Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Timotius 3 >> 

1"Menawa ana wong sing kepéngin dadi panuntuné pasamuwan, kuwi ateges wong mau seneng nindakaké pegawéan sing utama banget." Kuwi bener!

2Mulané panuntuné pasamuwan mono kudu wong sing tanpa cacad, bojoné mung siji, bisa mekak pepénginané, wicaksana lan tata-krama; gelem awèh penginepan marang wong neneka; kudu pinter mulang,

3ora kena karem ngombé minuman keras, wong sing sarèh, sing sumèh lan sing senengé rerukunan. Ora mata dhuwiten;

4kudu bisa ngerèh brayaté dhéwé, lan nggulawenthah anaké nganti padha nurut lan ngurmati marang dhèwèké.

5Awit yèn wong ora bisa ngerèh brayaté dhéwé, kepriyé bisané ngemong pasamuwané Gusti Allah?

6Aja wong sing durung suwé olèhé mratobat, supaya aja dadi gumunggung, banjur kena ing paukuman kaya Iblis biyèn.

7Kudu wong sing kajèn ing sanjabané pasamuwan, supaya wong mau aja dirèmèhaké déning wong, banjur tiba ing kalaning Iblis.

8Para juru tetulunging pasamuwan iya kudu wong sing wataké becik lan sing jujur; ora kena wong sing seneng minuman keras utawa karem bandha.

9Wong-wong mau kudu ngandhemi piwulanging pasamuwan, manut prenatané Gusti Allah. Lan kudu dilakoni klawan ati sing resik.

10Wong-wong kuwi kudu ditètèr dhisik, lan yèn wis ketitik becik, lagi olèh miwiti pegawéané.

11Bojoné juru-tetulung mau iya kudu wong sing wataké becik, ora dhemen nyatur pialané wong liya; kudu mekak pepénginané lan jujur ing sedhéngah prekara.

12Juru-tetulung uga kudu wong sing bojoné siji lan bisa ngerèh anak-anaké lan brayaté dhéwé.

13Wong-wong sing enggoné leladi becik kuwi ana ing pasamuwan kajèn, temahan saya kendel enggoné nglairaké paseksi bab precayané marang Gusti Yésus Kristus.

14Layang iki daktulis kanggo kowé, senajan aku kepéngin énggal teka dhéwé lan ketemu karo kowé.

15Preluné saupama tekaku nganti kasèp, saka layang iki kowé wis bisa ngerti kepriyé kuduné tangkep kita ana ing brayaté Gusti Allah, yakuwi pasamuwan kagungané Gusti Allah kang sipat gesang. Pasamuwan kuwi dadi saka lan dadi dhasaré kabeneran.

16Kabèh wong ngakoni yèn pangibadah kita iki ngemu wewadi gedhé banget, cethané mengkéné: "Gusti Yésus ngetingal awujud manungsa, kaleresané sineksènan déning Sang Roh Suci, lan disumurupi déning malaékat. Panjenengané kawartakaké marang para bangsa, ditampa klawan precaya déning jagad lan wis sinengkakaké menyang swarga."



 <<  1 Timotius 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel