Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Timotius 5 >> 

1Wong sing luwih tuwa tinimbang kowé, aja koksrengeni, nanging wong mau anggepen bapakmu dhéwé lan ajaken rembugan. Para nonoman anggepen sedulur-sedulurmu,

2wong wadon sing luwih tuwa anggepen ibumu lan wong-wong wadon sing luwih enom anggepen adhimu, kanthi ati sing resik.

3Wong-wong wadon sing pancèn randha temenan padha ajènana.

4Nanging randha sing duwé anak lan putu, para anak lan putuné mau kudu koksinaoni nindakaké kuwajibané tumrap brayaté dhéwé ing bab pangibadah, lan kuwajiban males kabecikané wong tuwané lan mbah-mbahé. Sing mengkono mau gawé renaning penggalihé Gusti Allah.

5Nanging wong wadon sing pancèn randha temenan lan ora duwé wong sing ngrumati dhèwèké babar-pisan, kuwi sing diandelaké mung Gusti Allah piyambak. Rina wengi wong mau tansah ndedonga marang Gusti Allah nyuwun pitulungané.

6Nanging randha sing uripé mung golèk kasenengan kuwi satemenè wis mati, senajan wong mau isih urip.

7Randha-randha padha tuturana kaya kandhaku ing ngarep mau, supaya uripé tanpa cacad.

8Nanging menawa ana wong sing ora ngrumati seduluré, luwih-luwih brayaté dhéwé, wong mau nyélaki precayané lan luwih ala ketimbang karo wong kapir.

9Wong randha kena koklebokaké daftaré para randha yèn umuré wis sewidak taun, sing mung kawin sepisan,

10tur sing kondhang merga penggawéné becik; yakuwi sing wis nggedhèkaké anak-anaké kanthi becik, dhangan mènèhi penginepan marang wong neneka, andhap-asor, seneng tetulung marang wong kasusahan, lan nglakoni sakèhing pegawéan sing becik.

11Randha-randha sing isih enom, aja koklebokaké ing daftar mau, awit menawa wong-wong mau kepéngin omah-omah menèh, banjur padha nyingkur marang Sang Kristus,

12dadiné padha luput merga nyélaki lan ngungkiri janjiné sing sekawit marang Panjenengané.

13Wong-wong mau padha nanjakaké wektuné kanggo mlebu metu omahé wong tanpa nyambut-gawé apa-apa, malah luwih ala menèh, enggoné banjur nyatur wong lan nyampuri urusané wong liya, apa menèh nggunem prekara-prekara sing ora mesthiné digunem.

14Karepku supaya randha-randha sing isih enom kuwi padha omah-omaha waé, karebèn padha duwé anak lan ngurusi brayaté dhéwé; supaya aja dadi dhadhakané satru-satru kita padha ngala-ala marang kita.

15Awit ana randha-randha sing kesasar lan kèlu marang Iblis.

16Yèn ana wong Kristen duwé sedulur sing wis randha, kuwi kudu mbiyantu randha mau, supaya aja dadi momotané pasamuwan. Srana mengkono pasamuwan bisa ngopèni randha-randha sing ora duwé sedulur babar-pisan.

17Para pinituwa sing nyambut-gawé dadi panuntun-panuntun sing becik, kuwi kudu dianggep pantes nampani pituwas tikel, luwih-luwih sing nyambut-gawé sregep, kayata gawé khotah lan memulang.

18Awit ing Kitab Suci ana pangandika: "Sapi sing kanggo nggiling pari, cangkemé aja dibrangus," lan: "Wong sing nyambut-gawé, pantes nampani opahé".

19Yèn ana pandakwa marang sawijining pinituwa, aja kokladèni, kejaba yèn diajokaké nganggo seksi loro utawa telu.

20Wong sing nglakoni dosa padha welèhna ana ing ngarepé wong kabèh, supaya wong-wong liyané uga padha wedi.

21Kowé dakweling temenan ana ing ngarsané Gusti Allah lan Gusti Yésus Kristus, tuwin para malaékat suci: kandhaku mau lakonana tanpa nganggo sujana marang sapa waé. Sajroné nindakaké pegawéanmu, aja nganggo pilih kasih.

22Aja kesusu netepaké wong dadi peladèn ana ing pakaryané Gusti nganggo tumpangan tangan. Aja katut-katut ing dosané wong liya. Awakmu jaganen supaya tansah resik.

23Kowé aja mung ngombé banyu thok, nanging dokokana anggur sethithik kanggo mbiyantu wetengmu, supaya kowé ora bola-bali lara.

24Ana wong sawetara sing dosané katon cetha, senajan durung ditetepaké déning pengadilan. Nanging sawetara wong liyané ana sing dosané lagi ketitik mbésuk.

25Semono uga penggawé becik, kuwi gampang kasumurupan, malah senajan sing ora katon cetha pisan, meksa ora kena didhelikaké.



 <<  1 Timotius 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel