Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Raja-raja 5 >> 

1Hiram, raja Tirus kuwi selawasé memitran karo Raja Dawud. Mulané nalika mireng yèn Suléman jumeneng raja nggentèni ramané, Raja Hiram nuli ngutus utusan marang Suléman.

2Suléman uga kirim wangsulan marang Raja Hiram, surasané,

3"Raja Hiram ingkang minulya! Panjenengan temtunipun inggih sampun pirsa, bilih Raja Dawud, bapak kula asring kedah perang nglawan mengsah saking negari sakiwa-tengenipun. Menika njalari bapak mboten kober yasa papan kanggé ngibadah dhateng Pangéran, Allahipun, awit Allah dèrèng nelukaken mengsahipun sedaya.

4Nanging samenika Gusti Allah sampun paring katentreman wradin sanegari kula sedaya. Mboten wonten ingkang sengit dhateng kula, lan bebaya perang saking njawi inggih mboten wonten.

5Gusti Allah sampun prejanji mekaten dhateng bapak kula Dawud, ‘Anakmu sing bakal kokangkat dadi raja nggentèni kowé kuwi sing bakal yasa papan pangibadah kanggo Aku.’ Pramila, panjenenganipun Raja Hiram ingkang minulya, kula, Suléman gadhah niyat badhé yasa papan pangibadah menika.

6Panjenenganipun Sang Prabu temtunipun sampun pirsa, bilih tiyang-tiyang kula sami mboten gadhah kaprigelan negor kajeng kados tiyang-tiyang panjenengan. Pramila kula nyuwun keparenga Sang Prabu utusan negor kajeng cemara ing Libanon kanggé kula. Tiyang-tiyang kula kajengipun sami mbantu lan sepinten ragad ingkang panjenengan kersakaken kanggé mbayar tiyang-tiyang panjenengan badhé kula aturaken."

7Raja Hiram kanthi bungah nampa layangé Suléman. Pangandikané, "Pinujia asmané Pangéran, kang wis paring putra marang Dawud, sing semono wicaksanané, dadi rajané bangsa sing gedhé."

8Hiram banjur genti ngaturaké layang, surasané, "Kula sampun nampi paringipun serat, lan wosipun kula sarujuk. Kula badhé nyawisaken kajeng cemara saking Libanon lan kajeng cemara limrah sepinten ingkang panjenengan kersakaken.

9Tiyang-tiyang kula badhé ngusung kajeng-kajeng menika saking Libanon dhateng seganten. Wonten ing ngriku kajeng-kajeng wau badhé karakit sarta kakéntiraken urut pesisiré seganten dhateng panggènan ingkang panjenengan kersakaken. Rakit-rakit wau sesampunipun dipun udhari tangsulipun lajeng badhé dipun pasrahaken dhateng tiyang-tiyang panjenengan, ingkang badhé ngurus selajengipun. Kula namung nyuwun supados panjenengan kersa nyawisaken tedhanipun tiyang-tiyang kula."

10Dadi Raja Hiram nyaosi sakèhé kayu cemara Libanon lan kayu cemara lumrah sing dikersakaké déning Raja Suléman.

11Lan kanggo pangané wong-wongé Raja Hiram, Raja Suléman saben taun ngaturi marang Raja Hiram gandum rong juta kilogram lan lenga zaitun tulèn patang atus èwu liter.

12Gusti Allah netepi janjiné lan paring kawicaksanan marang Suléman. Raja Hiram lan Raja Suléman padha dadi mitra kenthel lan sekaroné padha gawé prejanjian nyambut-gawé bebarengan.

13Raja Suléman nekakaké wong lanang 30.000 kadhawuhan nyambut gawé kanggo negara,

14lan Adoniram diangkat dadi pengawasé. Wong-wong mau dipérang-pérang déning Suléman dadi telung golongan, saben golongan wong sepuluh èwu. Golongan telu mau digilir, sesasi nyambut-gawé ing Libanon lan rong sasi ana ing omah.

15Raja Suléman uga nekakaké wong 80.000 kanggo natah watu ana ing gunung lan wong 70.000 kanggo mikuli watu-watu mau.

16Raja Suléman uga ngangkat mandhor 3.300 kanggo ngawasi pegawéan mau kabèh.

17Atas dhawuhé Suléman wong-wong padha natah watu gedhé-gedhé sing élok kanggo pondhasiné Pedalemané Allah.

18Mengkono para tukangé Raja Suléman lan para tukangé Raja Hiram sarta wong-wong saka kutha Gebal enggoné padha nyawisaké watu lan kayu kanggo yasa Pedalemané Allah.



 <<  1 Raja-raja 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel