Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Yohanes 5 >> 

1Sok wonga sing precaya yèn Gusti Yésus kuwi Juru Slamet kaya janjiné Gusti Allah, wong mau dadi putrané Allah, lan sok wonga sing tresna marang Sang Rama kuwi uga tresna marang Putrané Sang Rama.

2Titikané yèn kita tresna marang para putrané Allah, yakuwi menawa kita tresna marang Gusti Allah lan nglakoni pepakoné kabèh.

3Awit tresna marang Allah kuwi tegesé netepi dhawuh-dhawuhé kabèh. Mangka dhawuh-dhawuhé mau tumraping kita ora abot,

4merga saben wong sing dadi putraning Allah kuwagang nelukaké donya. Enggon kita nelukaké donya mau merga precaya kita marang Gusti Yésus.

5Sapa ta sing bisa ngalahaké pialaning jagad, kejaba wong sing precaya, yèn Yésus Kristus kuwi Putraning Allah?

6Gusti Yésus Kristus rawuhé ing jagad mbaptis ngagem banyu lan rahé sarirané sing disédani. Ora mung banyu waé, nanging banyu lan rah. Rohé Allah piyambak neksèni yèn pancèn mengkono, awit Roh kuwi ora tau goroh.

7Dadi ana paseksi telu:

8Rohé Allah, banyu lan getih, telu-teluné paseksiné padha.

9Kita padha ngandel karo paseksiné manungsa, mangka paseksiné Gusti Allah luwih kuwat. Lan iya pancèn mengkono paseksiné Gusti Allah bab Putrané.

10Mulané wong sing precaya marang Putraning Allah, wis kaparingan paseksi mau ana ing batiné. Wong sing ora precaya marang Gusti Allah, kuwi nganggep yèn Panjenengané dora, awit ora ngandel karo paseksi sing wis kalairaké déning Gusti Allah ing ngatasé Sang Putra.

11Paseksiné Gusti Allah mau mengkéné: Allah wis maringi kita urip sejati sing sipaté langgeng, lan urip langgeng kuwi etuké ana ing Sang Putra.

12Sapa sing nduwèni Sang Putra, kuwi nduwèni urip sing sejati, yakuwi urip langgeng; lan wong sing ora nduwèni Sang Putra, iya ora nduwèni urip langgeng mau.

13Enggonku nulis prekara iki mau kabèh marang kowé, supaya kowé sing padha precaya marang Putraning Allah, padha ngertia, yèn kowé kabèh kuwi padha nduwèni urip langgeng.

14Lan kita klawan kendel wani sowan ana ing ngarsané Gusti Allah, merga Panjenengané nyembadani apa waé sing kita suwun, sing nyondhongi ing kersané.

15Sarèhné kita ngerti yèn Panjenengané nyembadani marang panyuwun kita bab apa waé, dadi kita uga ngerti yèn apa sing kita suwun mau wis diparingaké.

16Yèn kowé weruh sedulurmu wong precaya gawé dosa sing ora nekakaké pati langgeng, ndedongaa marang Gusti Allah, temah Panjenengané bakal maringi urip marang wong mau. Kuwi tumraping wong sing dosané ora nekakaké pati langgeng. Nanging iya ana dosa sing nekakaké pati langgeng; tumraping dosa kuwi aku ora akon ndongakaké marang Gusti Allah.

17Sakèhing piala kuwi dosa, nanging ana dosa sing ora nekakaké pati.

18Kita ngerti yèn wong sing wis dadi para putraning Allah kuwi ora nglakoni dosa, awit kaayoman déning Putraning Allah, temah ora bisa kagepok déning Iblis.

19Kita ngerti yèn asal kita iki saka ing Allah. Senajan sajagad kabèh kawengku déning Iblis.

20Nanging kita sumurup yèn Putraning Allah wis rawuh ing jagad. Panjenengané wis maringi pangerti marang kita, supaya kita wanuh marang Gusti Allah sing sejati. Urip kita iki tetunggilan karo Gusti Allah sing sejati mau ana ing Kang Putra Yésus Kristus, Panjenengané kuwi Allah sejati; iya Panjenengané kuwi urip sejati sing langgeng.

21Hé, anak-anakku! Padha ngedohana sakèhing brahala.



 <<  1 Yohanes 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel