Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Korintus 8 >> 

1Para sedulur, karepku kowé padha ngertia bab pakaryaning sih-rahmaté Allah ana ing antarané pasamuwan-pasamuwan ing tanah Makédonia.

2Pasamuwan-pasamuwan mau wis ngalami pendadaran sing abot banget, srana nandhang kasusahan werna-werna. Senajan miskin, nanging sarèhné rumangsa olèh kabegjan sing gedhé, pasamuwan-pasamuwan mau enggoné dedana ora sethithik.

3Aku neksèni yèn wong-wong wis padha wèwèh manut kekuwatané, malah luwih saka kuwi, lan enggoné wèwèh mau klawan sukalila. Metu saka karepé dhéwé,

4enggoné wong-wong mau padha nggujeg marang aku supaya olèh mbiyantu umaté Allah, sing ana ing Yudéa.

5Kuwi kabèh ora saka karepku! Wiwitané, wong-wong mau padha masrahaké uripé marang Gusti, nuli saka kersané Allah banjur iya pasrah marang aku kabèh.

6Mulané aku wis ngatag-atag marang Titus, supaya nerusaké ayahané mau, sebab Titus kuwi sing mauné miwiti.

7Kowé padha becik banget ing bab precayamu, micaramu, kawruhmu, enggonmu dhemen awèh pitulungan, katresnanmu marang aku. Mulané tansah ngudia nindakaké pegawéan kawelasan.

8Aku ora netepaké prekara-prekara mau dadi prenatan. Nanging srana nuduhaké sepira enggoné wong-wong liyané padha sengkud awèh pambiyantu, aku kepéngin ngerti sepira enggonmu ngétokaké katresnanmu.

9Kowé rak wis padha ngerti bab sih-rahmaté Gusti kita Yésus Kristus, sing senajan sugih wis kersa dadi mlarat merga kowé, supaya srana kemlaratané mau kowé dadi sugih.

10Manut panemuku, beciké kowé saiki ngrampungna, apa sing wis kokwiwiti taun kepungkur. Pancèn kowé sing wis miwiti, malah gagasan nglumpukaké sumbangan kanggo wong mlarat iku asalé saka kowé.

11Mulané pegawéan kuwi terusna lan rampungna pisan klawan ngetog karosanmu. Padha disengkud enggonmu ngrampungaké, ora béda karo biyèn nalika kowé nyengkud gawé rancangan.

12Menawa enggonmu dhemen dedana klawan éklas, Gusti Allah bakal nampa pisungsungmu manut ukuraning kekuwatanmu sing sanyatané, ora nganggo wewaton sing ora nyata.

13(8:13-14) Niyatku ora kokarep ngènthèngaké sesanggané wong liya srana muwuhi momotanmu. Nanging sarèhné kowé saiki lagi kaparingan kalubèran, wis samesthiné yèn kowé mbiyantu sedulur-sedulurmu sing padha kekurangan. Mengkono uga saupama kowé kekurangan lan sedulur-sedulurmu mau padha kalubèran, wong-wong mau iya bakal awèh pambiyantu marang kowé. Srana mengkono karo-karoné padha ladèn-linadènan.

14(8:13)

15Kaya sing katulis ing Kitab Suci: "Wong sing nampa akèh, ora turah lan sing nampa sethithik, ora kekurangan."

16Aku padha saos sukur marang Gusti Allah, déné Titus padha karo aku kabèh, uga sengkud enggoné mbiyantu kowé.

17Ora mung merga saka penjalukku, nanging pancèn semono gedhéné tékadé olèhé arep mbiyantu, nganti metu saka karepé dhéwé, lunga menyang panggonanmu.

18Kejaba Titus aku uga padha kongkonan sedulur siji menèh sing diéringi banget ana ing pasamuwan-pasamuwan, merga saka pegawéané martakaké Injil.

19Lan ora mung kuwi waé! Wong mau uga kapilih lan ditetepaké déning pasamuwan-pasamuwan, supaya dadi kanthiku kabèh, sajroné nglakoni ayahanku iki. Aku padha arep nerusaké pisumbangmu, supaya Gusti Allah tansah kaluhuraké, lan kowé padha ngerti, yèn aku padha seneng tetulung.

20Enggonku padha nyekel dhuwit pisungsung kuwi klawan ngati-ati, supaya aja ana wong sing nyalahaké aku.

21Karepku, tumindak jujur, ora mung ana ing ngarsané Gusti, nanging uga ana ing ngarepé manungsa.

22Kejaba wong loro mau, aku uga padha kongkonan sedulur siji menèh, sing wis kerep daktètèr lan ketitik enggoné tansah sregep awèh pambiyantu, lan merga precaya karo kowé, saiki saya gedhé semangaté enggoné arep mbiyantu.

23Titus kuwi kancaku tunggal sapegawéan sing ngréwangi aku kanggo kowé. Déné sedulur-sedulur liyané sing arep mangkat bareng karo Titus, kuwi makili pasamuwan-pasamuwan, supaya asmané Sang Kristus kaluhuraké.

24Tuduhna sepira gedhéning katresnanmu marang sedulur-sedulur mau, supaya pasamuwan-pasamuwan kabèh padha sumurup yèn katresnanmu kuwi temenan, lan supaya padha ngerti yèn pengalemku marang kowé kuwi ana nyatané.



 <<  2 Korintus 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel