Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tawarikh 9 >> 

1Wong Israèl kabèh dicathet manut kulawargané dhéwé-dhéwé. Cathetan mau katulis ing Kitab Para Raja Israèl. Rakyat Yéhuda enggoné digawa menyang pembuwangan mau minangka paukuman tumrap dosa-dosané.

2Saka antarané wong-wong mau sing bali dhisik dhéwé ing tanahé lan manggon ing kutha-kutha, kuwi wong-wong lumrah, imam-imam, wong Lèwi lan wong-wong sing padha nyambut-gawé ing Pedalemané Allah.

3Wong-wong saka taler Yéhuda, Bènyamin, Éfraim lan Manasyè padha manggon ing Yérusalèm.

4(9:4-6) Saka taler Yéhuda ana wong 690 sing manggon ing Yérusalèm, klebu ing kono turuné Yéhuda sing katelu, yakuwi: Pèrès, Syéla lan Zérah. Anak-turuné Pèrès dipimpin Utai. Sarasilahé Utai yèn saka ngisor mengkéné: Utai, Amihud, Omri, Imri, lan Bani. Anak-turuné Syéba dipimpin Asaya. Asaya kuwi penggedhéné kulawarga. Anak-turuné Zérah dipimpin Yeuèl.

5(9:4)

6(9:4)

7(9:7-9) Wong-wong taler Bènyamin sing manggon ing Yérusalèm cacahé 956 kulawarga. Penggedhé-penggedhéné kulawarga yakuwi: Salu bin Mesulam, putuné Hodawia, buyuté Hasenua, Yibnéa bin Yéroham, Éla bin Uzi, putuné Mikri, Mesulam bin Séfaca, putuné Rehuèl, buyuté Yibnia.

8(9:7)

9(9:7)

10(9:10-12) Imam-imam kasebut ing ngisor iki manggon ing Yérusalèm: Yédaya, Yoyarib lan Yakin Azarya bin Hilkia, leluhuré yakuwi Mesulam, Zadok, Marayot lan Ahitub. (Azarya penggedhéné para punggawa ing Pedalemané Allah). Adaya bin Yéroham; leluhuré yakuwi Pasyhur lan Malkia. Masai bin Adièl; leluhuré yakuwi Yahzéra, Mesulam, Mesilémit, Imèr.

11(9:10)

12(9:10)

13Para imam sing dadi penggedhéné kulawarga cacahé 1.760. Wong-wong mau trampil nglakoni sawernané pegawéan ing Pedalemané Allah.

14(9:14-16) Wong-wong Lèwi kasebut ing ngisor iki padha manggon ing Yérusalèm: Semaya bin Hasub: leluhuré yakuwi Azrikam lan Hasabia saka kaum Mérari, Bakbakar, Hèrès lan Galal. Matania bin Mikha, leluhuré yakuwi Zikri lan Asaf. Obaja bin Semaya; leluhuré yakuwi Galal lan Yedhutun, Bèrékia bin Asa, putuné Èlkana, manggoné ing daérah kutha Netofa.

15(9:14)

16(9:14)

17Para pengawalé Pedalemané Allah sing padha manggon ing Yérusalèm yakuwi: Salum, Akub, Talmon, Ahikam lan sanak seduluré. Salum kuwi pemimpiné.

18Tekan sepréné wong-wong mau gawéané njaga Gapura Raja, ing sisih Wétan. Biyèn wong-wong mau njaga lawang-lawanging gapura sing ngener pedésané wong Lèwi.

19Sing jaga gapura Kémah Palenggahané Allah sing ngarep dhéwé Salum bin Koré, putuné Ébiasaf, bebarengan karo wong-wong kaum Korah liyané. Leluhuré wong-wong mau biyèn uga nglakoni pegawéan mau, nalika padha tugas ana ing Kémah Palenggahané Allah.

20Pinéhas bin Èléazar !!— Allah nunggila karo dhèwèkné— naté dadi penggedhéné.

21Zakharia bin Mesèlèmia uga dadi pengawalé gapura Kémah Palenggahané Allah.

22Cacahé wong sing dipilih jaga lawang-lawangé gapura kabèh ana 212. Wong-wong mau padha dicathet miturut dinané dhéwé-dhéwé. Leluhuré wong-wong mau padha nampani kalengganané saka Raja Dawud karo Nabi Samuèl.

23Wiwit nalika semana wong-wong mau lan turun-turuné padha dadi pengawalé Pedalemané Allah.

24Ing gapura-gapura sisih Lor, Kidul, Kulon lan Wétan ana penggedhéné pengawal.

25Ana kalané para pengawal dibiyantu sedulur-seduluré sing manggon ing désa, lawasé seminggu.

26Para penggedhéné gapura sing cacahé papat mau kabèh wong Lèwi, lan kalenggahané tetep. Tanggung jawabé wong-wong mau ngreksa lan ngrumat gedhong-gedhong ing Pedalemané Allah lan kabèh barang-barang sing kasimpen ana ing kono.

27Omahé wong-wong mau ora adoh saka Pedalemané Allah, merga kudu jaga lan saben ésuk mbukak lawang-lawangé gapura-gapura mau.

28Wong Lèwi kuwi sebagéan ana sing kudu ngreksa prabot-praboté upacara pangibadah. Kudu padha ngétung cacahé prabot-prabot mau samangsa ngetokaké lan nglebokaké.

29Sebagéan menèh kejaba ngreksa prabot-prabot sing kanggo upacara, uga kudu ngreksa cawisan glepung, anggur, lenga zaitun, menyan lan kembang borèh.

30Nanging sing nyampur adon-adonan mau kudu para imam dhéwé.

31Tukang gawé roti kanggo saosan kuwi wong Lèwi sing jenengé Matica, anaké mbarep Salum, saka gotrah Korah.

32Déné sing kudu nyedhiakaké roti sesajèn ing Pedalemané Allah pendhak dina Sabbat, para kulawargané kaum Kéhat.

33Wong Lèwi ana sebagéan sing olèh tugas menyanyi ana ing Pedalemané Allah. Kuwi para penggedhéné kulawarga sing manggon ing gedhong-gedhong ing Pedalemané Allah. Wong-wong mau ora duwé tugas liyané, merga nyambut-gawéné rina wengi.

34Kabèh wong sing kasebut ing ndhuwur mau para penggedhéné kulawarga-kulawarga taler Lèwi miturut sarasilahé. Kabèh padha manggon ing Yérusalèm.

35Yeièl kuwi sing ngedegaké kutha Gibéon, banjur iya manggon ing kono. Bojoné jenengé Maaka,

36lan anaké lanang sing mbarep jenengé Abdon. Anak-anaké lanang liya jenengé: Zur, Kis, Baal, Nèr, Nadab,

37Gedor, Ahio, Zakharia lan Miklot,

38bapakné Siméah. Anak-turuné padha manggon ing Yérusalèm bebarengan karo kulawarga-kulawarga liyané nunggal gotrah.

39Bapakné Raja Saul jenengé Kis lan bapakné Kis jenengé Nèr. Saul duwé anak lanang papat, yakuwi Yonatan, Malkisua, Abinadab, lan Èsybaal.

40Yonatan duwé anak lanang jenengé Méribaal, bapakné Mikha.

41Mikha duwé anak lanang papat: Piton, Mèlèkh, Tahréa lan Akhas.

42Anaké Akhas jenengé Yaéra. Yaéra duwé anak lanang telu: Alèmèt, Azmawèt lan Zimri. Anak-turuné Zimri yakuwi: Moza,

43Bina, Réfaya, Élasa lan Azèl.

44Azèl duwé anak lanang nem: Azrikam, Bokru, Ismaèl, Séarya. Obaja lan Hanan.



 <<  1 Tawarikh 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel