Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tesalonika 2 >> 

1Para sedulur, kowé dhéwé padha ngerti, yèn enggonku nekani kowé kuwi ora muspra.

2Kowé padha weruh enggonku wis padha dianiaya lan digawé sewenang-wenang ana ing kutha Filipi, yakuwi sadurungé aku nekani kowé ing kutha Tésalonika kéné. Éwasemono Gusti Allah maringi kekendelan marang aku supaya ngabaraké Injil sing pinangkané saka Gusti Allah piyambak marang kowé, senajan nalika semono akèh sing nglawan.

3Sing padha dakwartakaké marang kowé kuwi dudu penasaran utawa ngemu maksud sing ora bener. Aku uga padha ora arep ngapusi.

4Malah aku martakaké apa sing dikersakaké déning Gusti Allah, sebab Panjenengané wis nganggep aku pantes kapasrahan ngabaraké Injil, mulané aku padha ora arep ngénaki atiné manungsa, nanging ngarah gawé renaning penggalihé Gusti Allah, kang nètèr kejujuraning sedyaku.

5Kowé padha ngerti dhéwé, yèn enggonku nekani kowé padha ora nganggo tembung manis utawa tembung lamis, kanggo ngumpetaké watak srakah. Gusti Allah sing neksèni.

6Aku padha ora golèk alemmu dadia saka kowé utawa wong liyané. Senajan aku merga dadi rasulé Sang Kristus duwé wewenang kaya mengkono.

7Sarèhné dadi rasul-rasulé Sang Kristus aku padha wenang njaluk apa-apa marang kowé, nanging nalika aku ana ing tengahmu patrapku sarèh, kaya ibu marang anak-anaké.

8Merga saka tresnaku marang kowé, aku ora mung sumedya mènèhaké Injil sing saka Gusti Allah marang kowé waé, nanging malah tekan nyawaku pisan. Aku padha tresna banget marang kowé!

9Kowé mesthi iya kèlingan, para sedulur, bab enggonku padha nyambut-gawé ora ngétung kesel! Aku padha nyambut-gawé rina wengi, supaya aku padha ora ngrépoti kowé, sajroné aku padha ngabaraké Injilé Gusti Allah.

10Kelakuanku ana ing tengahmu resik, bener lan tanpa cacad. Kowé padha dadi seksi-seksiné, mengkono uga Gusti Allah.

11Kowé padha weruh tangkepku marang saben wong ing tengahmu, kaya bapak marang anak-anaké dhéwé.

12Kowé padha dakbombong, daklipur lan dakwanti-wanti, supaya uripmu padha gawé renaning penggalihé Gusti Allah, sing wis nimbali kowé ndhèrèk ana ing Kratoné Allah lan ngrasakaké kaluhurané.

13Kejaba kuwi ana sebab liyané menèh sing njalari aku tansah padha saos sukur marang Gusti Allah. Yakuwi enggonmu padha nampani Injilé Gusti Allah, sing dakwartakaké, padha koktampani ora kaya pawarta saka manungsa, nanging kaya pangandikané Gusti Allah piyambak. Lan kuwi pancèn iya kudu mengkono; sebab Gusti Allah makarya ana ing kowé, sing padha precaya marang Gusti Yésus Kristus.

14Para sedulurku, kowé padha ngalami prekara-prekara sing uga dialami déning para pasamuwané Gusti Allah sing ana ing tanah Yudéa. Kowé uga padha ngalami disiya-siya déning bangsamu dhéwé, kaya wong-wong Kristen ing tanah Yudéa enggoné disiya-siya déning wong Yahudi,

15sing nyédani Gusti Yésus, para nabi lan uga nguya-uya aku kabèh. Wong-wong mau banget enggoné padha natoni penggalihé Gusti Allah! Mengkono uga saben wong padha dimungsuh.

16Malah padha ngalang-alangi enggonku ngabaraké Injil sing bisa gawé slameté bangsa-bangsa kapir. Kuwi penggawéné dosa sing katog, sing tansah padha dilakoni déning wong-wong mau. Mulané saiki padha ketaman bebenduné Gusti Allah!

17Tumraping aku, para sedulur, bareng pisah sawetara mangsa karo kowé— pisah ora tumraping batin, mung tumraping badan !!— aku padha kangen karo kowé. Aku ngudi bisané ketemu karo kowé menèh!

18Aku padha kepéngin bali mrono. Aku, Paulus, ora mung lagi sepisan nyoba arep bali menyang enggonmu, nanging tansah dialang-alangi déning Iblis.

19Sebab iya mung kowé sing dadi kekudanganku, kabungahanku, lan sing gawé mongkoging atiku ana ing ngarsané Gusti Yésus, samasa Panjenengané rawuh.

20Satemené kowé sing padha gawé mongkog lan bungahing atiku!



 <<  1 Tesalonika 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel