Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Raja-raja 3 >> 

1Suléman krama karo putriné raja Mesir, temah Mesir dadi balané. Putri mau diboyong menyang kuthané Dawud lan manggon ing kana, nganti kratoné Sang Prabu lan Pedalemané Allah sarta bètèngé kutha Yérusalèm rampung dibangun.

2Sarèhné Pedalemané Allah durung dibangun, rakyat enggoné saos kurban isih ana ing mesbèh rupa-rupa.

3Suléman ngabekti marang Allah lan nggugu marang piwelingé ramané. Nanging enggoné nyembelèh lan saos kurban kéwan isih ana ing mesbèh sing béda-béda.

4Mesbèh sing kerep diagem, yakuwi sing ana ing Gibéon. Suléman kerep saos kurban ana ing kono. Ing sawijining dina, kaya adaté, Suléman tindak mrono menèh.

5Benginé Gusti Allah ngetingal marang Suléman sajroné impèn lan ndangu, "Kowé kepéngin Dakparingi apa?"

6Atur wangsulané Suléman, "Dhuh Pangéran, Paduka sampun ngetingalaken sih Paduka ingkang ageng dhateng bapak kawula Dawud, abdi Paduka. Piyambakipun tiyang jujur ingkang netepi dhawuh Paduka kalayan setya. Paduka inggih nglestantunaken sih Paduka dhateng piyambakipun srana maringi anak jaler, ingkang samenika nggentosi piyambakipun dados raja.

7Dhuh Allah, Paduka sampun ngangkat kawula dados raja nggentosi bapak kawula, senajan kawula taksih nèm sanget lan mboten mangertos caranipun nyepeng pepréntahan.

8Kawula wonten ing satengahing bangsa ingkang Paduka pilih dados umat kagungan Paduka piyambak, bangsa ingkang ageng, ingkang mboten saged kaétang cacahipun.

9Awit saking menika dhuh Allah, mugi kersa maringi kawicaksanan dhateng kawula, supados saged ngerèh umat Paduka kalayan adil, saged mbédakaken pundi ingkang saé, lan pundi ingkang awon. Menawi mboten mekaten, kadospundi enggèn kawula saged ngerèh umat Paduka ingkang ageng menika?"

10Panyuwuné Suléman mau gawé renaning penggalihé Pangéran,

11mulané Allah banjur ngandika, "Sarèhné kowé nyuwun kawicaksanan supaya bisa ngerèh klawan adil, lan ora nyuwun umur dawa, utawa kasugihan kanggo awakmu dhéwé, utawa teluké mungsuh-mungsuhmu,

12mulané panyuwunmu bakal Daksembadani. Kowé bakal Dakdadèkaké wong sing wicaksana lan sing luwih dhuwur kawruhé ketimbang karo sakèhé wong sing urip sadurungé lan sawisé kowé.

13Malah apa sing ora koksuwun pisan bakal Dakparingaké marang kowé, yakuwi sajegmu urip kowé bakal sugih lan kajèn kéringan, ngluwihi raja-raja liyané ing endi waé.

14Yèn kowé nglakoni dhawuh-dhawuh-Ku lan manut marang pepakon-pepakon-Ku kaya bapakmu Dawud, kowé bakal Dakparingi umur dawa."

15Bareng Suléman wungu ngerti yèn Gusti Allah wis ngandikani sajroning impèn. Mula banjur tindak menyang Yérusalèm, jumeneng ana ing ngarepé Pethi Prejanjiané Allah lan nyaosaké kurban obongan lan kurban keslametan. Sawisé mengkono banjur nganakaké pésta kanggo para punggawané.

16Ing sawijining dina ana wanita tuna susila loro sowan ngadhep Raja Suléman.

17(3:17-18) Sing siji matur mengkéné, "Dhuh Sang Prabu, kula lan tiyang èstri menika manggèn sagriya. Mboten wonten tiyang sanès ingkang wonten ing ngriku. Sawetawis wekdal kepengker kula gadhah laré jaler. Let kalih dinten tiyang èstri menika inggih nglairaken laré jaler.

18(3:17)

19Ing setunggaling dalu, nalika kula ngleresi sami tilem, tiyang èstri menika nindhihi anakipun ngantos pejah.

20Tengah dalu salebetipun kula taksih tilem, piyambakipun tangi lajeng mendhet anak kula saking sisih kula. Anak kula dipun sèlèhaken ing petilemanipun, déné bayi ingkang sampun pejah dipun sèlèhaken ing petileman kula.

21Énjingipun nalika kula tangi lan badhé nesepi ketingal laré wau sampun pejah. Sareng kula tamataken ketitik bilih menika sanès anak kula."

22Nanging wong wadon sijiné nyauri, "Goroh! Sing urip iki anakku, bayimu sing mati kuwi!" Wong wadon sing kapisan mangsuli, "Ora, sing mati kuwi anakmu, sing urip anakku!" Kaya mengkono wong loro mau padha padu ing ngarsané Sang Prabu.

23Raja Suléman banjur ngandika, "Kowé wong loro padha ngaku yèn bayi sing urip kuwi anakmu, lan sing mati dudu."

24Sawisé ngandika mengkono Sang Prabu nuli utusan wong njupuk pedhang.

25Banjur ngandika marang wong mau, "Bayi sing urip kuwi sigaren dadi loro lan wènèhna marang wong loro separo édhang."

26Krungu dhawuhé Sang Prabu mau, wong wadon sing pancèn embokné bayi sing urip matur, "Dhuh Sang Prabu, nyuwun pangapunten, anak kawula sampun ngantos dipun pejahi. Kaparingna dhateng tiyang èstri menika kémawon." Aturé sing mengkono mau merga saka tresnané marang anaké. Nanging wong wadon sijiné matur, "Inggih leres, dipun sigar dados kalih kémawon, supados kawula tiyang kalih sami-sami mboten nggadhahi."

27Suléman banjur ngandika, "Bayiné aja dipatèni. Pasrahna marang wong wadon sing kapisan. Kuwi embokné."

28Nalika umat Israèl krungu putusané Raja Suléman sing mengkono mau, wong kabèh padha gumun, wedi lan urmat marang panjenengané, merga cetha yèn Gusti Allah wis paring kawicaksanan marang Suléman, mula bisa mutusi prekara klawan adil.



 <<  1 Raja-raja 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel