Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Korintus 11 >> 

1Rak kena ta, aku sok mbodhoni!

2Aku tresna karo kowé kaya déné Gusti Allah piyambak iya tresna karo kowé. Kowé kuwi kaya prawan sing wis dakpacangaké karo sawijining priya, yakuwi Sang Kristus.

3Aku sumelang yèn pikiranmu wis kena ing panggodha lan kowé wis ninggal katresnanmu sing suci marang Sang Kristus, padha kaya Ibu Kawa sing kagodha, sing digorohi déning si ula.

4Awit kowé gelem nampani saben wong sing nekani kowé lan mulangaké bab Yésus liyané, béda karo Gusti Yésus, sing padha dakwulangaké. Kowé uga gelem nampa roh lan "injil," sing béda karo Roh lan Injil, sing koktampa saka aku!

5Manut panemuku, babar-pisan aku ora rumangsa kalah karo "rasul-rasul" sing kokanggep pinunjul mau!

6Bisa uga aku iki ora micara, nanging kuwi ora ateges yèn aku ora duwé kawruh. Kuwi wis saben-saben dakterangaké marang kowé.

7Apa salahku karo kowé merga aku tumindak andhap-asor, saking olèhku arep ngurmati kowé? Apa merga enggonku martakaké Injilé Allah marang kowé tanpa njaluk bayaran?

8Nalika aku martakaké Injil ana ing antaramu, aku diragadi déning pasamuwan-pasamuwan liya. Presasat aku iki meres pasamuwan-pasamuwan mau, supaya bisa mitulungi kowé.

9Lan selawasé aku ana ing antaramu, aku ora tau ngrusuhi kowé, ora njaluk dhuwit kanggo nyukupi butuhku. Sing nyukupi butuhku kabèh kuwi para sedulur sing padha teka saka Makédonia. Biyèn, mengkono uga saterusé aku ora arep gawé susahmu!

10Demi kayektèné Sang Kristus sing dakandhemi, aku mesthèkaké, yèn ora ana wong siji waé ing satanah Akhaya sing bisa mbantah sing dadi mongkoging atiku.

11Apa sebabé aku muni mengkono? Apa aku ora tresna marang kowé? Gusti Allah sing pirsa yèn aku tresna marang kowé!

12Apa sing wis daktindakaké, arep dakterusaké supaya "rasul-rasul" liyané ora duwé alesan kanggo gumunggung, kandha-kandha, yèn enggoné nyambut-gawé mau patrapé kaya aku kabèh.

13Wong-wong kuwi dudu rasul-rasul temenan, nanging rasul-rasul palsu. Wong-wong kuwi padha ngapusi lan réwa-réwa dadi rasulé Sang Kristus sing sejati.

14Kuwi ora nggumunaké! Iblis iya bisa méndha-méndha dadi malaékating pepadhang.

15Mulané ora anèh menawa batur-baturé Iblis uga méndha-méndha dadi abdining kayektèn. Nanging akiré wong-wong mau bakal nampa paukuman sing laras karo penggawéné.

16Dakambali sepisan menèh murih cethané: Aja ana wong sing duwé pengira yèn aku iki wong bodho. Nanging yèn kowé nganggep aku iki bodho, ya wis aku tampanana kaya déné wong bodho, supaya aku bisa gumunggung sethithik.

17Lan apa sing arep dakkandhakaké saiki, kuwi ora saka dhawuhé Gusti, nanging tembungku dhéwé, tembungé wong sing bodho.

18Kaya wong akèh padha ngegung-egungaké prekara kadonyan, aku uga arep mèlu-mèlu tumindak mengkono.

19Sarèhné kowé nganggep kowé dhéwé pinter, dadi kowé iya bisa nyabari wong-wong sing bodho!

20Kowé wis nyabari saben wong sing nindhes kowé, sing meres kowé, wong sing ngerèh kowé; wong sing ngina marang kowé; wong sing napuk pipimu.

21Kanthi isin, aku ngakoni, yèn ing bab mengkono kuwi aku rumangsa kalah karo kowé. Senajan mengkono, yèn ana wong sing wani ngegung-egungaké awaké dhéwé tumraping sawijining prekara, !!— kandhaku iki kaya déné ujaré wong bodho !!— aku iya wani tumindak mengkono.

22Apa wong-wong mau wong Ibrani? Aku iya wong Ibrani. Apa wong-wong kuwi wong Israèl? Aku uga wong Israèl! Apa wong-wong mau tedhak-turuné Rama Abraham? Aku uga tedhak-turuné Rama Abraham!

23Apa wong-wong kuwi abdiné Sang Kristus? Mbokmenawa kowé kaya ngrungokaké kandhané wong ora waras, nanging aku iki abdi sing luwih sregep tinimbang karo wong-wong kuwi kabèh! Nyambut-gawéku luwih keras. Aku luwih kerep dikunjara; aku luwih kerep digebugi; aku kerep mèh ngalami mati.

24Ping lima aku disiksa déning wong Yahudi, manut prenatan Yahudi, yakuwi nganggo dipecuti "ping patang puluh kurang siji".

25Ping telu aku digebugi wong-wong Rum; malah dibenturi watu sepisan. Aku ngalami kapalku kèrem ana ing segara nganti ping telu, lan sepisan ngalami kompal-kampul ana ing segara nganti patlikur jam suwéné.

26Lakuku kerep diancam déning bebaya banjir, déning bégal, déning wong-wong Yahudi lan déning wong-wong bangsa liyané. Aku iya kerep diancam déning bebaya ana ing kutha, ana ing pesamunan, ana ing segara, lan bebaya-bebaya saka wong-wong sing méndha-méndha sedulur.

27Aku kerep ngalami rekasa lan nyambut-gawé abot; kerep ora mangan, ora ngombé lan ora turu; kaliren, kapiran, ora duwé omah lan kadhemen merga ora duwé sandhangan.

28Tanpa nyebut prekara-prekara liyané, saben dina aku mikiraké bot-répoté pasamuwan-pasamuwan kabèh.

29Yèn ana wong sing sèkèng, aku mèlu ngrasakaké kasèkèngané. Yèn ana sing tumiba ing dosa, atiku mèlu remuk merga sedhih.

30Saupama aku dikudokaké gumunggung, aku bakal ngegung-egungaké prekara-prekara sing nuduhaké kaapesanku.

31Gusti Allah, Ramané Gusti Yésus, pirsa yèn aku ora goroh. Asmané kaluhurna ing selawasé.

32Nalika aku ana ing kutha Damsyik, gubernur ing kono, sing dibawahaké déning Sang Prabu Aretas, préntah marang tentarané supaya padha njaga gapura-gapurané kutha mau, arep nyekel aku.

33Nanging aku diudhunaké nganggo kranjang saka jendhéla ing témboké kutha mau. Mengkono dadiné aku oncat saka ing astané gubernur mau.



 <<  2 Korintus 11 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel