Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Timotius 2 >> 

1Penjalukku sing dhisik dhéwé, yakuwi supaya pandonga, panyuwun lan pamuji sokur kasaosna marang Gusti Allah kanggo wong kabèh,

2kanggo para raja lan para penggedhé, supaya kita bisa urip klawan ayem lan tentrem, sajroné nindakaké pangibadah marang Allah lan tingkah laku sing bener.

3Iya mengkono mau sing becik lan gawé renaning penggalihé Gusti Allah, Juru Slamet kita.

4Awit Panjenengané ngersakaké supaya wong kabèh padha kaslametaké lan ngerti bab bebeneran sing sejati.

5Awit Gusti Allah kuwi siji lan iya siji sing ngrukunaké Gusti Allah karo manungsa, yaiku Kristus Yésus.

6Panjenengané sing ngurbanaké sarirané piyambak kanggo nebus manungsa kabèh. Kuwi buktiné yèn Gusti Allah ngersakaké supaya wong kabèh padha kaslametaké ing wektu sing wis katemtokaké.

7Lan iya kuwi sing njalari aku katimbalan dadi rasul (utusan) lan guruné para bangsa kapir, kadhawuhan martakaké pawarta bab precaya lan kayektèn. Aku ora goroh. Aku kandha sanyatané.

8Mulané aku kepéngin supaya ing ngendi waé wong lanang padha ndedonga klawan pasrah marang Gusti Allah, ora nganggo nepsu utawa bebantahan.

9Mengkono uga aku kepéngin supaya wong wadon padha presaja lan padha menganggo sing pantes. Aja nganggo tatanan rambut sing néka-néka, utawa nganggo rerenggan mas-masan, mutiara utawa sandhangan sing larang-larang.

10Nanging menganggoa rerenggan arupa penggawé becik, mengkono mau patrapé wong wadon sing ngabekti marang Gusti Allah.

11Wong wadon kudu sinau anteng lan andhap-asor.

12Aku ora nayogyani wong wadon memulang utawa ngwasani wong lanang; wong wadon kudu anteng.

13Sebab sing dititahaké dhisik Adam, banjur lagi Kawa.

14Lan iya dudu Adam sing kagodha, nanging wong wadon sing kena ing godha lan nerak angger-anggeré Gusti Allah.

15Éwadéné wong wadon bakal kaslametaké merga saka enggoné anak-anak, angger wong mau lestari enggoné ngantepi precayané, katresnané lan kasucèné klawan andhap-asor.



 <<  1 Timotius 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel