Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Samuel 24 >> 

1Nalika Saul lagi waé mulih saka peprangan nglawan wong Filistin, nampa kabar yèn Dawud ana ing ara-ara Èn-Gedi.

2Saul énggal-énggal milih prejurité telung èwu sing becik dhéwé sawilayah Israèl, banjur mangkat nggolèki Dawud lan para prejurité ing sisih wétané Gunung Watu Wedhus Ireng.

3Saul tekan ing sacedhaké kandhang-kandhang wedhus gèmbèl ing pinggir dalan. Ing kono ana guwané, lan Saul banjur mlebu arep mbebuwang. Kebeneran banget, Dawud lan para prejurité lagi padha ndhelik ing guwa kono, ing sisih njero.

4Prejurité Dawud banjur matur marang Dawud, "Menika wekdal ingkang saé kanggé panjenengan! Gusti Allah rak sampun ngandika dhateng panjenengan mekaten, ‘Mungsuhmu bakal Dakpasrahaké marang kowé, arep kokkapakaké sakarepmu!’" Karo ndhelik-ndhelik Dawud banjur marani Saul sarta nyolong ngethok jubahé sethithik.

5Nanging sawisé kuwi, Dawud rumangsa luput, merga wis nindakaké mengkono mau.

6Banjur kandha karo para prejurité, "Muga Gusti Allah kersa njaga aja nganti aku tumindak ala marang rajaku, sing wis dijebadi déning Allah. Babar-pisan ora kena gawé lara, merga dhèwèké iku jebadané Allah."

7Mengkono Dawud enggoné menggak prejurité, lan ora nglilani padha nyerang Saul. Saul ngadeg lan lunga saka guwa kono, banjur nerusaké lakuné.

8Dawud iya banjur metu saka guwa mau lan ngucap ana ing mburiné Saul, "Sang Prabu!"

9Saul nolèh lan Dawud sujud kanthi urmat, banjur matur, "Menapa sebabipun déné panjenengan nampi aturipun tiyang, bilih kula badhé damel cilaka panjenengan?

10Samenika panjenengan saged mirsani piyambak, bilih ing salebeting guwa kala wau, Gusti Allah sampun masrahaken panjenengan dhateng kula. Kula dipun bujuk supados nyédani panjenengan, nanging kula tolak. Kula mangsuli, bilih kula mboten purun damel sakitipun raja kula, ingkang sampun dipun jebadi déning Allah.

11Panjenengan pirsani, bapak kula, panjenengan pirsani potongan jubah panjenengan ingkang kula cepeng menika! Sejatosipun kula saged nyédani panjenengan, nanging kula namung tumindak mekaten. Dados, cetha bilih kula mboten gadhah sedya awon utawi nyidrani. Panjenengan ngoyak-oyak kula, badhé mejahi kula, senajan kula mboten gadhah kalepatan sekedhik kémawon dhateng panjenengan.

12Mugi Gusti Allah nemtokaken sinten ingkang lepat ing antawis kita. Mugi Gusti Allah mirsani tumindak panjenengan tumrap kula, senajan kula babar-pisan mboten badhé damel sakit panjenengan.

13Panjenengan mirsa paribasan ‘Piawon menika dipun tindakaken déning tiyang awon.’ Milanipun kula mboten badhé damel sakit panjenengan.

14Panjenengan penggalih kula menika badhé dipun pejahi déning raja Israèl! Panjenengan pirsani kula ingkang dipun oyak-oyak menika! Kula menika namung presasat segawon pejah, namung kados tuma kémawon.

15Gusti Allah badhé dados hakim ing antawisipun kula kaliyan panjenengan. Mugi Panjenenganipun kersa mriksani prekawis menika, saha mbélani kula sarta nguwalaken kula saking panjenengan."

16Sawisé Dawud ngucapaké tetembungan mau, Saul banjur nyambungi, "Apa bener kowé kuwi Dawud, anakku?" Saul banjur muwun,

17tembungé marang Dawud, "Kowé sing bener, lan aku sing salah.

18Pialaku tumrap kowé wis kokwales nganggo kabecikan. Ing dina iki aku ngerti yèn kowé nduwèni sedya sing becik tumrap aku, sebab kowé ora matèni aku, senajan Gusti Allah wis masrahaké aku marang kowé.

19Arang banget ana wong ketemu karo mungsuhé, olèh lunga kanthi slamet! Mulané, muga-muga Gusti Allah kersa mberkahi kowé merga saka kabecikan sing wis koklakoni tumrap aku ing dina iki!

20Saiki aku precaya, yèn kowé bakal dadi raja Israèl sarta ana ing pepréntahanmu krajan Israèl bakal tetep sentosa.

21Saiki atas asmané Gusti Allah janjia, yèn kowé ora bakal numpes turunku, lan uga ora nyirnakaké jenengé kulawargaku!"

22Dawud banjur sumpah bakal nindakaké kuwi kabèh. Saul banjur kondur menyang omahé, déné Dawud lan para prejurité padha bali menyang papan pandhelikan.



 <<  1 Samuel 24 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel