Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tawarikh 27 >> 

1(27:1-15) Prekara-prekara pepréntahan ing krajan Israèl diatur déning para lajeré kulawarga lan para lajeré gotrah karo para pegawéné. Sajroné setaun ana segolongan sing nglakoni tugas genti-genti suwéné sesasi, dipimpin déning penggedhé siji. Saben golongan cacahé wong 24.000. Ing ngisor iki kasebut jenengé penggedhéné golongan sing nglakoni tugas sesasi lawasé: Sasi kapisan: Yasobam bin Zabdièl (saka trah Pèrès, klompok Yéhuda). Sasi kapindho: Dodai, turuné Ahohi (wakilé jenengé Miklot). Sasi katelu: Benaya anaké Imam Yoyada; Benaya kuwi pemimpiné "Golongan Tridasawira" (wakilé jenengé Amizabad, anaké dhéwé). Sasi kapat: Asaèl seduluré Yoab (wakilé jenengé Zebaya, anaké) Sasi kalima: Samhut, turuné Yizrah. Sasi kanem: Ira bin Ikes, saka Tekoa. Sasi kapitu: Hèlès, turuné Éfraim saka kutha Paloni. Sasi kawolu: Sibkhai saka kutha Husa (saka trah Zérah, klompok Yéhuda). Sasi kesanga: Abièzèr saka kutha Anatot, wilayahé klompok Bènyamin. Sasi kesepuluh: Maharai, turuné Zérah saka kutha Netofa. Sasi kesewelas: Benaya saka kutha Piraton, wilayahé klompok Éfraim. Sasi kerolas: Hèldai turuné Otnièl saka kutha Netofa.

2(27:1)

3(27:1)

4(27:1)

5(27:1)

6(27:1)

7(27:1)

8(27:1)

9(27:1)

10(27:1)

11(27:1)

12(27:1)

13(27:1)

14(27:1)

15(27:1)

16(27:16-22) Iki daftaré jeneng-jenengé para pemimpiné taler ing Israèl: (Taler-Pemimpin); Rubèn-Élièzer bin Zikri; Siméon-Séfaca bin Maaka; Lèwi-Hasabia bin Kemuèl; Harun-Zadok; Yéhuda-Élihu, salah sijiné seduluré Raja Dawud; Isakar-Omri bin Mikhaèl; Zébulon-Yismaya bin Obaja; Naftali-Yérimot bin Azrièl; Éfraim-Hoséa bin Azazia; Manasyè Kulon kali-Yoèl bin Pédaya; Manasyè Wétan kali-Yidho bin Zakharia; Bènyamin-Yaasièl bin Abnèr; Dhan-Azareèl bin Yéroham;

17(27:16)

18(27:16)

19(27:16)

20(27:16)

21(27:16)

22(27:16)

23Raja Dawud ora ngétung wong-wong sing umuré sangisoré rong puluh taun, merga Gusti Allah wis janji bakal gawé cacahé wong Israèl akèh banget, kaya lintang ing langit.

24Yoab bin Zeruya wis miwiti nganakaké cacah-jiwa, nanging ora dirampungaké, merga Gusti Allah nekakaké paukuman marang wong Israèl jalaran anané cacah-jiwa mau. Merga saka kuwi cacahé wong-wong sangisoré rong puluh taun ora dicathet ing bukuné Raja Dawud.

25(27:25-31) Daftar jeneng-jenengé para pengurus sing ngurusi bandhané Raja Dawud kuwi mengkéné: Gudhang-gudhang ing kedhaton: Azmawèt bin Adièl. Gudhang-gudhang sanjabané kedhaton: Yonatan bin Uzia. Buruh pategalan: Ezri bin Kelub. Kebon anggur: Simèi saka kutha Rama. Panggonan-panggonan simpenan anggur: Zabdi saka kutha Sifni. Wit zaitun lan wit ara (ing lèrèngé pegunungan sisih Kulon): Baalhanan saka kutha Gedèri. Panggonan-panggonan simpenan lenga zaitun: Yoas. Raja-kaya ing ara-ara Saron: Sitrai saka kutha Saron. Raja-kaya ing lebak-lebak: Safat bin Adlai. Unta: Obil turuné Ismaèl. Kuldi: Yèhdéya saka kutha Méronot. Wedhus gèmbèl lan wedhus jawa: Yazis, wong Hagri.

26(27:25)

27(27:25)

28(27:25)

29(27:25)

30(27:25)

31(27:25)

32Yonatan, pamané Raja Dawud, wong sing wasis banget, kuwi salah sawijiné juru-pirembugé Raja Dawud. Yonatan lan Yehièl bin Hakmoni dipasrahi nggulawenthah para putrané Sang Raja.

33Akhitofèl uga dadi penaséhaté Sang Raja.

34Sawisé Akhitofèl tilar-donya, diganti déning Abyatar lan Yoyada bin Benaya. Panglimané perang jenengé Yoab.



 <<  1 Tawarikh 27 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel