlu aku."

21Élisa banjur bali menyang pategalané; sapi-sapiné disembelèh. Lukuné dikethok-kethok digawé kayu obong, dienggo masak dagingé sapi-sapi mau. Élisa ngedum-edum dagingé sapi mau marang para buruhé, lan kabèh banjur padha mangan. Sawisé mengkono Élisa nuli ndhèrèkaké tindaké Nabi Élia, dadi pembantuné.



 <<  1 Raja-raja 19 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel