Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tawarikh 29 >> 

1Raja Dawud banjur ngandika marang wong kabèh sing nglumpuk ana ing kono, "Saka antarané anak-anakku, Suléman kuwi sing dipilih déning Allah. Nanging Suléman kuwi isih enom lan durung duwé pengalaman, mangka pegawéan iki rowa lan ruwed banget. Tur menèh sing arep dibangun kuwi dudu kedhaton kanggo manungsa, nanging dalem kanggo ngibadah marang Gusti Allah.

2Bahan sing arep kanggo mbangun dalem kuwi wis dakcawisaké srana ngetog kabisanku. Aku wis nyawisaké emas, slaka, prunggu, wesi, kayu, watu-watu sing regané larang lan watu aji, watu-watu rerenggan lan marmer akèh banget.

3Malah merga saka enggonku ketarik karo Pedalemané Allah mau aku wis masrahaké slaka lan emas duwèkku dhéwé:

4(29:4-5) emas murni satus ton luwih lan slaka murni kurang luwih rong atus patang puluh ton kanggo nglapis témbok Pedalemané Allah, lan kanggo gawé bekakas-bekakas sing kudu digawé déning para tukang sing ahli. Saiki, sapa sing arep saos pisungsung marang Allah klawan éklasing ati?"

5(29:4)

6Para lajeré trah, para lajeré taler, para perwira lan para kepala sing ngreksa bandhané raja banjur padha nglairaké pepénginané, iya mèlu nyaosaké pisungsung.

7Pisungsung singdiklumpukaké mau rupa bahan kanggo pembanguning Pedalemané Allah, yakuwi: emas 170 ton luwih, slaka 340 ton luwih, prunggu mèh 620 ton lan wesi 3.400 ton luwih.

8Wong-wong sing padha duwé akik padha masrahaké barang mau marang Yehièl, supaya dilebokaké ing kas Pedalemané Allah. (Yehièl kuwi wong Lèwi saka trah Gèrson.)

9Wong-wong enggoné misungsungaké barang-barang mau marang Allah klawan legalila, lan padha bungah déné barang sing dipisungsungaké mau cacahé akèh banget. Semono uga Raja Dawud banget bungahé.

10Ana ing ngarepé wong akèh mau Raja Dawud memuji marang Allah. Tembungé, "Dhuh Allah ingkang dipun bektèni déning leluhur kawula Yakub, pinujia ing selami-laminipun!

11Paduka Allah ingkang mahaagung lan mahakwaos, ingkang mahamulya, ingkang unggul lan kagungan kawibawan. Langit lan bumi saisinipun menika kagungan Paduka. Paduka menika rajaning para raja, ingkang ngwaosi samukawis.

12Kasugihan lan kemakmuran menika asalipun saking Paduka; sedaya prekawis menika Paduka ingkang ngwaosi kalayan kasektèn; Paduka kwaos ndadosaken sinten kémawon dados tiyang ageng.

13Dhuh Allah, samenika kawula saos sukur dhateng Paduka, lan memuji asma Paduka ingkang mahamulya.

14Kawula menika sinten, lan rakyat menika sinten kokngantos saged nyaosaken menapa-menapa katur ing Paduka? Mergi sedaya gadhahan kawula menika peparing Paduka piyambak, lan menapa ingkang kawula caosaken menika inggih kagungan Paduka piyambak.

15Paduka pirsa, dhuh Allah, bilih mboten béda kaliyan para leluhur kawula, kawula menika inggih tiyang neneka lan tiyang manca. Gesang kawula kados ayang-ayang ingkang langkung, lan mboten kalis saking pejah.

16Dhuh Pangéran, Allah kawula, barang-barang pengaos ingkang sami kawula klempakaken ing ngriki menika badhé kanggé ngedegaken Pedaleman kagem Paduka, supados kawula sami saged ngurmati asma Paduka ingkang suci. Nanging barang-barang wau sedaya kawula tampi saking Paduka piyambak lan inggih pancèn kagungan Paduka.

17Kawula mangertos, bilih Paduka ndadar manahipun saben tiyang lan rena dhateng tiyang ingkang saos pisungsung kalayan sukabingahing manah. Kalayan rilaning manah sedaya pisungsung menika kawula caosaken ing ngarsa Paduka. Kawula sumerep kadospundi umat Paduka ingkang nglempak ing ngriki nyaosaken pisungsungipun dhateng Paduka kalayan bingahing manah.

18Dhuh Allah, sesembahanipun Abraham, Iskak lan Yakub, leluhur kawula, mugi Paduka kersa nglanggengaken budi lan manahipun umat Paduka ingkang kados samenika menika.

19Kersaa paring dhateng anak kawula Suléman pepénginan ingkang saèstu kanggé netepi dhawuh-dhawuh Paduka sedaya, tuwin greget mbangun griya pangibadah ingkang bahanipun sampun kawula cawisaken menika."

20Sawisé ndedonga mengkono Raja Dawud banjur ngandika marang wong akèh sing nglumpuk ana ing kono, "Padha memujia marang Pangéran Allahmu!" Wong kabèh mau nuli padha memuji marang Pangéran, Allah kang disembah déning para leluhuré. Banjur padha sembah-sujud marang Allah lan marang Sang Raja.

21Ésuké wong-wong mau padha saos kurban obongan konjuk marang Pangéran, sarta ngedum-edum kurban mau marang rakyat. Kejaba kuwi ana menèh kurban sing disembelèh lan diobong wutuh ing mesbèh rupa sapi lanang sèwu, wedhus gèmbèl lanang sèwu lan cempé gèmbèl sèwu. Wong-wong mau uga saos kurban anggur.

22Ing dina kuwi umat Israèl padha mangan lan ngombé kanthi bungah ana ing ngarsané Allah. Ing dina kuwi uga Suléman dijebadi menèh, diresmèkaké dadi raja lan Zadok dadi imam.

23Suléman ngganti kang rama Raja Dawud, nglenggahi dhamparing keprabon kaya sing ditetepaké déning Allah. Suléman keturutan apa sing dadi gegayuhané lan rakyat kabèh sumuyud kalayan wedi-asih.

24Semono uga sakèhé punggawa pemeréntah sipil lan militèr, dalah anak-anaké Raja Dawud liyané padha sumuyud marang Raja Suléman.

25Rakyat kabèh didamel déning Pangéran gumun ing ngatasé Suléman, lan Suléman diparingi kawibawan ngluwihi sapa waé sing tau dadi raja ing Israèl sadurungé.

26Dawud bin Isai ngratoni bangsa Israèl kabèh

27lawasé patang puluh taun. Enggoné manggon ing Hébron lawasé pitung taun, lan ing Yérusalèm telung puluh telu taun.

28Dawud dadi raja sing sugih banget, kajènkéringan lan dawa umuré. Suléman, putrané, nggentèni dadi raja.

29Riwayaté Raja Dawud saka wiwitan tekan pungkasan ditulis ing buku Riwayaté Nabi Samuèl, Nabi Natan lan Nabi Gad.

30Buku mau nyritakaké bab pepréntahané Raja Dawud, pangwasané lan sakèhing prekara, iya sing dialami déning Raja Dawud dhéwé, utawa sing dialami déning Israèl lan déning kraton-kraton sakiwa-tengené.



 <<  1 Tawarikh 29 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel