Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Timotius 6 >> 

1Para batur-tukon Kristen kudu padha ngajèni marang bendarané, supaya asmané Gusti Allah lan piwulang kita aja diala-ala déning wong.

2Para batur-tukoné wong Kristen aja ngrèmèhaké bendarané, awit padha-padha dadi wong Kristen, malah enggoné ngladèni bendarané mau kudu saya luwih becik, sebab bendarané sing diladèni mau iya wong precaya, sing wajib koktresnani. Prekara-prekara iki warahna lan wulangna.

3Sing sapa mulangaké pathokan-pathokaning precaya sing sulaya karo pangandikané Gusti kita Yésus Kristus, lan sulaya karo piwulangé pangibadah kita,

4kuwi wong sing gumedhé, sing rumangsané pinter, nanging luguné ora ngerti apa-apa. Wong kuwi kepatuh dhemen dhébatan lan èyèl-èyèlan prekara tembung lan kuwi nuwuhaké drengki, pasulayan, pitenah, sanggarunggi,

5lan regejegan sing ora uwis-uwis. Wong-wong kuwi padha keblinger, lan ora ngerti prekara sing bener. Pengirané pangibadah mono kanggo golèk kasugihan.

6Pangibadah kuwi pancèn marakaké wong dadi sugih, yakuwi samasa wong mau marem karo apa sing diduwèni.

7Awit apa ta sing kita gawa menyang ing donya iki? Lan apa sing arep kita gawa yèn kita ninggalké donya iki?

8Yèn mengkono kanggoné kita rak wis cukup samasa kita wis duwé sandhang lan pangan.

9Nanging sing sapa kepéngin dadi sugih, bakal kena ing panggodha, lan kepéncut marang prekara-prekara sing tanpa guna lan gawé cilaka, sing nyemplungaké manungsa ana ing juranging karusakan.

10Awit karem bandha kuwi uwiting sarupaning piala. Sebab saka enggoné mburu dhuwit ana wong sing padha nyimpang saka precayané lan wekasané nyiksa awaké dhéwé awujud kasusahan rupa-rupa.

11Nanging kowé sing dadi abdiné Gusti Allah, prekara-prekara sing mengkono kuwi kabèh singkirana. Ngudia supaya olèh kayektèn, kamursidan, precaya, katresnan, kesabaran lan alusing budi.

12Mlayua ngetog karosanmu ana ing pambalapaning iman, lan nggayuha marang urip langgeng. Sebab iya kanggo urip langgeng kuwi enggonmu katimbalan nalika kowé biyèn ngucapaké pangakumu kang becik bab precayamu ana ing ngarepé seksi-seksi akèh.

13Lan saiki ana ing ngarsané Gusti Allah, kang paring urip marang samubarang kabèh, lan uga ana ing ngarsané Sang Kristus Yésus, sing wis ngaku dhéwé ana ing ngarsané Gubernur Pontius Pilatus, kowé dakweling:

14Pituturku iki lakonana lan jaganen, supaya tetep murni tanpa cacad, nganti tekan Dinané Gusti Yésus Kristus rawuh.

15Rawuhé bakal kelakon ing wektu sing katetepaké déning Gusti Allah piyambak. Panjenengané dadi pangwasa tunggal lan kebak karahayon, Ratuné para ratu lan Gustiné para gusti.

16Mung Panjenengané piyambak kang asipat gesang, kang dumunung ana ing pepadhang kang ora kena dicedhaki déning wong. Ora ana wong sing tau lan bisa ndeleng Panjenengané. Panjenengané iku kasaosana pakurmatan lan pangwasa ing selawasé! Amin!

17Wong sing padha sugih bandha kadonyan, pituturana supaya aja gumunggung lan aja padha ngendelaké bandha sing ora tetep kaanané mau, nanging padha ngandela marang Gusti Allah, sing kanthi loma maringaké samubarang marang kita, supaya padha kita nikmati.

18Wong-wong sugih konen nindakaké kabecikan, supaya padha sugiha ing penggawé becik, padha dadia wong sing loma, lan gelem migunakaké barang darbèké bebarengan karo wong liya.

19Srana mengkono wong-wong kuwi bakal padha nyimpen kasugihan kanggo awaké dhéwé sing dadi dhasar kukuh ing tembé. Srana mengkono wong-wong mau bakal padha bisa nggayuh urip sejati.

20Timotius! Samubarang sing wis dipitayakaké marang kowé, rumatana sing becik. Singkirana gunem sing sebrana lan dhébatan sing tanpa teges mungguh prekara sing padha diarani "Ngèlmu".

21Awit ana wong sing anggepé wis nduwèni ngèlmu, satemah padha nyimpang saka dalaning precaya. Sih-rahmaté Gusti Allah nunggila karo kowé kabèh. Saka aku, Paulus



 <<  1 Timotius 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel