Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tawarikh 22 >> 

1Mulané Raja Dawud banjur ngandika mengkéné, "Ing panggonan kéné kudu dibangun Pedalemané Allah. Lan ana ing mesbèh kéné wong Israèl padha nyaosna kurban obongan marang Allah."

2Raja Dawud nglumpukaké wong manca kabèh sing manggon ing tanah Israèl. Wong-wong mau ana sing didhawuhi natah watu kanggo ngedegaké Pedalemané Allah.

3Raja Dawud uga nglumpukaké wesi akèh kanggo gawé paku lan èngsèlé lawang-lawangé gapura kayu. Prunggu sing diklumpukaké uga akèh banget, nganti boboté ora kena ditimbang.

4Raja Dawud iya pesen kayu cemara Libanon akèh banget saka wong Tirus lan Sidon.

5Kuwi mau kabèh ditindakaké merga ing batin duwé osik mengkéné, "Pedalemané Allah sing arep diyasa déning anakku Suléman kudu éndah banget lan kondhang dhéwé sajagad. Nanging Suléman isih nom lan durung duwé pengalaman, mulané aku kudu nyawisaké sekabèhé." Dadi sadurungé séda Raja Dawud nyawisaké bahan bangunan akèh banget.

6Raja Dawud nimbali Suléman, putrané, lan didhawuhi yasa Pedalemané Allah, sing disembah déning umat Israèl,

7ngandikané, "Suléman, anakku, wis suwé enggonku kepéngin yasa Dalem kanggo ngurmati Pangéran, Allahku.

8Nanging Pangéran ngandika yèn aku iki wis kekerepen perang lan matèni wong akèh banget. Mulané Pangéran ora marengaké aku yasa Dalem kagem Panjenengané.

9Éwasemono, Panjenengané janji karo aku mengkéné, ‘Kowé bakal duwé anak lanang. Kuwi sing bakal ngerèh umat Israèl sajroning katentreman lan Aku bakal mitulungi dhèwèké, mula ora ana peprangan. Jenengé bakal disebut Suléman, merga selawasé dadi raja, Israèl bakal ngalami katentreman.

10Ya anakmu kuwi sing bakal yasa Dalem kanggo Aku. Aku bakal dadi Ramané lan dhèwèké dadi putra-Ku. Dhamparé keprabon Israèl bakal ora sumingkir saka anak-turunmu ing selawas-lawasé.’"

11Pangandika sabanjuré, "Saiki anakku, muga-muga Pangéran Allahmu tansah mitulungi kowé. Lan muga-muga kowé bisa yasa Pedalemané Allah kaya sing dijanjèkaké.

12Muga-muga kowé kaparingan kawicaksanan lan pangertèn supaya bisa ngerèh Israèl miturut prenatan-prenatané Pangéran.

13Yèn kowé nglakoni sakèhé prenatané Pangéran kang kaparingaké marang Israèl lantaran Musa, kowé mesthi bakal olèh gawé. Kowé kudu kendel lan tatag. Aja wedi ngadhepi apa waé.

14Klawan ngrekasa enggonku nglumpukaké emas 3.400 ton, slaka 34.000 ton kanggo yasa Pedalemané Allah. Kejaba kuwi ana prunggu lan wesi sing ora kena diétung pira akèhé. Kayu lan watu wis dakcawisaké, nanging isih kudu koktambahi menèh.

15Kowé mbutuhaké tenaga akèh, kayata: tukang ukir watu, tukang kayu, tukang batu lan akèh menèh wong ahli kanggo nandangi pegawéan,

16kanggo nggarap emas, slaka, prunggu lan wesi. Wis, énggal tumandanga! Muga-muga Pangéran mitulungi kowé."

17Raja Dawud dhawuh marang para pemimpiné Israèl kabèh supaya padha mbiyantu Suléman,

18pangandikané, "Pangéran Allahmu wis mitulungi kowé, sarta paring pangluwaran lan katentreman. Aku diparingi bisa nelukaké sakèhé bangsa sing biyèn manggon ing tanah kéné. Saiki bangsa-bangsa kuwi wis tundhuk karo kowé lan marang Allah.

19Dadiné, kowé padha ngabdia marang Pangéran Allahmu klawan badan lan nyawamu. Padha miwitana ngedegaké Pedalemané Allah, supaya Pethi Prejanjiané Allah lan bekakas liya-liyané kanggo ngibadah bisa tumuli dipapanaké ing kono."



 <<  1 Tawarikh 22 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel