Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tesalonika 4 >> 

1Wusana para sedulur, kepriyé patrapé urip sing gawé renaning penggalihé Gusti Allah, padha nirua lelakonku, iya kaya patrapé uripmu saiki iki. Lan banget penjalukku marang kowé ing asmané Gusti Yésus, padha nindakna kang luwih saka kuwi!

2Merga kowé padha ngerti piwulang sing dakwènèhaké marang kowé atas asmané Gusti Yésus.

3Iki sing dikersakaké déning Gusti Allah ing ngatasé kowé, yakuwi supaya kowé suci lan nyirik laku jina.

4Saben wong lanang padha ngepèka wong wadon siji dadi bojoné, lan uripa karo bojoné mau klawan suci lan manut angger-anggering kasusilan.

5Aja kaya wong-wong kapir sing ora wanuh karo Gusti Allah, sing lakuné padha nuruti derenging hawa-nepsu lan birahi.

6Ing bab iki aja ana wong sing nyalahaké utawa ngapusi seduluré. Kowé wis padha dakélingaké kanthi tandhes, yèn Gusti bakal ngukum wong-wong sing tumindaké kaya mengkono mau.

7Gusti Allah ora nimbali kita supaya padha laku rusuh, nanging kersané supaya kita padha urip klawan suci.

8Mulané sing sapa nampik piwulang iki, ora nampik manungsa, nanging nampik Gusti Allah piyambak, sing wis maringaké Rohé kang suci marang kowé.

9Aku ora prelu nulis layang marang kowé bab tresna marang para sedulur nunggal precaya. Kowé wis padha diwulang dhéwé déning Gusti Allah kepriyé patrapé enggonmu kudu tresna-tinresnan.

10Lan nyatané wis padha kokcakaké marang para sedulurmu ing satanah Makédonia kabèh. Éwadéné para sedulur, kowé padha dakprayogakaké supaya saya mempenga ing penggawému sing kaya mengkono mau.

11Padha ngudia urip klawan tentrem; ngurusana prekaramu dhéwé, lan ngupayaa rejekimu dhéwé, kaya sing dakkandhakaké biyèn.

12Srana patrap mengkono kowé bakal kajèn ana ing tengahé wong sing ora tunggal precaya. Lan menèh kowé iya banjur ora gumantung karo wong liya ing bab nyukupi kebutuhanmu.

13Para sedulur! Aku kepéngin supaya kowé padha ngerti temenan bab wong-wong sing wis padha mati, supaya atimu aja sedhih kaya wong-wong sing padha ora duwé pengarep-arep.

14Kita padha precaya yèn Gusti Yésus wis séda, sarta wis wungu menèh. Mengkono uga kita precaya, yèn wong-wong sing padha precaya marang Gusti Yésus, sing wis padha mati, bakal ditunggilaké déning Gusti Allah dadi siji karo Gusti Yésus.

15Piwulangé Gusti Yésus sing arep dakkandhakaké kuwi mengkéné: Ing dina rawuhé Gusti Yésus, kita sing isih padha urip iki ora bakal ndhisiki wong-wong sing wis padha mati.

16Mbésuk penggedhéné malaékat bakal nguwuh paring dhawuh, lan bakal ana swaraning kalasangkané Gusti Allah; banjur Gusti Yésus piyambak bakal tumedhak saka ing swarga. Wong-wong sing precaya marang Gusti Yésus lan wis padha mati, kuwi bakal katangèkaké dhisik.

17Nuli kita sing isih padha urip, bakal kaklumpukaké kabèh ana ing méga karo sing mentas padha katangèkaké mau, methukaké Gusti ana ing langit. Sebanjuré kita bakal nunggil karo Gusti ing selawas-lawasé.

18Mulané kowé siji lan sijiné padha nyantosakna precayamu srana pangandika iki.



 <<  1 Tesalonika 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel