Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tawarikh 1 >> 

1(1:1-4) Sarasilahé bangsa Israèl saka Adam tekan Nuh kuwi mengkéné: Adam, Sèt, Énos, Kénan, Mahalaléèl, Yarèd, Hénokh, Metusalah, Lamèkh, Nuh. Nuh duwé anak lanang telu, yakuwi Sèm, Kham lan Yafèt.

2(1:1)

3(1:1)

4(1:1)

5Anak-anaké lanang Yafèt yakuwi: Gomèr, Magog, Madai, Yawan, Tubal, Mèsèkh lan Tiras.

6Anak-anaké Gomèr yakuwi bangsa Askenas, Difat lan Togarma.

7Anak-anaké Yawan yakuwi bangsa-bangsa: Élisa, Spanyol, Siprus lan Rodhès.

8Anak-anaké lanang Kham: Kus, Mesir, Libia lan Kenaan.

9Anak-turuné Kus yakuwi bangsa-bangsa Séba, Hawila, Sabta, Raéma lan Sabteka. Anak-turuné Raéma yakuwi bangsa Syéba lan bangsa Dhedhan.

10(Kus duwé anak lanang jeneng Nimrod, wong gagah prakosa kawitan ing jagad.)

11Anak-turuné Mesir yakuwi bangsa Lidhia, Anamim, Lehabim, Naftukhim,

12Patrusim, Kaslukhim lan bangsa Kréta (sing nurunaké bangsa Filistin).

13Kenaan duwé anak lanang loro: Sidon, sing mbarep, lan Hèt.

14Kenaan kuwi iya leluhuré bangsa Yébus, Amori, Girgasi,

15Hèwi, Arki, Sini,

16Arwadi, Semari lan Hamati.

17Anak-anaké lanang Sèm yakuwi Élam, Asyur, Arpakhsad, Lud, Aram, Us, Hul, Gètèr lan Mèsèkh.

18Arpakhsad anak-anak Sélah, lan Sélah anak-anak Ébèr.

19Ébèr duwé anak lanang loro; sing mbarep jenengé Pèlèg, merga nalika semono bangsa-bangsa ing bumi dibagi-bagi. Sing kapindho jenengé Yoktan.

20Anak-turuné Yoktan yakuwi bangsa-bangsa: Almodad, Sèlèf, Hazar-Mawèt, Yérah,

21Hadoram, Uzal, Diklah,

22Ébal, Abimaèl, Syéba,

23Ofir, Hawila lan Yobab.

24(1:24-27) Sarasilah leluhuré bangsa Israèl saka Sèm tekan Abraham kuwi mengkéné: Arpakhsad, Sélah, Ébèr, Pèlèg, Réhu, Sérug, Nahor, Térah, Abram yakuwi Abraham.

25(1:24)

26(1:24)

27(1:24)

28Abraham duwé anak lanang loro, yakuwi Iskak lan Ismaèl.

29Anak-anaké Ismaèl yakuwi: sing mbarep Nébayot, banjur Kédar, Abdéèl, Mibsam,

30Misma, Dhuma, Masa, Hadad, Téma,

31Yétur, Nafisy lan Kèdma.

32Abraham duwé selir jenengé Ketura. Ketura duwé anak lanang nem, yakuwi: Zimran, Yoksan, Médan, Midian, Isbak lan Suah. Yoksan duwé anak lanang loro, yakuwi Syéba lan Dhedhan.

33Midian duwé anak lanang lima, yakuwi: Éfa, Ébèr, Hanok, Abida lan Èldaa.

34Iskak anaké Abraham duwé anak lanang loro, yakuwi Ésau lan Yakub.

35Anak-anaké lanang Ésau: Élifas, Rehuèl, Yéus, Yaélam lan Korah.

36Élifas kuwi leluhuré bangsa Téman, Omar, Zefi, Gaétam, Kénas, Timna lan Amalèk,

37Rehuèl leluhuré bangsa-bangsa: Nahat, Zérah, Syama lan Miza.

38(1:38-42) Bangsa asli sing manggon ing tanah Édom kuwi tedhak-turuné Séir, yakuwi: Lotan, Syobal, Zibéon, Ana, Disyon, Èzèr lan Disyan. Anak-anaké lanang Lotan: Hori lan Homan. Lotan duwé sedulur wadon jenengé Timna. Anak-anaké lanang Syobal yakuwi: Alyan, Manahat, Ébal, Syefi lan Onam. Anak-anaké lanang Zibéon: Aya lan Ana. Ana duwé anak lanang: Disyon lan Disyon anak-anak: Hamran, Èsban, Yitran lan Kéran. Anak-anaké lanang Èzèr yakuwi: Bilhan, Zaawan lan Yaakan. Anak-anaké lanang Disyan yaiku Us lan Aran.

39(1:38)

40(1:38)

41(1:38)

42(1:38)

43(1:43-50) Sadurungé Israèl duwé raja, tanah Édom wis dirèh déning raja-raja, yakuwi: Béla anaké Béor saka Dinhaba, Yobab anaké Zérah saka Bozra, Husyam saka tanah Téman, Hadad bin Bedad saka Awit (kuwi sing nelukaké wong Midian ing peprangan ing tanah Moab). Samla saka Masréka, Saul saka Réhobot sapinggiré kali, Baalhanan bin Akhbor, Hadad saka Pahu (bojoné jenengé Méhétabéèl binti Matred bin Mézahab).

44(1:43)

45(1:43)

46(1:43)

47(1:43)

48(1:43)

49(1:43)

50(1:43)

51Bangsa Édom kuwi kedadéané saka klompok-klompok Timna, Alyah, Yètèt.

52Oholibama, Éla, Pinon,

53Kénas, Téman, Mibzar,

54Magdhièl lan Iram.



 <<  1 Tawarikh 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel