Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tesalonika 5 >> 

1Para sedulur, ora ana preluné aku nulis marang kowé, bab mangsa lan wektu kelakoné prekara-prekara mau.

2Sebab kowé dhéwé wis padha ngerti kanthi cetha yèn Dina rawuhé Gusti kuwi tekané kaya maling ing wayah bengi.

3Samasa wong-wong padha muni: "Kabèh wis tentrem lan slamet," ing wektu kuwi wong-wong mau ditumpes dadakan! Wong-wong bakal ora bisa ngoncati babar-pisan, kaya déné wong wadon sing dadakan nglarani arep nglairaké anak.

4Nanging kowé, para sedulur, kowé padha ora ana ing pepeteng, lan Dina rawuhé Gusti bakal ora nekani kowé kaya patrapé maling.

5Kowé kabèh padha ana ing pepadhang, yakuwi ing wayah raina. Kita padha ora urip ana ing pepetenging wayah bengi.

6Mulané kita aja padha turu kaya wong-wong liyané. Kita kudu padha melèk lan sing waspada.

7Wong turu rak ing wayah bengi. Lan wong mendem enggoné mendem uga ing wayah bengi.

8Nanging kita iki padha urip ing wayah raina, mulané kudu padha éling. Padha nganggoa sandhangané perang, yakuwi precaya lan katresnan minangka keré, pengarep-arep bab keslametan minangka topong sirah, dadia gegaman kanggo nglawan pepeteng.

9Gusti Allah enggoné milih kita kuwi ora koksupaya kita katempuh ing bebenduné, nanging supaya kita padha olèh keslametan lantaran Gusti kita Yésus Kristus.

10Gusti Yésus séda kanggo kita, supaya mbésuk samasa Panjenengané rawuh, kita padha urip bebarengan karo Panjenengané, senajan ing dina rawuhé mau kita isih padha urip utawa wis padha mati.

11Mulané kowé padha éling-ingélingna lan padha tulung-tinulunga kaya sing koktindakaké saiki.

12Penjalukku marang kowé para sedulur, kowé padha ngajènana wong-wong sing padha nyambut-gawé ana ing tengahmu, yakuwi wong-wong sing padha katimbalan nuntun lan memulang marang kowé.

13Ajènana sing temenan lan tresnanana merga saka pegawéan sing padha ditindakaké. Padha sing rukun.

14Para sedulur, kowé padha dakweling supaya ngélingaké marang wong-wong sing kesèd nyambut-gawé. Wong sing cilik atiné padha bombongen; sing sèkèng padha tulungana, lan padha sing sabar.

15Aja ana sing males piala, nanging selawasé ngudia nindakaké kabecikan marang pepadhamu lan marang wong kabèh.

16Tansah padha bungaha,

17lan ndedongaa.

18Padha saosa sukur ing sadhéngah kaanan. Kaya mengkono kuwi sing dikersakaké déning Gusti Allah ana ing patunggilané Gusti Yésus.

19Aja padha nyegah pakaryaning Rohé Gusti Allah.

20Aja padha ngrèmèhaké pawarta-pawarta sing kaparingaké déning Sang Roh Suci.

21Samubarang titinen; sing becik enggonen.

22Padha ngedohana sarupaning piala.

23Muga-muga Gusti Allah sing maringi katentreman marang kita, nucèkaké kowé ing sasampurnané, sarta ngreksa sukma, nyawa lan badanmu supaya kalis saka sakèhing keluputan, mbésuk samasa Gusti kita Yésus Kristus rawuh.

24Gusti Allah sing nimbali kowé kuwi setya tuhu, mulané kabèh mau mesthi bakal kelakon.

25Para sedulur, aku kabèh padha dongakna!

26Salamku kang suci iki terusna marang para sedulur.

27Penjalukku, atas Asmané Gusti, layang iki wacakna marang para sedulur kabèh.

28Sih-rahmaté Gusti kita Yésus Kristus nunggila karo kowé kabèh. Saka aku wong telu, Paulus, Silas lan Timotius



 <<  1 Tesalonika 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel