Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tawarikh 8 >> 

1Bènyamin duwé anak lanang lima, yakuwi urut tuwa: Béla, Asibèl, Ahrah,

2Noha lan Rafa.

3Anak-turuné Béla: Adar, Géra, Abihud,

4Abisua, Naaman, Ahoah,

5Géra, Séfufam lan Huram.

6(8:6-7) Anak-turuné Éhud yakuwi: Naaman, Ahia lan Géra. Kuwi penggedhéné kulawarga, sing biyèn manggon ing Géba. Nanging padha ditundhung saka kono, banjur padha manggon ing Manahat, dipimpin déning Géra, bapakné Uza lan Ahihud.

7(8:6)

8(8:8-9) Saharaim megat bojoné loro-loroné sing jeneng Husim lan Baara. Nalika manggon ing Moab banjur kawin karo Hodèsi lan duwé anak lanang pitu, yakuwi: Yobab, Zibya, Mésa, Malkam,

9(8:8)

10Yéus, Sokyah lan Mirma. Kuwi kabèh padha dadi penggedhéné kulawarga.

11Karo bojoné sing jeneng Husim Saharaim uga duwé anak lanang loro: Abitub lan Èlpaal.

12Anaké lanang Èlpaal ana telu, yakuwi: Ébèr, Misam lan Sèmèd. Sèmèd kuwi sing ngedegaké kutha Ono lan Lod, sarta désa-désa sakiwa-tengené.

13Béria lan Séma kuwi kepala-kepala kulawarga sing manggon ing kutha Ayalon. Dhèwèkné kuwi sing nundhung penduduk kutha Gat.

14(8:14-16) Anak-turuné Béria: Ahio, Sasak, Yérémot, Zebaya, Arad, Èdèr, Mikhaèl, Yispah lan Yoha.

15(8:14)

16(8:14)

17Anak-turuné Èlpaal yakuwi: Zebaya, Mesulam, Hizki, Hèbèri,

18Yismerai, Yizlia lan Yobab.

19Anak-turuné Simèi: Yakim, Zikri, Zabdi,

20Èlyoénai, Ziletai, Élièl,

21Adaya, Beraya lan Simrat.

22Anak-turuné Sasak yakuwi: Yispan, Ébèr, Élièl,

23Abdon, Zikri, Hanan,

24Hananya, Élam, Antotia,

25Yifdeya lan Pnuèl.

26Anak-turuné Yéroham yakuwi: Samserai, Seharya, Atalia,

27Yaarèsia, Élia lan Zikri.

28Kuwi kabèh para penggedhéné kulawarga lan para pemimpin sing kecathet ana ing sarasilahé. Pemanggoné ana ing Yérusalèm.

29Yeièl kuwi sing ngedegaké kutha Gibéon, nuli manggon ing kono. Bojoné jenengé Maaka,

30lan anaké lanang sing mbarep jenengé: Abdon. Anaké lanang liya-liyané yakuwi: Zur, Kis, Baal, Nèr, Nadab,

31Gedor, Ahio, Zèkèr,

32lan Miklot, bapakné Siméah. Anak-turuné padha manggon ing Yérusalèm, bebarengan karo kulawarga-kulawarga liyané sing nunggal taler.

33Bapakné Raja Saul kuwi Kis, lan Kis kuwi anaké Nèr. Saul duwé anak lanang papat, yakuwi: Yonatan, Malkisua, Abinadab lan Èsbaal.

34Yonatan duwé anak lanang jenengé Méribaal, bapakné Mikha.

35Mikha duwé anak lanang papat, yakuwi: Piton, Mèlèkh, Taréa lan Akhas.

36Akhas duwé anak jenengé Yoada. Yoada duwé anak lanang telu: Alèmèt, Azmawèt lan Zimri. Sarasilahé Zimri kuwi mengkéné: Zimri, Moza,

37Bina, Rafa, Élasa lan Azèl.

38Azèl duwé anak lanang nenem, yakuwi: Azrikam, Bokru, Ismaèl, Séarya, Obaja, lan Hanan.

39Ésèk, seduluré lanang Azèl, duwé anak telu: Ulam, sing mbarep, nuli Yéus lan Èlifèlèt.

40Anak-anaké Ulam kabèh dadi prejurit peng-pengan lan ahli manah. Anak-putuné lanang cacahé satus sèket. Wong-wong mau kabèh klebu taler Bènyamin.



 <<  1 Tawarikh 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel