Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tawarikh 11 >> 

1Sawisé mengkono bangsa Israèl banjur padha marani Dawud ing Hébron, karo matur mengkéné, "Kula sedaya rak sedhèrèk panjenengan.

2Wiwit rumiyin, malah nalika Saul taksih dados raja, panjenengan menika ingkang mimpin rakyat Israèl ing peprangan. Kejawi saking menika Gusti Allah sampun janji dhateng panjenengan, bilih panjenengan badhé mimpin umatipun lan dados rajanipun."

3Dawud nuli gawé prejanjian atas Asmané Allah, karo bangsa Israèl sing padha teka ing Hébron mau. Dawud banjur diwisudha dadi raja Israèl, kaya sing dingandikakaké déning Allah lantaran Samuèl.

4Ing sawijining dina Raja Dawud karo tentarané kabèh nyerang kutha Yérusalèm. Nalika semono kutha mau jenengé Yébus. Sing manggon ing kono penduduk asli.

5(11:5-7) Wong Yébus padha sesumbar, yèn Raja Dawud mesthi ora bakal bisa mlebu kutha kono. Nanging Raja Dawud nyatané bisa ngrebut bètèngé kutha mau, sing aran Sion. Raja Dawud banjur manggon ing kono. Wiwit nalika semana bètèng mau karan "Kuthané Dawud". Raja Dawud ngumumaké marang para prejurité, yèn sapa sing dhisik dhéwé matèni wong Yébus bakal didadèkaké panglima. Wekasané Yoab dadi panglima, merga dhèwèké sing mimpin peprangan mau. (Ibuné Yoab jenengé Zeruya.)

6(11:5)

7(11:5)

8Kutha Yérusalèm dibangun ngubengi bètèng mau; olèhé mbangun wiwit saka sawétané gunung sing diurug lemah. Sing ngrampungaké pegawéan mau Yoab.

9Raja Dawud saya suwé saya misuwur, merga saka pitulungané Pangéran sing Mahakwasa.

10Opsir-opsiré Raja Dawud sing misuwur yakuwi prejurit sing bebarengan karo rakyat ngudi supaya Dawud dadi raja. Kaya sing dijanjèkaké déning Pangéran, lan mbiyantu pepréntahané. Jeneng-jenengé yakuwi:

11Perwira sing kapisan: Yasobam saka gotrah Hakmoni. Kuwi pemimpiné "Triwira". Tau perang karo mungsuh telung atus; kabèh dipatèni nganggo tumbak.

12Perwira kapindho ing "Triwira" kono uga, jenengé Èléazar bin Dhodho, saka gotrah Ahohi.

13(11:13-14) Sajroning perang ing Pas-Damim, Èléazar mbélani raja Dawud nglawan wong Filistin. Nalika tentara Israèl keplayu, Èléazar karo balané mapan lan nandhingi perangé wong Filistin ana ing tegalan jewawut. Pangéran paring unggul, temah wong Filistin kalah kabèh.

14(11:13)

15Ing sawijining dina nalika tentara Filistin lagi pasang kémah ing Lebak Éfraim, ana perwira telu ing antarané perwirané Raja Dawud telung puluh sing peng-pengan dhéwé, padha nemoni Raja Dawud ing gunung watu sacedhaké Guwa Adhulam.

16Nalika semono Raja Dawud lagi ana ing sajroning bètèng lan tentara Filistin ngwasani kutha Bètléhèm.

17Raja Dawud kangen banget karo désa kelairané, pangandikané, "Iba senengku yèn bisa ngombé banyu saka sumur sacedhaké gapura ing Bètléhèm."

18Krungu ngandikané Raja Dawud mengkono mau, perwira telu mau banjur nggempur panggonané wong Filistin, nuli nimba banyu saka sumur, diaturaké marang rajané. Nanging Raja Dawud ora kersa ngunjuk, malah banyu mau diesok, minangka kurban marang Pangéran.

19Karo ngandika, "Aku ora bisa ngombé banyu iki, sebab yèn tak ombé presasat aku ngombé getihé wong-wong sing golèk banyu iki srana ngetohaké nyawané!" Dadiné Raja Dawud ora kersa ngunjuk banyuné mau. Mengkono mau jasa lan kekendelané para perwirané Raja Dawud sing misuwur.

20Abisai adhiné Yoab kuwi pemimpiné "Tridasawira" kang uga misuwur banget. Abisai naté matèni mungsuh telung atus nganggo tumbaké. Ing antarané Tridasawira mau Abisai sing misuwur dhéwé.

21Mulané diangkat dadi pemimpiné. Éwasemono isih kalah karo perwira-perwira "Triwira".

22Perwira siji menèh sing misuwur yakuwi Benaya bin Yoyada, wong Kabzeèl. Benaya kuwi kendel banget, mula matèni prejurit Moab loro sing peng-pengan banget. Wis tau Benaya mau ing sawijining dina, nalika mbeneri udan salju, mlebu ing guwa lan matèni singa sing ana ing kono.

23Iya tau matèni wong Mesir sing dhuwuré rong mèter luwih lan nggawa gegaman tumbak sing gedhéné ora lumrah. Benaya ngadhepi wong mau mung nganggo penthung thok. Tumbaké wong Mesir mau kena direbut lan dienggo matèni wongé.

24Kaya mengkono kendelé lan rosané Benaya, salah sijiné perwira Tridasawira.

25Benaya mau perwira sing misuwur ing antarané pasukané, nanging durung madhani perwira tetelu (Triwira) sing kasebut ing ngarep. Benaya diangkat dadi perwira pengawal pribadiné Raja Dawud.

26(11:26-47) Ing ngisor iki jeneng-jenengé perwira-perwira liyané sing misuwur: Asaèl seduluré Yoab, Èlhanan bin Dhodho saka Bètléhèm, Samot wong Harod, Hèlès wong Pèlèt, Ira bin Ikes wong Tekoa, Abièzèr wong Anatot, Sibkhai wong Husa, Ilai wong Ahohi, Maharai wong Netofa, Hèlèd bin Baana wong Netofa, Itai bin Ribai wong Gibéa ing wilayah Bènyamin, Benaya wong Piraton, Harai saka Lebak Gaas, Abièl wong Arabah, Azmawèt wong Bahurim, Èlyakba wong Saalbon, Hasyèm wong Gizon, Yonatan bin Sagé wong Harari, Ahiam bin Sakar wong Harari, Élialba bin Ur, Hèfèr wong Mekérati, Ahia wong Pèloni, Hézrao wong Karmèl, Naarai wong Èzbai, Yoèl seduluré Natan, Mibhar bin Hagri, Zèlèk wong Amon, Naharai wong Beérot, pengawalé Yoab, Ira lan Gareb wong Yétri, Uria wong Hèt, Zabad bin Ahlai, Adina bin Siza (salah sijiné tokoh saka klompok Rubèn sing duwé pasukan wong telung puluh), Hanan bin Maaka, Yosafat wong Mitni, Uzia wong Astarot, Sama lan Yeièl, anak-anaké Yotam, wong Aroèr Yediaèl lan Yoha, anak-anaké Simri, wong Tizi Élièl wong Mahawim, Yeribai lan Yosawya, anak-anaké Èlnaam, Yitma wong Moab Élièl, Obèd lan Yaasièl wong Mézobaya.

27(11:26)

28(11:26)

29(11:26)

30(11:26)

31(11:26)

32(11:26)

33(11:26)

34(11:26)

35(11:26)

36(11:26)

37(11:26)

38(11:26)

39(11:26)

40(11:26)

41(11:26)

42(11:26)

43(11:26)

44(11:26)

45(11:26)

46(11:26)

47(11:26)



 <<  1 Tawarikh 11 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel