Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Yohanes 1 >> 

1Isiné layang iki magepokan karo Sang Sabda sing dadi sumbering urip, sing wis ana wiwit-wiwitan mula. Aku wis padha krungu lan wis padha nyipati dhéwé. Wis padha maspadakaké lan wis ndemèk dhéwé.

2Nalika Sang Sabda mau rawuh ing donya wujud manungsa, aku padha ndeleng Panjenengané. Mulané aku padha awèh paseksi bab Panjenengané lan martakaké bab urip sejati kang ana ing Sang Rama, sing uga wis kawedharaké marang aku kabèh.

3Apa sing wis padha dakdeleng lan dakrungu, dakwartakaké marang kowé kabèh, supaya kowé lan aku bisa bebarengan tetunggilan karo Sang Rama, lan Sang Putra Yésus Kristus.

4Kabèh mau daktulis ana ing kéné supaya kabungahan kita dadia sampurna.

5Déné pawarta sing wis dakrungu saka Sang Putra, lan sing wis dakwartakaké marang kowé kuwi mengkéné: Gusti Allah kuwi pepadhang lan ora ana pepetengé babar-pisan.

6Mulané yèn kita ngaku tetunggilan karo Panjenengané, mangka kita nglakoni dosa, kuwi kita padha goroh lan urip ana ing sajroning pepeteng.

7Nanging yèn kita ana ing pepadhang, kaya déné Panjenengané iya ana ing pepadhang, dadi enggon kita padha tetunggilan kuwi nyata, lan rahé Gusti Yésus, Sang Putra, nglebur sakèhing dosa kita.

8Yèn kita muni ora duwé dosa, kita padha ngapusi awak kita dhéwé lan nyatané ora mengkono; ateges Gusti Allah ora dedalem ing ati kita.

9Nanging menawa kita padha ngakoni dosa-dosa kita marang Gusti Allah, Panjenengané bakal netepi janjiné lan tumindak adil, temah bakal ngapura sakèhing dosa kita, sarta ngresiki sakèhing piala kita.

10Nanging yèn kita ngaku ora nglakoni dosa, dadi kita nganggep Panjenengané dora, lan ora precaya marang pangandikané.



 <<  1 Yohanes 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel