Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Korintus 9 >> 

1Satemené aku ora perlu nulisi kowé, bab dana sing lagi dikirimaké marang umaté Allah, sing ana ing tanah Yudéa.

2Awit aku ngerti yèn kowé padha seneng tetulung, lan aku wis nglairaké pengalemku tumraping kowé marang wong-wong ing Makédonia. Aku kandha karo wong-wong mau, yèn sedulur-sedulur ing Akhaya wis wiwit taun kepungkur padha awèh pitulungan. Lan kegiatanmu kuwi njalari wong akèh ing kana padha kegugah semangaté.

3Titus lan wong loro liyané mau saiki dakkon mréné supaya padha weruh yèn enggonku ngalem kowé kuwi ora goroh, mula supaya kowé padha gelema cecawis awèh pambiyantu kaya sing dakkandhakaké.

4Yèn ora mengkono, saiba isinku, menawa wong-wong Makédonia padha teka bareng karo aku, lan ketemu kowé durung padha cecawis. Sebab aku wis kewetu yèn kowé bisa dakandelaké. Mesthiné, kowé dhéwé rak ya padha mèlu isin!

5Mulané sedulur-sedulur mau dakkon ndhisiki lakuku, supaya padha nglumpukaké dana sing biyèn wis kokjanjèkaké. Mengko satekaku dana mau supaya wis cemawis. Supaya ketitika yèn enggonmu dedana klawan sukalila, lan ora merga kepeksa.

6Padha diéling, wong sing nyebar sethithik, ngundhuhé iya sethithik. Nanging wong sing nyebar akèh, ngundhuhé iya akèh.

7Saben wong mènèhana manut rilaning atiné, lan aja karo nggrundel utawa merga kepeksa. Sebab Gusti Allah ngasihi wong sing wèwèh kanthi sukalila.

8Gusti Allah kwaos maringi kowé luwih akèh ketimbang karo sing kokbutuhaké, supaya kowé dhéwé selawasé padha kecukupan, malah kepara turah, supaya kowé bisa dedana, nyokong sarupaning penggawé sing becik.

9Kaya pangandikaning Kitab Suci, sing surasané mengkéné: "Panjenengané maringi marang wong mlarat klawan loma, kabecikané langgeng ing selawas-lawasé."

10Gusti Allah sing nyawisaké wiji kanggo wong sing nyebar lan nyawisaké pangan kanggo kita, Panjenengané iya bakal maringi wiji secukupé marang kowé. Panjenengané sing bakal nukulaké wiji mau, sarta nikelaké wohé saka pisungsungmu.

11Gusti Allah bakal maringi kasugihan sing cukup marang kowé, supaya selawasé kowé bisa dedana kanthi loma. Merga danamu sing kokkirimaké lantaran aku mau, bakal akèh wong sing padha saos sukur marang Gusti Allah.

12Kabecikanmu ora mung nyukupi kebutuhané para umaté Allah (sing ana ing kutha Yérusalèm) waé, nanging uga bakal njalari wong akèh padha saos sukur marang Gusti Allah.

13Lan awit saka kabecikanmu mau, akèh wong sing bakal padha ngluhuraké asmané Allah merga kasetyanmu marang Injilé Sang Kristus sing padha kokandhemi, mengkono uga merga enggonmu ngedum-edum apa sing kokduwèni marang wong-wong mau, lan wong-wong liyané.

14Sedulur-sedulur mau bakal padha ndongakaké kowé klawan katresnan, merga sih-rahmaté Allah sing kaparingaké marang kowé klawan lubèr.

15Mulané asmané Allah kaluhurna merga sih-peparingé sing semono gedhéné.



 <<  2 Korintus 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel