Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tawarikh 15 >> 

1Raja Dawud yasa omah kagem panjenengané piyambak lan yasa panggonan kanggo mapanaké Pethi Prejanjiané Allah, mengkono uga masang kémah kanggo Pethi mau.

2Sawisé mengkono Raja Dawud ngandika, "Sing olèh ngangkat Pethi mung wong Lèwi dhéwé, merga wong-wong kuwi sing wis dipilih déning Allah kanggo mikul Pethi mau lan ngladosi Panjenengané selawas-lawasé."

3Raja Dawud banjur dhawuh supaya wong Israèl kabèh padha nglumpuk ing Yérusalèm, arep diajak mindhah Pethi Prejanjiané Allah menyang panggonan sing wis dicawisaké.

4Anak-turuné Harun lan wong Lèwi uga didhawuhi nglumpuk kabèh.

5Wong Lèwi sing teka yakuwi: gotrah Kéhat, cacahé 120, dipimpin déning Urièl.

6Gotrah Mérari, wong 220, dipimpin déning Asaya.

7Gotrah Gèrson, wong 130, dipimpin déning Yoèl.

8Kaum Èlsafan, wong 200, dipimpin déning Semaya.

9Gotrah Hébron, wong 80, dipimpin déning Èlièl.

10Gotrah Uzièl, wong 112, dipimpin déning Aminadab.

11Raja Dawud banjur nimbali Imam Zadok lan Imam Abyatar, sarta wong Lèwi nenem liyané, yakuwi: Urièl, Asaya, Yoèl, Semaya, Élièl lan Aminadab.

12Pangandikané Raja Dawud marang wong-wong mau, "Kowé kuwi para pemimpining gotrah-gotrahé taler Lèwi. Mulané kowé padha nucèkna awakmu, supaya diparengaké mindhah Pethi Prejanjiané Pangéran, Allahé Israèl, menyang panggonan sing wis dakcawisaké.

13Dhèk biyèn, nalika kita mindhah Pethi mau, kowé padha ora teka lan ora mèlu nggawa Pethiné. Mulané Pangéran Allah kita ngukum marang kita, merga kita padha nindakaké pangibadah, nanging ora manut kersané."

14Dadi, para imam lan wong Lèwi padha sesuci, supaya kepareng ngelih Pethi Prejanjiané Pangéran, Allahé Israèl.

15Nalika dipindhah, Pethi mau dipikul nganggo pikulan kayu, ditumpangaké ing pundhak, miturut prenatan sing diparingaké déning Allah lantaran Musa.

16Raja Dawud uga ndhawuhi para pemimpiné wong Lèwi supaya ana sawetara sing menyanyi nyanyian kabungahan, dibarengi uniné clempung lan kecèr.

17(15:17-21) Saka ing antarané kulawarga-kulawarga sing menyanyi dipilih wong sawetara sing ngunèkaké kentrung prunggu, yakuwi: Héman bin Yoèl karo sanak seduluré, Asaf bin Bèrékia, lan Étan bin Kusaya saka kulawarga Mérari. Lan kanggo mbarengi kentrung mau dipilih wong Lèwi sawetara ngunèkaké clempung sing swarané dhuwur, yakuwi: Zakharia, Yaasièl, Semiramot, Yehièl, Uni, Éliab, Maaséya lan Benaya. Kanggo ngunèkaké kecapi sing swarané cendhèk dipilih wong-wong Lèwi liyané: Matica, Èlifèlèt, Miknéya, Azazia lan pengawal Pedalemané Allah loro, yakuwi Obèd-Édom lan Yeièl.

18(15:17)

19(15:17)

20(15:17)

21(15:17)

22Sing dipilih dadi penggedhéné para wong sing ngunèkaké clempung lan kentrung mau Kenania, merga wong kuwi ahli musik.

23(15:23-24) Bèrékia lan Èlkana, bebarengan karo Obèd-Édom lan Yehia dipilih dadi pengawalé Pethi Prejanjiané Allah. Imam-imam sing dipilih ngunèkaké slomprèt ing ngarepé Pethi yakuwi: Sebanya, Yosafat, Natanaèl, Amasai, Zakharia, Benaya lan Élièzer.

24(15:23)

25Raja Dawud bebarengan karo para pemimpiné Israèl lan para perwira padha mangkat menyang omahé Obèd-Édom, arep njupuk Pethi Prejanjiané Allah. Ana ing kono padha nganakaké pésta gedhèn.

26Padha saos kurban marang Pangéran rupa sapi lanang pitu lan wedhus gèmbèl pitu, supaya Gusti Allah kersa mitulungi wong Lèwi sing padha mikul Pethiné Prejanjian mau.

27Nalika semono Raja Dawud nganggo jubah léna alus, mengkono uga wong-wong sing padha ngunèkaké clempung lan kentrung, sarta Kenania pemimpiné lan wong-wong Lèwi sing padha mikul Pethiné. Raja Dawud uga ngagem léna éfod.

28Umat Israèl kabèh padha metu ngiringaké Pethi Prejanjian mau nganti tekan Yérusalèm karo surak-surak tandha bungah, dibarengi uniné slomprèt, nafiri, kentrung lan kecapi.

29Nalika Pethiné digawa mlebu ing kutha, Mikhal anaké Raja Saul, garwané Raja Dawud, nginguk saka jendhéla lan weruh Raja Dawud jogèdan karo jingkrak-jingkrak saka bungahé, mulané Mikhal dadi éwa marang Raja Dawud.



 <<  1 Tawarikh 15 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel