Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Samuel 8 >> 

1Bareng Samuèl wis tuwa, anak-anaké padha diangkat dadi hakim ing Israèl.

2Anaké sing mbarep jenengé Yoèl lan sing nomer loro Abia, padha dadi hakim ing Bèrsyéba.

3Nanging padha ora gelem niru bapakné, mung padha mikir kepénaké dhéwé waé. Wong-wong kuwi padha gelem nampa sogok lan enggoné mutusi prekara-prekara ora adil.

4Merga saka kuwi para pemimpin Israèl kabèh padha ngumpul, nekani Samuèl ing Rama,

5lan matur, "Nuwun sèwu lan nyuwun penggalihan, bilih bapak sampun sepuh, mangka putra-putranipun bapak mboten kados bapak. Mila prayogi menawi bapak njumenengaken raja, supados kula sami gadhah raja kados bangsa-bangsa sanèsipun."

6Nanging Samuèl ora cocog karo panyuwuné wong-wong mau, banjur ndedonga marang Gusti Allah,

7sarta Gusti Allah ngandika, "Sakabèhing panyuwuné bangsa kuwi turutana, sebab dudu kowé sing diemohi, nanging Aku. Wong-wong kuwi wis ora nganggep Aku menèh dadi rajané.

8Wiwit Aku ngentasaké wong-wong kuwi metu saka tanah Mesir, wis padha ngemohi Aku lan padha nyembah déwa-déwa, sarta apa waé sing ditindakaké kanggo kowé, kuwi sing tansah padha ditindakaké kanggo Aku.

9Mulané turutana panyuwuné; nanging padha élikna sing tumemen, terangna bab wewenangé raja tumraping wong-wong mau."

10Sakabèhing pangandikané Gusti Allah kuwi diterusaké marang wong-wong sing nyuwun raja mau, tembungé,

11"Mengkoné raja sing bakal ngwasani kowé kuwi carané mengkéné: Anak-anakmu bakal dipeksa mlebu dadi prejurité; ana sing dadi bala krétan, ana sing bala jaranan, sarta ana sing dadi bala mlaku dharat.

12Ana sing diangkat dadi penèwu, lan liyané menèh penèket. Anak-anakmu bakal dipeksa mluku tegalé, ngumpulaké panèné, gawé gegaman lan piranti krétané.

13Anak-anakmu wadon bakal dikon gawé lenga wangi kanggo rajané, sarta dikon nyambut-gawé dadi tukang masak lan tukang roti.

14Raja mau bakal njaluk tegalmu, kebon anggurmu lan kebon zaitunmu sing becik dhéwé lan diwènèhaké marang para pegawéné.

15Tegal lan kebon anggurmu bakal kena pajeg saprasepuluhé panèné, banjur bakal diwènèhaké marang para penggedhé lan para pegawéné.

16Iya bakal njaluk baturmu, raja-kayamu sing becik sarta kuldimu, kanggo megawé.

17Saprasepuluhé wedhus-wedhusmu bakal dijaluk. Déné kowé dhéwé bakal padha dadi baturé.

18Yèn wis tekan mangsané, kowé bakal padha sesambat merga saka raja sing kokpilih mau, nanging Gusti Allah ora bakal mirengaké pesambatmu."

19Nanging bangsa mau ora nggatèkaké tetembungané Samuèl, malah ngucap, "Kajengipun! Kadospundi kémawon kula kepéngin gadhah raja.

20Kula kepéngin sami kados bangsa-bangsa sanèsipun. Raja kula kedah mréntah kula sarta mimpin kula ing salebeting peprangan."

21Sakabèhing aturé wong-wong mau banjur diaturaké marang Gusti Allah.

22Gusti Allah ngandika, "Turutana waé karepé lan ngangkata raja kanggo wong-wong kuwi." Sabanjuré Samuèl njaluk supaya wong-wong Israèl padha mulih menyang omahé dhéwé-dhéwé.



 <<  1 Samuel 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel